Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 9 Kitab Sutji (JAV)

1. Saupama sirahku kebak banyu,lan mripatku dadi sumbering luh,mesthi rina-wengi anggonku nangisipatine para bocahe wadon bangsaku.

2. Saupama aku duwe pamondhokan ana ing ara-ara samun,kanggo wong kang lagi lelana,aku mesthi bakal lunga sumingkir ninggal bangsaku!Awit iku kabeh wong kang laku jina,golonganing wong kang ora setya.

3. Iku padha menthang ilate kaya gandhewapiala lan dudu kabeneran, kang misesani nagara.Sanyata, kebacut-bacut anggone padha nglakoni piala,nanging padha ora wanuh marang Sang Yehuwah.

4. Becike saben wong ngawekanana kancane,lan aja ngandel marang sadhengaha sadulur,amarga kabeh sadulur dadi juru apuslan saben kanca mlaku mrana-mrene gawene mitenah.

5. Kang siji ngapusi sijine,lan ora ana wong siji-sijia kang tembunge bener,padha ngulinakake ilate ngucap goroh,padha nindakake kaluputan lan emoh mratobat.

6. Panganiaya matumpa-tumpa,para cidra tumpuk-undhung!Padha ora gelem wanuh marang Sang Yehuwah.

7. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah,Gustining kang sarwa dumadi:“Lah Ingsun karsa nglebur lan neter bangsa iki,jer apa maneh ta kang bisa Suntandukaketumrap anake wadon umatingSun?

8. Ilate iku panah kang memateni,tembung kang kawetu saka ing cangkeme iku apus,pangucape marang kancane: tentrem,nanging ing sajroning batine isi pangincim-incim.

9. Apa Ingsun ora bakal ndhawahake paukumanmarang wong-wong iku, marga saka iki kabeh?Apa Ingsun ora bakal males ukum marang bangsa kang kaya mangkene iki?,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

10. Nangisa lan sesambata marga saka gunung-gunung,lan nangisa marga saka pasuketan ing ara-ara samun,awitdene wus suwung kabeh,nganti ora ana kang ngambah,lan ora keprungu maneh swaraning raja-kaya,dadia manuk ing awang-awang,dadia sato kewan wus padha lumayu kabeh, wis ora ana.

11. Ingsun bakal damel Yerusalem dadi jugruganpapan pandhelikaning asu ajag.Ingsun bakal damel kutha-kutha Yehuda dadi sepi mamring,ora ana kang manggon maneh.”

Diancam klawan karusakan lan pambuwangan

9:12-22

12. Endi wong kang wicaksana, kang nganti bisa ngreti bab iki, wong kang nampani pangandika saka lesaning Sang Yehuwah, supaya bisa mratelakake iku? Apa sababe tanah iki rusak, suwung kaya ara-ara samun, nganti ora ana wong kang ngambah?

13. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Sarehne wong iku wus padha nglirwakake Angger-anggeringSun, kang wus Sunparingake, sarta ora ngrungokake marang swaraningSun lan ora nurut marang iku,

14. nanging padha nuruti apa sakareping atine, apadene manut marang para Baal kaya kang diwulangake para leluhure,

15. mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel mangkene: Lah Ingsun bakal makani butrawali marang bangsa iki lan Sunombeni racun.

16. Ingsun bakal nyebar wong iki ana ing tengahe para umat kang ora ditepungi dening wong-wong iku lan para leluhure lan Ingsun bakal nglepasake pedhang kang ngoyak wong-wong iku, nganti wus padha Sunsirnakake.”

17. Padha gatekna! Ngundangana para juru tangis wadon, supaya padha mrene,lan kongkonana, supaya para wong wadon kang limpad, padha mrene!

18. Kareben padha enggal tekalan padha nangisi kita,supaya mripat kita metokake luh,lan suluhan kita akembeng banyu!

19. Amarga ing Sion keprungu tangis:Adhuh padha mati aku!Aku padha banget diwirangake!Amarga aku kudu padha ninggal nagara iki,dene omah-omahku padha dibrukake.

20. He para wong wadon, rungokna pangandikane Sang Yehuwah,padha nilingna dhawuhing lesane;anak-anakmu wadon padha wulangen tangisanlan sadhengah wong wadon mulangna kidung pasambat marang kancane:

21. “Adhuh, si pati wus nlusup ing cendhela-cendhela kita,kedhaton kita wus padha dileboni,bocah-bocah ing lurung-lurung padha disirnakake,samono uga para nom-noman kang ana ing alun-alun.

22. Mayite wong-wong padha klelerankaya rabuk ana ing pategalan,kaya bentelan gandum ing saburining wong kang padha ngeneni,lan ora ana kang nglumpukake.”

Wanuh marang Gusti Allah iku kabegjaning manungsa

9:23-26

23. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Wong kang wicaksana aja ngendel-endelake kawicaksanane,wong rosa aja mamerake karosane,wong sugih aja ngegung-egungake kasugihane;

24. nanging sing sapa arep ngegungake,ngegungna kang mangkene:manawa dheweke ngreti lan wanuh marang Ingsun,manawa Ingsun iki Sang Yehuwah,kang nedahake kadarman,kaadilan lan kabeneran ana ing bumi;sanyata, iku kang ndadekake keparenging galihingSun,”mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

25. Dhawuh pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lah bakal tumeka ing wektune anggoningSun maringi paukuman marang wong kang wus tetak, nanging isih ikutan:

26. wong Mesir, wong Yehuda, wong Edom, bani Amon, wong Moab lan sakehing wong kang cukur rambute ing ngiringan mubeng lan wong kang manggon ing pasamunan, amarga sakehing bangsa ora padha tetak lan satedhak turune Israel iya ora tetakan atine.”