Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 28 Kitab Sutji (JAV)

1. Wong duraka mlayu sanadyan ora ana kang ngoyak-oyak,nanging wong bener rumangsa tentrem kaya singa nom.

2. Marga saka anane pambrontakan ing sawijining nagara, akeh kang nyekel pangwasa,ewasamono marga saka anane wong kang mawa budi lan kadunungan kawruh, angger-angger tetep ana.

3. Wong mlarat kang nindhes wong sekeng,iku kaya udan deres, nanging ora ngolehake rejeki.

4. Para wong kang nyepelekake angger-angger, iku padha ngalem marang wong duraka,nanging kang netepi angger-angger padha nglawan marang wong kang mangkono iku.

5. Wong ala ora ngreti adil,nanging wong kang ngupaya marang Sang Yehuwah iku ngreti samubarang.

6. Becik wong miskin kang watake resik,tinimbang wong culika, sanadyana sugih.

7. Sapa kang netepi angger-angger iku anak kang pinter,nanging kang srawungan karo wong kang murka iku gawe isine bapakne.

8. Sing sapa ngundhakake barang-darbeke srana dibathekake lan dianakake,iku nglumpukake kanggo wong-wong kang melasi para wong sekeng.

9. Sing sapa ngenggokake kupinge emoh ngrungokake angger-angger,iku pandongane uga nistha.

10. Sing sapa nasarake wong jujur marang dalan kang ala,iku bakal kacemplung ing luwangane dhewe,nanging wong kang ora duwe cacad bakal oleh warisan kabegjan.

11. Wong sugih rumangsa pinter,nanging wong miskin kang mawa budi niteni wong sugih mau.

12. Samangsa wong bener menang, akeh kang ngalembana,nanging manawa wong duraka oleh pangwasa, akeh wong kang padha umpetan.

13. Sing sapa ndhelikake panerake ora bakal begja,nanging kang ngakoni lan ngunduri iku oleh sih-mirma.

14. Rahayu wong kang tansah wedi-asih marang Sang Yehuwah,nanging kang wangkot bakal tumiba ing bilai.

15. Kayadene singa kang nggero utawa bruwang kang nubruk,iya kaya mangkono iku wong duraka kang nguwasani bangsa kang apes.

16. Pemimpin kang cupet ing budi iku keras panindhese,nanging kang sengit marang bebathen kang ora absah iku dawa umure.

17. Wong kang nanggung getihe wong liya,iku bakal terus digawa lumayu tekan ing luwanging kubur.Aja kokeman!

18. Sing sapa lakune tanpa cacad, iku bakal kapitulungan,nanging kang plinthat-plinthut bakal tiba ing luwangan.

19. Wong kang ngolah lemahe bakal wareg rejeki,nanging kang ngoyak sabarang kang tanpa guna iku bakal wareg kamlaratan.

20. Wong kena dipracaya iku kaluberan berkah,nanging wong kang kepengin enggal sugih, ora bakal luput ing paukuman.

21. Mawang wong iku ora becik,ewadene ana wong kang nindakake panerak mung supaya oleh roti sairis.

22. Wong kang cethil ngarah enggal sugih,lan ora ngawruhi yen bakal ngalami kacingkrangan.

23. Sing sapa melehake marang wong, iku wekasane luwih disenengi,tinimbang kang duwe ilat kanggo ngonggrong.

24. Sing sapa ngrampas darbeke bapa utawa biyunge,mangka duwe pangira, manawa iku dudu panerak,wong iku dhewe dadi mitrane juru pangrusak.

25. Wong murka iku njalari grejegan,nanging sing sapa pracaya marang Pangeran Yehuwah iku nampani kaluberan.

26. Sing sapa ngandelake atine dhewe iku wong bodho,nanging wong kang lakune klawan kawicaksanan bakal slamet.

27. Sing sapa weweh marang wong miskin ora bakal kekurangan,nanging kang ngeremake mripate bakal kena ing ipat-ipat.