Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 47 Kitab Sutji (JAV)

Tumrap wong Filisti

47:1-7

1. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia tumrap bangsa Filisti, sadurunge Sang Pringon nelukake Gaza.

2. “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Lah banyu kang mbludag ngamuk saka lordadi kali kang banjirngelebi nagara saisine,kutha dalah kang manggon.Manungsa bakal padha sesambat,sarta wong kang manggon ing kuthabakal padha nangis,

3. krungu gumedering sikile jaran-jarane kareta,lan gumledheging rodhane.Para bapa padha ora tumoleh,ngelingi marang anak-anake manehamarga tangane wis lemes,

4. jalaran wus tumeka ing dinanetumrap panumpesing sakehe wong Filistilan anggone nyirnakakesadhengah pambiyantu kang isih ana tumrap Tirus lan Sidon.Lah, Sang Yehuwah bakal numpes wong Filisti,yaiku kekarening wong kang tekasaka ing pulo Kaftor.

5. Gaza wis dadi gundhul,Askelon wis meneng cep.He Asdod, kekarene wong Enak,isih sapira suwene anggonira mbeleki awakira?

6. Adhuh pedhange Sang Yehuwah,isih sapira suwene anggonmu banjur leren?Lumebua ing warangkamu maneh,menenga lan lerena!

7. Nanging kapriye bisane leren?Rak Sang Yehuwah kang dhawuh?Menyang ing Askelon lan ing pasisir,iya mrana iku anggone Panjenengane ndhawuhi!”