Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 26 Kitab Sutji (JAV)

Nabi Yeremia arep disedani, amarga meca rusake Padaleman Suci

26:1-24

1. Nalika wiwit jumenenge Sang Prabu Yoyakim putrane Sang Prabu Yosia, ratu ing Yehuda, ana pangandikane Sang Yehuwah, mangkene:

2. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sira ngadega ana ing plataraning padalemane Sang Yehuwah, ana ing kono para wong ing sakehe kutha ing Yehuda, kang arep munggah sembahyang ana ing padalemane Sang Yehuwah, padha sira pratelanana sakehing pangandikaningSun marang sira, tumrap wong iku. Aja sira kurangi satembung bae!

3. Bokmanawa padha gelem ngrungokake lan sawiji-wijine padha gelem ninggal panggawene kang ala, satemah Ingsun getun ing bab kasangsaran, kang Sunrancang tumrap wong-wong mau marga saka sakehing panggawene kang ala.

4. Dadine padha sira kandhanana mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Manawa sira padha ora ngrungokake marang Ingsun sarta ora miturut marang angger-anggeringSun, kang wus Sundhawuhake ana ing ngarepira,

5. lan ora gelem ngrungokake tembunge para abdiningSun, para nabi, kang tansah Sunutus marani sira, -- nanging sira lumuh ngrungokake --

6. temah Ingsun bakal ndadekake omah iki kaya Silo, lan kutha iki dadi ipat-ipat tumrap sakehing bangsa ing salumahing bumi.”

7. Para imam, para nabi lan sakehe rakyat padha krungu anggone Nabi Yeremia ndhawuhake pangandika iku ana ing padalemane Sang Yehuwah.

8. Sawuse Nabi Yeremia rampung anggone nglantarake kabeh kang diprentahake dening Sang Yehuwah kang supaya didhawuhake marang rakyat kabeh iku, para imam, para nabi lan rakyat kabeh banjur padha nyekel Nabi Yeremia, kalawan pangucape: “Kowe kudu mati!

9. Yagene kowe meca demi asmane Sang Yehuwah, kalawan kandhamu: Omah iki bakal padha kaya Silo lan kutha iki bakal dadi jugrugan, temah ora ana kang manggon ing kono maneh?” Lah rakyat kabeh nuli padha nglumpuk ngrubung Nabi Yeremia ana ing padalemane Sang Yehuwah.

10. Bareng para panggedhene Yehuda padha krungu prakara iku, banjur padha mangkat saka ing kraton menyang ing padalemane Sang Yehuwah sarta lenggah ana ing gapura anyar ing padalemane Sang Yehuwah.

11. Para imam lan para nabi nuli padha pratela marang para panggedhe lan rakyat kabeh, tembunge: “Tiyang punika kedah kapatrapan paukuman pejah, amargi meca bab kitha ngriki kados ingkang sami panjenengan piyarsakaken piyambak.”

12. Nanging Nabi Yeremia nuli ngandika marang para panggedhe lan rakyat kabeh: “Sang Yehuwah ingkang ngutus kula kadhawuhan meca bab padaleman lan kitha punika, supados ndumugekaken sadaya pangandika ingkang sami panjenengan piyarsakaken punika.

13. Milanipun sami kula aturi ngewahi tindak-tanduk tuwin pandamel panjenengan, saha sami midhangetna pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, temah Sang Yehuwah lajeng keduwung ing bab bilai ingkang dipun rancang tumrap panjenengan.

14. Nanging menggah kula, kula punika wonten ing asta panjenengan, inggih sumangga, kula kapatrapana, punapa ingkang panjenengan galih sae lan leres.

15. Namung kemawon mugi panjenengan uningani sayektos, bilih panjenengan mejahi kula punika, ateges panjenengan ngwutahaken rahipun tiyang ingkang resik, punika tumempuh dhateng panjenengan, saha dhateng kitha punika dalah ingkang manggen ing kitha punika, amargi Sang Yehuwah sayektos ngutus kula dhateng panjenengan ndumugekaken sadaya pangandika punika.”

16. Para panggedhe lan rakyat kabeh banjur pratela marang para imam lan para nabi: “Tiyang punika boten samesthinipun kapatrapan paukuman pejah, amargi piyambakipun wicanten dhateng kita atas asmanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”

17. Para tetuwane nagara pancen ana sawatara kang padha maju lan ngandhani marang rakyat kang nglumpuk iku, tembunge:

18. “Nalika jamanipun Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda wonten tiyang, namanipun Mikha, tiyang Moresyet, ingkang sampun meca saha cariyos dhateng bangsa Yehuda sadaya, tembungipun: Pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados makaten:Sion bakal diwluku kaya pategalan,lan Yerusalem bakal dadi jugrugan,sarta gununging Padaleman Suci bakal dadi gunung kang ana alase.

19. Punapa Sang Prabu Hizkia, raja ing Yehuda lan sakathahipun tiyang Yehuda lajeng mejahi piyambakipun? Piyambakipun rak ngabekti dhateng Sang Yehuwah, satemah nunten nyuwun sih-piwelasipun Sang Yehuwah, mugi Sang Yehuwah kaduwunga ing bab bilai ingkang kaancamaken dhateng para leluhur kita. Lah sapunika kita, punapa kita badhe ndhatengaken bilai ingkang ageng sanget punika dhateng badan kita piyambak?”

20. Ing kala semana uga ana sawijining wong maneh kang meca atas asmane Sang Yehuwha, yaiku Nabi Uria bin Semaya, saka ing Kiryat-Yearim. Panjenengane meca bab kutha lan nagara iki, padha kaya kang dipangandikakake Nabi Yeremia.

21. Nalika Sang Prabu Yoyakim, para prawira lan para panggedhe miyarsa tembunge nabi iku, Sang Prabu banjur ngangkah nyirnakake panjenengane. Bareng Nabi Uria mireng prakara iku, panggalihe miris, nuli ngungsi menyang ing tanah Mesir.

22. Wasana Sang Prabu Yoyakim utusan Elnatan bin Akhbor kinanthenan wong sawatara menyang tanah Mesir.

23. Nabi Uria digawa saka ing tanah Mesir lan diaturake marang ngarsane Sang Prabu Yoyakim. Sang Prabu tumuli dhawuh nyedani Nabi Uria kalawan pedhang, lan layone dibuwang ana ing pakuburaning rakyat lumrah.

24. Nanging Nabi Yeremia diayomi dening Ahikam bin Safan, temah ora diulungake marang ing tangane rakyat lan ora disedani.