Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 2 Kitab Sutji (JAV)

Israel ninggal Sang Yehuwah

2:1-37

1. Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “Mangkata ngandhanana wong saisining Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Ingsun kengetan marang katresnanira ing wektu nom-nomanira,marang katresnanira nalika sira dadi temanten,anggonira ngetutwuri Ingsun ana ing ara-ara samun,ing tanah kang ora ana tetuwuhane.

3. Ing nalika samana Israel dadi sesengkerane Sang Yehuwah,minangka woh kawitan saka panenane.Sakehe wong kang mangan mesthi kaluputan,tinempuh ing bilai,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

4. He tedhak turune Yakub, rungokna pangandikane Sang Yehuwah,he sakehe kulawargane tedhak turune Israel.

5. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Para leluhurira ngalami kaculikan apa saka Ingsundene padha ngedohi Ingsun,lan banjur ngetutwuri dewa kang tanpa paedahtemah padha ora oleh apa-apa?

6. Sarta kok padha ora takon maneh: Ana ing ngendi Sang Yehuwah,kang ngirid kita metu saka ing tanah Mesir;kang nganthi kita ana ing ara-ara samun,ing tanah kang cengkar lan legak-legok,ing tanah kang luwih dening garing lan peteng,ing tanah kang ora diambah ing wonglan ora didunungi ing manungsa?

7. Sira wus Sunirid menyang ing tanah kang loh,supaya ngrasakna wohe lan sapametune kabehkang becik saka ing kono.Nanging bareng sira wus lumebu ing tanahingSun,iku sira najisake,tanah kagunganingSun sira dadekake jejember.

8. Para imam ora takon maneh:Sang Yehuwah ana ing ngendi?Para wong kang nyekel angger-angger wus ora wanuh marang Ingsun maneh,lan para pangon padha nyingkur Ingsun.Para nabi padha memeca demi Baal,padha ngetutwuri marang kang tanpa guna.

9. Mulane Ingsun bakal prakaran maneh kalawan sira kabeh,lan karo anak putunira Ingsun bakal prakaran,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

10. Nyabranga bae menyang ing tanah pesisire wong Kitim lan sawangen;kongkonana wong menyang ing Kedar lan gatekna temenan!Setitekna apa ana kang kelakon kaya mangkene iki!

11. Apa ana bangsa kang ngijolake allahe,sanadyan iku satemene dudu allah?Nanging umatingSun padha ngijolake Kaluhuranekaro kang ora ana gunane.

12. He langit, kaebatana marga saka kang kaya mangkono iku,ndhredhega lan gumetera kang luwih banget,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

13. Amarga umatingSun nglakoni dosa kaping pindho:padha nyingkur Ingsun,kang dadi tuking banyu urip,nedya ndhudhuk blumbang kanggo awake dhewe,yaiku blumbang kang borot, kang ora bisa madhahi banyu.

14. Israel iku batur tukon, apa anaking batur?Geneya kok dadi jarahan?

15. Singa nom padha nggero marang bangsa iku,kalawan swara kang dumeling,tanahe didadekake cengkar,kutha-kuthane diobongi, ora dienggoni maneh.

16. Dalasan para wong ing Memfis lan Takhpanhespadha nggundhuli pathaking sirahira.

17. Rak sira dhewe kang njalari sira ketamankang kaya mangkono iku,amarga sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira,nalika Panjenengane ngirid sira ana ing dedalan?

18. Lah saiki, apa oleh-olehanira anggonira lunga menyang ing Mesir,apa arep ngombe banyune bengawan Nil?Lan apa bathinira anggonira lunga menyang ing Asyur,apa arep ngombe banyune bengawan Efrat?

19. Pialanira bakal ngrangket sira,lan pamurtadira bakal nyiksa sira!Wruhanira lan waspadakna, sapira ala lan perihesira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira iku;sarta ora gumeter wedi marang Ingsun,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.

20. Amarga wiwit biyen mula anggonira mutungi pasanganiralan medhoti talining cancanganira,sarta kandha: Aku emoh ngawula maneh.Malah ana ing saben tetengger kang munggul,lan ana ing sangisoring wit kang ngrembuyung,sira teturon lan laku jina.

