Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 41 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika sasi kapitu Sang Israel bin Netanya bin Elisama -- panjenengane iku tedhaking ratu lan dadi prawira-agunging ratu -- kanthi wong sepuluh sowan marang ngarsane Sang Gedalya bin Ahikam ana ing Mizpa. Ing nalika semana padha kembul dhahar roti ana ing Mizpa.

2. Sang Ismael bin Netanya klawan kancane sepuluh kang padha ndherek mau banjur padha nyedani Sang Gedalya bin ahikam bin Safan kalawan pedhang; kaya mangkono anggone Sang Ismael nyedani panjenengane, sawuse ditetepake dening Sang Nata ing Babil mengku nagara iku.

3. Sakehing wong Yehuda kang padha nunggal karo Sang Gedalya ing Mizpa lan para wong Kasdim, yaiku para prajurit kang tinemu ana ing kono, uga dipateni dening Sang Ismael.

4. Esuke sawise nyedani Sang Gedalya -- ing kala semana durung ana kang nyumurupi --

5. ana wong saka Sikhem, Silo lan Samaria, cacahe wolung puluh, kang padha cukur jenggot, panganggone rowak-rawek, lan awake pating glaret; wong iku padha nggawa kurban dhaharan lan menyan arep disaosake ana ing padalemane Sang Yehuwah.

6. Sang Ismael bin Netanya nuli medal saka Mizpa methukake para wong mau kambi muwun. Bareng ketemu karo wong iku pangandikane marang wong-wong iku: “Sowana marang ngarsane Sang Gedalya bin Ahikam!”

7. Nanging bareng wong-wong mau padha tekan ing tengah kutha, padha disembelehi dening Sang Ismael bin Netanya dibiyantu dening wong kang padha ndherekake; mayit-mayite diuncalake menyang ing sumur.

8. Nanging panunggalane ana sepuluh kang matur marang Sang Ismael: “Kula mugi sampun panjenengan pejahi, amargi kula taksih gadhah tandhon ingkang kula dhelikaken wonten ing jawi kitha inggih punika: gandum, sir, lisah tuwin maben!” Dadine padha dieman, ora dipateni bareng karo kanca-kancane.

9. Dene sumur panggonane Sang Ismael nguncalake mayit-mayite para wong kang padha dipateni mau, sumur gedhe yasane Sang Prabu Asa kanggo nanggulangi Sang Prabu Baesa, ratu ing Israel; sumur iku diiseni mayit-mayite wong kang padha dipateni Sang Ismael bin Netanya.

10. Sang Ismael banjur nawan kabeh kekarening rakyat kang ana ing Mizpa: para putrine Sang Prabu lan sakehing wong kang isih kari ana ing Mizpa kang didadekake reh-rehane Sang Gedalya bin Ahikam dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal; Sang Ismael bin Netanya nawan para wong iku lan banjur sumedya sumingkir menyang ing tlatahe bani Amon.

11. Nanging Sang Yohanan bin Kareah dalah para prawiraning wadya-bala kang padha krungu bab pokal gawene Sang Ismael bin Netanya mau,

12. banjur padha nglumpukake balane kabeh mangkat mangsah perang nglawan Sang Ismael bin Netanya. Katututan ana ing telaga ing Gibeon.

13. Bareng sakehing rakyat kang padha ndherek Sang Ismael padha ndeleng Sang Yohanan bin Kareah apadene sakehe wadya-bala, padha seneng atine.

14. Sakehing wong kang ditawan dening Sang Ismael saka ing Mizpa, iku padha mbalik ndherek Sang Yohanan bin Kareah.

15. Nanging Sang Ismael bin Netanya kanthi wong wolu bisa oncat saka ing astane Sang Yohanan lan ngungsi menyang tlatah Amon.

16. Sang Yohanan bin Kareah lan sakehe prawiraning wadya-bala kang padha ndherek, nglumpukake sakehe kekarening rakyat kang kabandhang dadi tawanan dening Sang Ismael bin Netanya saka ing Mizpa, sawise nyedani Sang Gedalya bin Ahikam, yaiku para wong lanang, para prajurit, para wong wadon, bocah-bocah lan para punggawa kraton kang digawa bali saka Gibeon;

17. nuli padha mbacutake lakune lan leren ana ing pondhokan darbeke Kimham ing sacedhake Betlehem, sedyane arep terus menyang ing tanah Mesir,

18. kanggo nyingkiri wadya-bala Kasdim kang diwedeni, amarga Sang Ismael wus nyedani Sang Gedalya bin Ahikam, kang wus kaangkat dening ratu ing Babil dadi kang mengku nagara iku.