Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 3 Kitab Sutji (JAV)

Pamratobat marang Sang Yehuwah

3:1-5

1. Pangandikane:“Manawa ana wong megat rabine,wong wadon mau banjur lunga ninggal dhewekelan dadi rabine wong liya,apa iya bojone kang dhisikmau mbaleni wong wadon iku?Nagara iku rak wus tetep najis?Sira wus laku jina karo bedhangan akehlan nedya ngulihi Ingsun? -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

2. Tumengaa marang tengger-tengger kang mblindhis lan sawangen!Ana ing ngendi sira ora tau diajak sapaturon?Ana ing pinggir ratan-ratan sira lungguh ngadhang bedhangan,kaya wong Arab ana ing ara-ara samun.Sira wus najisake nagara kalawan anggonira laku jinalan kalawan pialanira.

3. Mulane deresing udan cinegahlan udan kiriman ora tumiba.Nanging bathukira iku bathuke wong wadon tuna-susila,sira ora idhep isin.

4. Lagi bae sira rak nyebut Ingsun: Rama kawula!Paduka punika mitra kawula wiwit alit mila!

5. Panjenengane rak ora bakal duka salawaseutawa ngincim-incim aku ing salawase?Mangkono ucapira, ewadene ing sabisa-bisa siranindakake piala.”

Israel lan Yehuda diajak bali marang Sang Yehuwah

3:6-13

6. Sang Yehuwah ngandika marang aku, nalika jumenenge Sang Prabu Yosia: “Apa sira wus nyipati apa kang dilakoni Israel, wong wadon murtad iku, kang munggah menyang ing angger gunung kang munggul lan menyang ing sangisore saben wit kang nggrembel, nuli laku jina ana ing kono?

7. PanggalihingSun: Sawise nglakoni iku mau kabeh, bakal ngulihi Ingsun, nanging ora bali. Prakara iku disumurupi Yehuda, sadulure wadon kang ora setya.

8. Disumurupi, manawa marga saka anggone laku jina Ingsun wus megat Israel, kang murtad iku lan Sunparingi layang pegat; sanadyan mangkono Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora wedi, nanging malah uga banjur laku jina.

9. Anggone laku jina kang marga saka sembranane iku njalari nagara dadi najis, malah banjur bebedhangan kalawan nyembah watu lan kayu.

10. Uga kalawan tumindake kabeh kang mangkono iku Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora mbaleni Ingsun kanthi gumolonging atine, nanging mung lelamisan, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

11. Lan Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Israel, wong wadon murtad iku satemene luwih jujur tinimbang Yehuda, wong wadon kang ora setya iku.

12. Sira lungaa mangalor lan nguwuh-uwuha mangkene:He Israel, wong wadon kang murtad, muliha!-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --WedananingSun ora bakal rengu marang sira,amarga Ingsun iki ambek sihmirma-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah,ora bakal mbendoni ing salawase.

13. Mung bae sira ngakonana dosanira,manawa sira wus cidra marang Sang Yehuwah, Gusti Allahira,lan wus ngesokake katresnaniramarang para wong ngamanca ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel,lan ora nilingake suwaraningSun!,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

Umat kang bakal teka ing Sion

3:14--4:4

14. He bocah-bocah kang padha murtad, muliha, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- amarga Ingsun iku gustinira! Ingsun bakal mundhut sira saka angger kutha wong siji, saka saben kulawarga wong loro lan bakal ngirid sira menyang ing Sion.

15. Ingsun bakal milih pangon-pangon kang cocog karo panggalihingSun kang bakal ngengon sira kabeh kanthi kawruh lan pangreten.

16. Manawa ing nalika iku sira tangkar-tumangkar dadi akeh lan padha bebranahan ana ing tanah kene, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- pethining prajanjiane Sang Yehuwah ora bakal diucapake maneh. Prakara iku ora bakal tuwuh ana ing sajroning ati maneh lan wus ora bakal dieling-eling dening wong maneh; wong wus ora ngupaya lan yasa maneh.

17. Ing wektu iku Yerusalem bakal sinebut dhampare Sang Yehuwah, lan sakehing bangsa bakal padha nglumpuk ana ing kono, demi asmane Sang Yehuwah, ana ing Yerusalem, lan bakal padha ora tumindak manut atine kang ala.

18. Ing wektu iku tedhak turune Yehuda bakal marani turune Israel, lan bakal padha teka bebarengan saka ing nagara lor menyang ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhurira minangka tanah pusakane.

19. Maune Ingsun kagungan panggalih:“Satemene Ingsun arsa mrenahake sira ana ing tengah-tengahing para putraningSunlan maringi sira tanah kang endah,tanah pusaka kang endah dhewe saka para bangsa.PanggalihingSun: sira bakal nyebut Ingsun: Rama kawula,lan ora bakal ninggal marang Ingsun.

20. Nanging sajatine sira padha ora setya marang Ingsunkaya wong wadon kang ora setya marang rowange,mangkono uga sira padha ora setya marang Ingsun,he turune Israel, --mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

21. Rungokna! Ing tengger-tengger kang gundhulkeprungu tangis pasambate anak-anake Israel,amarga padha milih dalan kang nasar,lan wus padha lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe.

22. He bocah-bocah kang murtad, padha balia,Ingsun bakal marekake pamurtadira.”“Lah punika kawula, kawula sami sowan ing ngarsa Paduka,amargi Paduka punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula.

23. Sanyatane tengger-tengger pangurbanan iku mung apus-apus,yaiku kramean ing tengger-tengger iku!Sanyatane, mung Sang Yehuwah, Gusti Allah kita,kang ngasta kaslametane Israel.

24. Nanging brahala kang mirangake iku nguntalsakehing rekasane para leluhur kita wiwit nom-noman kita;wedhuse lan wedhus-gembele, sarta sapi-sapine,para anak-anake lanang lan wadon.