Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 49 Kitab Sutji (JAV)

Tumrap bani Amon

49:1-6

1. Tumrap bani Amon.Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Apa ora ana turune Israel,apa ora ana ahli warise?Kena apa Bathara Milkom ndarbeni Gad,lan bangsane ngenggoni kutha-kuthane?

2. Mulane, lah bakal tumeka ing titi-mangsane-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --Ingsun bakal damel ananesurak ramening paprangan,nglawan Raba kuthane bani Amon.Kutha iku bakal dadi punthuk kang garing,lan kutha-kutha wewengkone bakal padha diobongi,dene Israel bakal ngebeki wong-wong kang biyen ndarbeni iku-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

3. He Hesybon, nangisa, amarga si pangrusakwus mangsah nempuh,he para putri ing Raba,nganggoa sandhangan prihatin, prihatina,ngubengana kutha klawan tatuning belekan,amarga Milkom bakal katawan menyang ing pambuwanganbareng karo para imam lan para panggedhene.

4. He putri kang kumlungkung,sira kok ngegung-ngegungake lebak-lebakiralan ngendelake raja-brananira sarta ngucap:Sapa kang wani teka nempuh aku?

5. Lah, Ingsun ndhatengake pagiris marang sira,-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, --saka ing sakehing panggonan ing saubengiratemah sira padha pating jleritlumayu manut parane dhewe-dhewe,lan ora ana kang nglumpukake para wong kang pating blesar iku.

6. Nanging sawise mangkono Ingsun bakal mulihakekaanane bani Amon iku.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

Tumrap Edom

49:7-22

7. Tumrap Edom.Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi:“Apa wus ora ana kawicaksanan ing Teman?Pamrayogane para wong limpad ing budi apa wis ilang?Kawicaksanane apa wis musna?

8. He wong ing kutha Dedan, mlayua dikebat,ndhelika ing guwa-guwa!Amarga Ingsun bakal ndhatengake bilai marang Esaping samangsa Ingsun ngukum dheweke.

9. Yen juru ngundhuhi anggur nekani sira,bakal ora ngarekake turahaning pangundhuhe?Yen ana maling ing wayah bengi nekani sira,rak bakal ngrusak sasenenge?

10. Nanging Ingsun wus mblejedi Esap,ngeblakake papan-papan pandhelikanetemah ora bisa umpetan maneh.Turune wis tumpes, dene sadulur-sadulureapadene tangga-tangga bangsane wis ora ana maneh.

11. Tinggalen anak-anakira kang lola, bakal Sunuripi,cikben randha-randhanira kumandel marang Ingsun!”

12. Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sanadyan para wong kang ora pantes ngombe isining tuwung iku, kapeksa wis ngombe, apa iya sira bakal luwar saka ing paukuman? Sira ora bakal luwar saka ing paukuman, nanging mesthi ngombe!

13. Amarga Ingsun wus supaos, demi Ingsun piyambak, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, Bozra bakal dadi garing, ciri, jugrugan lan ipat-ipat lan sakehe kuthane bakal dadi jugrugan kang langgeng!”

14. Aku wus krungu warta saka Sang Yehuwah,sawijining utusan wus kadhawuhan menyang ing satengahing para bangsa:“Padha ngumpula, majua, nempuha,samektaa ing perang!

15. Amarga lah, Ingsun wus ndadekake sira asorana ing antarane para bangsa,diremehake ana ing antarane manungsa.

16. Trajangira kang nggegirisilan kumlungkunge atinira, ngloropake sira,iya sira kang ana ing guwa-guwa parang,lan kang ana ing dhuwur gunung!Sanadyan sira gawe susuhira ana ing papan kang dhuwur,kaya manuk garudha,Ingsun bakal mlorodake sira saka ing kono,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

17. Edom bakal dadi garing; saben wong kang ngliwati panggonan kono kaget semu gumun lan ngeses marga sakehing wewelake!

18. Kayadene nalika Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing saubenge diobrak-abrik -- pangandikane Sang Yehuwah -- ora ana wong siji-sijia kang manggon lan ora bakal ana manungsa siji bae kang dedunung ing kono.

