Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 35 Kitab Sutji (JAV)

Kasetyane para wong Rekhab

35:1-19

1. Pangandikane Sang yehuwah marang Nabi Yeremia ing jamane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda, mangkene:

2. “Lungaa maranana wong trah Rekhab, rembugana karo para wong iku lan iriden menyang ing padalemane Sang Yehuwah ana ing sawijining kamar, nuli ombenana anggur!”

3. Aku banjur marani Yaazanya bin Yeremia bin Habazinya dalah para sadulure lan para anake kabeh, cekake: sakehing gotrahe Rekhab.

4. Aku ngirid wong-wong iku menyang ing padalemane Sang Yehuwah, menyang ing kamare para anake Hanan bin Yigdalya, abdining Allah; iya iku kamar ing sandhinge kamare para panggedhe ing sadhuwuring kamare Maaseya bin Salum, jaga-gapura.

5. Ana ing ngarepe para kulawargane Rekhab aku nyelehake tuwung-tuwung kebak anggur lan cangkir-cangkir, aku nuli kandha marang wong-wong mau: “Kowe padha ngombea anggur!”

6. Nanging padha mangsuli: “Kula sami boten ngombe anggur, amargi Eyang Yonadab bin Rekhab, leluhur kula, sampun meling dhateng kula sadaya makaten: Kowe lan saanak-anakmu kabeh aja padha ngombe anggur ing salawas-lawase,

7. aja gawe omah, aja nyebar wiji, aja gawe lan nduweni kebon anggur, nanging padha manggona ing kemah-kemah ing salawase urip, supaya kowe dawa umurmu ana ing tanah, kang kokenggoni dadi wong neneka!

8. Kula sami ngestokaken piwelingipun Eyang Yonadab bin Rekhab, leluhur kula, ing bab samukawis ingkang dados piwelingipun dhateng kula sadaya, supados kula sami boten ngombe anggur salaminipun gesang, inggih punika kula piyambak, semah kula, anak-anak kula jaler estri,

9. supados kula boten damel griya ingkang kula enggeni, boten gadhah kebon anggur, utawi pategilan sarta wiji,

10. nanging tetep sami manggen wonten ing kemah kemawon saha setya ngestokaken kados ingkang dados piwelingipun Eyang Yonadab, leluhur kula.

11. Nanging nalika Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil nglurugi tanah punika, kula lajeng sami wicanten: Payo padha ngungsi menyang Yerusalem marga saka tekane wadya-bala ing Kasdim lan ing Aram iku! Makaten jalaranipun kula lajeng sami manggen wonten ing Yerusalem.”

12. Ing wektu iku Sang Yehuwah paring pangandika marang Nabi Yeremia, mangkene: “Pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel mangkene:

13. Mangkata lan tutura marang wong ing Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem: Apa sira ora tampa piwulang yaiku ngrungokake pangandikaningSun?

14. Pancen, piwelinge Yonadab bin Rekhab iku isih diestokake, yaiku anggone dheweke meling marang tedhak turune, supaya aja ngombe anggur lan tumeka saprene wong iku padha ora ngombe anggur, amarga padha ngestokake marang piwelinge leluhure. Ingsun piyambak tansah ngandikani sira, nanging sira padha ora ngrungokake marang Ingsun.

15. Ingsun wus ngutus marani sira sakehe abdiningSun, yaiku para nabi, tanpa kendhat anggone mituturi: Padha mratobata saka tindak-tandukira kang ala, panggawenira owahana supaya becik, aja ngetutwuri allah liyane lan aja sujud nyembah marang iku, temah sira bakal tetep manggon ana ing tanah kang Sunparingake marang sira lan leluhurira. Nanging sira padha suthik nggatekake lan ngestokake marang Ingsun.

16. Lah, tedhak turune Yonadab bin Rekhab padha setya ngestokake piwelinge para leluhure, nanging bangsa iki wegah ngrungokake marang Ingsun.

17. Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun bakal ndhawahake marang Yehuda lan sakehing wong isine kutha Yerusalem sakehe kasangsaran, kang wus Sunagem ngancam wong-wong iku; amarga Ingsun wus paring pangandika marang para wong iku, nanging padha ora ngrungokake, lan Ingsun wus nimbali wong-wong iku, nanging padha ora mangsuli.”

18. Nanging Nabi Yeremia ngandika marang bani Rekhab: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sarehne sira padha ngestokake marang piwelinge Yonadab, leluhurira, ngukuhi marang sakehing piwelinge, lan tetep padha nglakoni kaya piwelinge marang sira,

19. mulane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel ngandika mangkene: Tedhak turune Yonadab bin Rekhab bakal ora pedhot-pedhot ngladeni Ingsun ing salawas-lawase.”