Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 1 Kitab Sutji (JAV)

Bebuka

1:1-3

1. Iki pangandikane Nabi Yeremia bin Hilkia, tedhak turune para imam ing Anatot ing tanah Benyamin.

2. Nalika jamane Sang Prabu Yosia bin Amon, ratu ing Yehuda, ing taun kang kaping telulase anggone ngasta paprentahan, ana pangandikane Sang Yehuwah, kang kadhawuhake marang Nabi Yeremia.

3. Pangandikane iku uga kadhawuhake nalika jamane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia ratu ing Yehuda, nganti tumeka ing wekasane taun kang kaping sawelase jumenenge Sang Prabu Zedhekia bin Yosia ratu ing Yehuda, nganti tumeka para wong kang manggon ing Yerusalem padha kaangkatake menyang ing pambuwangan, ing sajroning sasi kalima.

Nabi Yeremia katimbalan lan diutus

1:4-19

4. Pangandikane Pangeran Yehuwah kadhawuhake marang aku, mangkene:

5. “Sadurunge Ingsun nggatra sira ana ing guwa-garbane biyungira, Ingsun wus nguningani sira,lan sadurunge sira metu saka ing wetengan, Ingsun wus nyengker sira,Ingsun wus netepake sira dadi nabine sakehing bangsa.”

6. Dene unjuk wangsulanku: “Dhuh Pangeran Yehuwah! Sajatosipun kawula punika boten saged wicanten, awit kawula taksih nem.”

7. Ewadene Sang Yehuwah ngandika marang aku:“Sira aja matur: Kawula punika taksih enem,nanging menyanga enggone sapa bae sira Sunutus, sira kudu mangkat,lan apaa bae kang Sundhawuhake marang sira, kudu sira tekakake.

8. Aja sira wedi marang wong-wong iku,amarga Ingsun nganthi sira supaya ngluwari sira,mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.”

9. Sang Yehuwah tumuli mulung astane lan ndumuk cangkemku; Sang Yehuwah ngandika marang aku:“Lah Ingsun maringake dhawuhingSun ana ing cangkemira.

10. Wruhanira, ing dina iki Ingsun njujung sira dadi ana ing sadhuwuring bangsa-bangsa lan karajan-karajan,supaya mbedhol lan ngrubuhake, ngrusak lan nggempuri,apadene mbangun lan nandur.”

11. Sawise iku ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “He Yeremia, apa sing sira deleng?” Unjukku: “Kawula ningali wit saked.”

12. Pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Bener pandelengira, amarga Ingsun wus arep nindakake dhawuh pangandikaningSun.”

13. Dhawuh pangandikane Sang Yehuwah kang kapindhone marang aku: “Apa kang sira deleng?” Atur wangsulanku: “Kawula ningali kendhil ingkang umob, dhatengipun saking sisih ler.”

14. Sang Yehuwah nuli ngandika marang aku:“Saka ing sisih lor bakal ana bilaikang ngamuk nempuh sakehing wong kang manggon ing nagara kene.

15. Awit lah Ingsun nimbali sakehing gotrahing karajan ing sisih lor,mangkono pangandikane Sang Yehuwah,lan wong-wong iku bakal padha ngedegake dhamparing kratone dhewe-dheweana ing sangareping gapurane Yerusalem,ing sacedhaking balowarti ing sakubengelan ing sacedhake sakehing kuthane Yehuda.

16. Ingsun bakal banjur ndhawahake paukumaningSun marang wong-wong iku,awit saka sakehing pialane,amarga wus padha nyingkur Ingsun,klawan aweh kurban marang allah liyane,lan sujud nyembah marang gaweaning tangane dhewe.

17. Nanging sira iki, becik samektaa,ngadega lan tekakna marang wong-wong iku,kabeh kang Sundhawuhake marang sira.Aja wedi ana ing ngarepe wong-wong iku,supaya Ingsun aja ndadekake wedimu ana ing ngarepe wong-wong iku.

18. Mungguh Ingsun, lah ing dina ikisira Sundadekake beteng kang santosa,saka guru wesi lan balowarti tembaga,nglawan sawarataning nagara iki,nglawan para raja ing Yehuda lan para panggedhene,para imame sarta rakyate nagara iki.

19. Wong-wong iku bakal padha merangi sira,nanging sira ora bakal kalah,amarga Ingsun nganthi sira,supaya ngluwari sira,mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.”