19. Lah, kayadene singa kang jumedhul saka ing alas gegrumbulane bengawan Yarden, marani pasuketan panggonaning pepanthan wedhus, mangkono uga Ingsun bakal ndadekake wong iku dadakan padha lumayu saka ing nagara kono sarta matah ana ing kono sapa kang Sunpiji. Amarga sapa kang kaya Ingsun? Sapa kang wani ndakwa Ingsun? Pangon sing endi kang wani adu arep karo Ingsun?

20. Mulane rungokna kekancingane Sang Yehuwah tumrap Edom lan rantamane Pangeran tumrap wong ing Teman.Menawa kang cilik dhewe saka ing antaranepepanthan wedhus bakal diseret.Menawa pasuketane dhewe bakal ngrasa kagetsemu gumun marga saka kaanane iku.

21. Bumi bakal horeg marga saka swarane tibane;panjerite keprungu nganti tekan ing sagara Teberau.

22. Lah banjur mumbul mabur kaya manuk garudha,nglayang lan ngegarake swiwine ing dhuwure Bozra.Atine para prawiraning Edom ing dina ikubakal kaya atine wong wadon kang lagi nglarani.”

Tumrap Damsyik

49:23-27

23. Tumrap Damsyik.“Hamat lan Arpad padha wirang,amarga padha krungu warta kang ala;atine dheg-dhegan marga semplah,ora bisa tentrem.

24. Damsyik wis ora duwe krekat,mengo arep lumayu,kecandhak ing pagiris,karupekan lan krasa lara kaya wong wadonkang lagi nglarani,kaya wong wadon kang lagi nglairake.

25. Lah, kutha kang dadi pangalemanlan gambira iku wus ditinggal prung.

26. Mulane para nom-nomane bakal padha ambrukana ing alun-alunelan sakehing prajurite bakal padha ora cemuwit ing dina iku.-- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

27. Ingsun bakal ngurubake geni ana ing balowartine kutha Damsyiklan ngobong kratone Benhadad.”

Tumrap suku-suku bangsa Arab

49:28-33

28. Tumrap Kedar lan karajan-karajane Hazor, kang digecak kaesorake dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil.Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Samektaa, majua perang nglawan Kedar,para wong ing sisih wetan sirnakna!

29. Kemah-kemah lan pepanthaning wedhusekarayaha nganti gusis, dalah tendha-tendha lan sakehing pirantine.Unta-untane kabandhangana kabeh uga,lan padha kasurakana: Pageger saka keblat papat!

30. Lumayua, ngungsia dikebat, ndhelika ing guwa-guwa,he wong ing kutha Hazor! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --Amarga Nebukadnezar, ratu ing Babilwis gawe putusan tumrap sira kabehlan wus gawe rancangan tumrap sira.

31. Samektaa, majua perang nglawan bangsakang santosa uripe,kang manggon klawan ayem-tentrem,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --apadene kang ora duwe gapura utawa slaraksarta mencil pamanggone.

32. Unta-untane bakal dadi jarahanlan raja-kayane kang akeh cacahe iku dadi rayahan.Ingsun bakal mbuyarake marang keblat papatsakehing wong kang nyukur pucuking rambute mubenglan Ingsun bakal ndhatengake bilai tumrap marang para wong iku,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

33. Hazor bakal dadi pandhelikane asu ajag,dadi papan ngenthak-enthak ing salawas-lawase.Ora ana wong siji-sijia kang bakal manggon ing konolan ora ana manungsa siji bae kang bakal dedunung ana ing kono maneh.”

Tumrap Elam

49:34-39

34. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia tumrap Elam, ing nalika wiwit jumenenge Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda:

35. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi:“Lah Ingsun mutung gandhewane Elam,yaiku bakune kakuwatane.

36. Ingsun ndhatengake marang Elam angin papat saka keblat papat lan bakal mbuyarake wong-wong iku marang keblat papat, temah ora ana bangsa siji-sijia kang ora ketekan wong Elam kang pating blesar mau.

37. Ingsun ndadekake girise Elam ana ing ngareping mungsuhelan ing ngarepe para wong kang ngarah nyawane,Ingsun bakal ndhatengake bilai marang Elam,yaiku dedukaningSun kang mulad-mulad,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --Ingsun bakal ngutus pedhang mburu wong-wong maunganti Sunsirnakake kabeh.

38. Ingsun bakal ngadegake dhamparingSun ana ing Elam,lan Ingsun bakal nyirnakake para raja lan para panggedhe ing kono-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

39. Nanging besuk Ingsun bakal mulihake kaanane Elam. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”