21. Ewadene sira Suntuwuhake dadi wit anggur pilihan,lan dadi wiji kang murni satuhu.Yagene ta, dene sira kok malih dadi wit kang mambu penguk,dadi wit anggur alasan!

22. Malah, sanadyan sira adusa ing banyu landhalan nganggo sabun akeh,ewadene blentonging kaluputanira ora ilangana ing paningalingSun,mangkono pangandikane Gusti Allah.

23. Kapriye dene sira kok wani ngucap: Aku ora tau najisake awakku,aku ora tau ngetutwuri para Baal?Delengen tindak-tandukira ana ing lebak,kawruhana apa kang wus sira lakoni;he, unta wadon kang cancingan lan mloya-mlayu mrana-mrene,

24. kang mbedhal mlayu menyang ing ara-ara samun,amarga kepengin ngisis!Sapa kang bisa ngampah anggone kasmaran?Kabeh kang nggoleki dheweke, ora prelu rekasa,bakal padha ketemu ing mangsa jejodhoan.

25. Jaganen, supaya sikilira aja nganti ora nganggo trumpah,lan gorokanira aja nganti kasatan!Nanging sira ngucap: Tanpa gina! Tanpa gina!Amargi kawula remen dhateng tiyang-tiyang ngamanca,mila kawula badhe ngetutwingking tiyang-tiyang punika.

26. Kayadene wiranging maling kang konangan,mangkono anggone turune Israel kawirangan,yaiku para ratune, panggedhene, para imame lan nabine,

27. kang celathu marang kayu satengkel:Panjenengan punika bapak kula!lan marang watu: Panjenengan punika ingkang nglairaken kula!Sanyata, padha nyingkur marang Ingsun temenanlan ora ngadhepake raine marang Ingsun,nanging baereng katempuh ing bebaya, nuli matur:Paduka mugi karsaa mitulungi kawula!

28. Ana ngendi para allahira, kang sira gawe kanggo awakira dhewe iku?Cikben padha tangi, yen bisa mitulungi sira,ing wektu sira nemu bilai.He Yehuda, marga kayadene kehing kuthanira,iya samono iku uga kehing allahira!

29. Apa prelune sira arep bebantahan kalawan Ingsun?Sira kabeh wus padha nyidrani Ingsun,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

30. Tanpa guna anggoningSun nggebagi anak-anakira,pamerdi ora digapepedhangira dhewe wus mangsa para nabinira nganti entek,kaya singa nom kang nyenyempal.

31. Sira iku tedhak turune sapa?Gatekna dhawuh pangandikane Sang Yehuwah!Apa Ingsun wus dadi ara-ara samun tumrap Israelutawa tanah kang peteng ndhedhet?Yagene umatingSun kok ngucap: Kawula sampun mardika,kawula sami boten purun sowan malih dhateng ing ngarsa Paduka?

32. Prawan apa bisa lali marang rerenggane,utawa penganten wadon marang udhete?Nanging umatingSun lali marang Ingsunwiwit ing wektu kang ora kena kaetung lawase.

33. Apik temen anggonira nata dalanirakanggo ngupaya katresnan!Mulane sira wus kepatuh nglakoni piala.

34. Nganti getihe para wong miskin kang ora salah tinemuana ing jubahira!ora nalika padha mbabah arep maling anggone padha sira konangi!Sanadyan kabeh iku mangkono,

35. ewadene sira ngucap: Aku ora gawe dosa!Pancen bebendune wus sumingkir saka aku!Lah, Ingsun arep ngajokake sira menyang ing pangadilan,awitdene sira ngucap: Aku ora gawe dosa!

36. Entheng temen panganggepiraing bab ngowahi tindak-tandukira iku!Sira bakal kisinan uga marga saka Mesir,kayadene sira nandhang wirang marga saka Asyur.

37. Saka ing kana uga sira bakal metukaro ngangkat tanganira,amarga Sang Yehuwah wus nampik para kang sira andelake,lan sira ora bakal oleh gawe karo para wong iku.”