Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 13 Kitab Sutji (JAV)

Sabuk kang mbebret

13:1-11

1. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Lungaa tuku sabuk lena, sarta ubedna ing lambungira, nanging aja sira celup ing banyu!”

2. Aku tumuli tuku sabuk kaya dhawuhe Sang Yehuwah sarta dakubedake ing lambungku.

3. Sawuse mangkono Sang Yehuwah ndhawuhake maneh:

4. “Sabuk anggonira tuku lan kang sira anggo iku uculana! Menyanga ing bengawan Efrat sabuk iku umpetna ana ing lowahaning parang.”

5. Aku tumuli lunga lan ngumpetake sabuk mau kaya dhawuhe Sang Yehuwah marang aku.

6. Sawuse sawatara mangsa Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Enggal lungaa menyang ing bengawan Efrat, sabuk kang Sundhawuhake ngumpetake kae jupuken!”

7. Aku nuli mangkat menyang bengawan Efrat, banjur ndhudhuk lan njupuk sabuk iku saka papane anggonku ngumpetake, nanging jebul iku wus mbebret, ora ana gunane kanggo apa-apa.

8. Ing kono pangandikane Sang Yehuwah marang aku:

9. “Mangkene anggoningSun bakal nyirnakake digang-digunge Yehuda lan Yerusalem.

10. Bangsa kang ala iki, kang lumuh ngrungokake pangandikaningSun, kang mung nuruti tekading atine, ngetutwuri allah liyane lan ngabekti sarta sujud marang iku, bangsa iku bakal kaya sabuk kang wus ora ana gunane kanggo apa-apa iki.

11. Amarga kayadene sabuk kang rumaket ing lambunge wong, iya kaya mangkono maune anggoningSun ngraketake turune Yehuda lan Israel kabeh marang Ingsun, supaya bangsa iki dadia umatingSun kang misuwur, pinuji lan mulya kagem Ingsun. Nanging padha lumuh ngrungokake dhawuhingSun.” Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

Guci anggur kang dikepruk

13:12-14

12. “Pangandika iki dhawuhna marang wong-wong iku: Pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel mangkene: Saben guci kudu dikebaki anggur! Lan yen wong iku padha mangsuli: Kula rak sampun sami ngretos, yen saben guci kedah dipun kebaki anggur?

13. Ing kono sira dhawuhana maneh: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, sakehing wong ing nagara iki dalah para raja kang lungguh ing dhampare Dawud, para imam lan para nabi, apadene sakehe wong ing kutha Yerusalem bakal Sunendemi,

14. tuwin bakal Sunadukumba nganti remuk; para bapa karo anak-anake, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- Ingsun bakal nyirnakake wong-wong iku, ora Sunwelasi, ora Suneman lan ora Sunapura.”

Pepeling lan pangancam

13:15-27

15. Mara rungokna, nilingna, aja gumunggung,amarga Sang Yehuwah wus ngandika.

16. Sang Yehuwah, Gusti Allahmu iku luhurna,sadurunge Panjenengane ndadosake dina dadi peteng,sadurunge sikilmu kesandhung ana ing gunung-gunung,ing wanci repet-repet,ing sajrone kowe ngarep-arep padhang,nanging Panjenengane ndadosake padhang dadi peteng banget,dadi peteng ndhedhet.

17. Manawa kowe padha lumuh ngrungokake,aku bakal nangis ana ing pasingidan marga saka gumunggungmu,luhku bakal kembeng-kembeng,malah nganti crocosan,jalaran pepanthaning wedhuse Sang Yehuwahdigiring dadi boyongan.

18. Sira matura marang Sang Prabu lan Sang Prameswari Ibu mangkene:“Kawula aturi lenggah ing papan ingkang andhap piyambak,amargi makuthaning kaluhuran paduka sampun rentah saking mastaka paduka!”

19. Kitha-kitha ing Tanah Negeb sampun dipun inebaken gapuranipun,lan boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang ngengakaken.Yehuda sampun kabucal sadayakabandhang dhateng pambucalan sadaya.

20. He Yerusalem, awasna lan sawangenana wong kang padha teka saka lor!Ana ing ngendi pepanthan kewan kang diwenehake marang kowe,sarta wedhus-wedhus kang dadi kaluhuranmu?

21. Kapriye kandhamu, samangsa wong-wong kang kokanggep dadi dhemenanmu,dijunjung dadi panggedhemu?Apa kowe ora katrajang larakaya pasambate wong wadon kang lagi nglarani?

22. Lan samangsa ana pitakon kang tuwuh ana ing atimu:“Yagene aku kataman kang kaya mangkene iki kabeh?”Amarga saka gedhening durakamu,mulane poncoting tapihmu dibiyak lan kowe dirodapeksa!

23. Wong Etiopia apa bisa salin warna.utawa macan tutul apa bisa ngowahi tutule?He wong kang wus kepatuh gawe dosa,apa kowe bisa tumindak becik?

24. Ingsun bakal ngabul-abul sira kaya mrambut,kang kabur ing angin ana ing ara-ara samun.

25. Yaiku kang dadi nasibira, pandumanira,kang wus Suntimbang tumrap sira,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --amarga sira lali marang Ingsunlan mituhu marang dora-cara.

26. Dene Ingsun uga bakal nyilakake poncotingtapihira nganti tekan rainira,temah katon kawiranganira.

27. Anggonira laku jina lan pangringikira,pamblunthahira kang rusuhana ing gunung-gunung lan ing ara-ara,Ingsun wus nguningani polah-tingkahira kang nistha iku.He Yerusalem, cilaka sira iku,nganti pira suwene maneh anggonira dadi suci?