Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 24 Kitab Sutji (JAV)

Wahyu bab kranjang loro isi woh anjir

24:1-10

1. Delengen, Sang Yehuwah nedahake kranjang loro isi woh anjir, ana ing ngarepe padalemane Sang Yehuwah. Kalakone prakara iku sawuse Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil ngangkut Sang Prabu Yekhonya bin Yoyakim, ratu ing Yehuda dalah para panggedhene Yehuda, para tukang lan pandhe saka ing Yerusalem, digawa menyang ing pambuwangan ing tanah Babil.

2. Kranjang kang siji isi woh anjir kang becik banget, empere kaya woh anjir kang mateng kawitan; kranjang sijine isi woh anjir kang elek banget, nganti ora kena dipangan marga saka eleke.

3. Aku banjur dipangandikani dening Sang Yehuwah: “He Yeremia, apa kang sira deleng?” Unjuk wangsulanku: “Kawula ningali woh anjir! Ingkang sae punika sanget saenipun, saha woh anjir ingkang awon ingkang boten kenging katedha margi saking awonipun.”

4. Ing kono pangandikane Sang Yehuwah marang aku:

5. “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Kayadene woh anjir kang becik iku iya kaya mangkono anggoningSun bakal nggalih marang wong Yehuda kang Sunbekta saka ing panggonan iki menyang ing tanah pambuwangan, tanahe para wong Kasdim murih becike.

6. Ingsun bakal mirsani para wong iku murih becike, lan Sunulihake menyang ing nagara kene maneh: bakal Sunbangun, ora Sunbubrah; Suntanem, ora Sunbedholi.

7. Bakal Sunparingi ati kang wanuh marang Ingsun, yaiku manawa Ingsun iku Yehuwah. Wong iku bakal padha dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahe, amarga bakal padha mratobat marang Ingsun kanthi gumolonging atine.

8. Nanging kayadene woh anjir kang elek kang marga saka eleke nganti ora kena dipangan iku -- pangandikane Sang Yehuwah mangkene: -- Iya kaya mangkono anggoningSun bakal tumindak ing ngatase Zedhekia, ratu ing Yehuda, dalah para panggedhene, sarta kekarene wong ing Yerusalem, kang isih ana ing nagara kene apadene para wong kang manggon ana ing nagara Mesir.

9. Ingsun bakal damel para wong iku dadi pangewan-ewan tumrap sakehing krajan ing bumi, dadi cacadan lan pocapan, dadi poyokan lan ipat-ipat ana ing sakehing panggonan, anggoningSun mbuyarake.

10. Sarta Ingsun bakal ndhatengake perang, pailan lan pageblug marang wong-wong iku, nganti padha kasirnakake babar pisan saka ing tanah peparingingSun marang wong-wong iku lan marang para leluhure.”