Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 40 Kitab Sutji (JAV)

Nabi Yeremia ana ing daleme Gedalya

40:1-6

1. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, sawuse diluwari saka Rama dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal, kang wus dhawuh nguculi rante kang kanggo ngecrek astane ana ing satengahing para wong buwangan saka ing Yerusalem lan Yehuda, kang arep diangkatake menyang ing pambuwangan ing tanah Babil.

2. Panggedhening prajurit pengawal iku wus nimbali Nabi Yeremia lan banjur ngandika: “Sang Yehuwah, Gusti Allah sampeyan sampun ngancam badhe ndhatengaken bilai tumrap panggenan punika,

3. lan punika sapunika sampun kalampahan. Sang Yehuwah sampun nindakaken, punapa ingkang dipun dhawuhaken ing saderengipun, amargi sampeyan sadaya sami nglampahi dosa wonten ing ngarsanipun saha boten mirengaken dhateng pangandikanipun, temah kalampahan prakawis punika tumrap ing sampeyan.

4. Dene ing dinten punika kula sampun nguculi rante ingkang wonten ing tangan sampeyan. Manawi sampeyan purun tumut kula dhateng tanah Babil, sumangga kula badhe rumeksa dhateng sampeyan. Nanging manawi sampeyan boten kesdu tumut kula dhateng Babil, sampeyan boten prelu pangkat! Sumangga sampeyan tingali sawradinipun tanah punika ginelar wonten ing ngajeng sampeyan; sampeyan kenging kesah dhateng pundi kemawon ingkang sampeyan anggep sae saha leres.

5. Sampeyan kenging wangsul dhateng panggenanipun Gedalya bin Ahikam bin Safan, ingkang sampun dipun tetepaken dening Sang Prabu ing Babil mengku kitha-kitha Yehuda lan sampeyan saged manggen nunggil kaliyan piyambakipun wonten ing satengahipun rakyat, utawi dhatenga pundi kemawon ingkang sampeyan anggep sae, sampeyan kenging mriku!” Panggedhening prajurit pengawal mau nuli ngaturi sangu pangan lan ganjaran, nuli dililani tindak.

6. Nabi Yeremia dadine banjur tindak menyang ing daleme Sang Gedalya bin Ahikam ing Mizpa, lan manggen nunggil karo panjenengane ana ing satengahe rakyat, kang isih kari ana ing nagara kono.

Bab anggone Sang Gedalya dadi gupernur lan banjur disedani

40:7--41:18

7. Nalika sakehe senapatining wadya-bala kang isih ana ing jaban kutha lan para prajurite padha krungu, manawa Sang Prabu ing Babil wus netepake Sang Gedalya bin Ahikam bin Safan dadi kang mengku nagara kono, lan wus dipasrahi panguwasa tumrap wong lanang, wong wadon lan bocah-bocah yaiku golongane wong mlarat, kang ora padha katut kabuwang menyang ing tanah Babil,

8. tumuli padha nemoni Sang Gedalya mau ana ing Mizpa, yaiku: Sang Ismael bin Netanya, Sang Yohanan bin Kareah, Sang Seraya bin Tankhumet, para putrane Sang Efai wong Netofa lan Sang Yezanya, putrane priyayi ing Maakha, kadherekake wadya-balane.

9. Sang Gedalya bin Ahikam bin Safan nuli supaos: “Sampun sami sumelang ngawula dhateng tiyang Kasdim. Kula aturi sami dedalem wonten ing nagari ngriki saha kula aturi ngawula dhateng ratu ing Babil, kawontenan panjenengan temtu badhe dados sae.

10. Dene kula piyambak, kula manggen wonten ing Mizpa saha dados wakil wonten ing ngajengipun tiyang Kasdim, ingkang sami badhe ndhatengi kita; nanging panjenengan sadaya punika sami kula aturi ngempalaken piwedaling anggur, wowohan saha lisah, lajeng kasimpen minangka pasadhiyan, saha sami dedalem ing kitha-kitha, ingkang panjenengan karsakaken.”

11. Nalika sakehe wong Yehuda, kang ana ing Moab, ing antarane bani Amon ing Edom lan ing nagara-nagara liyane padha krungu warta, yen ratu ing Babil wus ngendelake bae kekarene rakyat manggon ing Yehuda, lan matah Sang Gedalya bin Ahikam bin Safan mengku wong-wong mau,

12. sakehing wong Yehuda kang pating blesar ana ing ngendi-endi, banjur padha bali menyang tanah Yehuda lan sowan marang Sang Gedalya ing Mizpa; iku padha ngundhuhi anggur lan woh-wohan akeh banget.

13. Nuju ing sawijining dina Sang Yohanan bin Kareah lan sakehing senapati kang isih ana ing jaban kutha padha nemoni Sang Gedalya ana ing Mizpa

14. lan padha matur marang panjenengane: “Punapa panjenengan pirsa, bilih Sang Prabu Baalis, ratunipun bangsa Amon, sampun utusan Ismael bin Netanya, nyedani panjenengan?” Nanging Sang Gedalya bin Ahikam ora pracaya marang para panggedhe iku.

15. Sang Yohanan bin Kareah nuli matur sesidheman marang Sang Gedalya ana ing Mizpa: “Keparenga kula kesah mejahi Ismael bin Netanya punika, ingkang boten ngantos konangan sinten-sinten. Punapaa ta dene panjenengan ngantos kasedanan, temah tiyang Yehuda ingkang sampun sami nglempak ndherek panjenengan punika lajeng pating blesar malih lan kekantunanipun Yehuda sami manggih tiwas?”

16. Ewadene Sang Gedalya bin Ahikam mangsuli Sang Yohanan bin Kareah: “Sampun tumindak makaten, awit punapa ingkang panjenengan ngandikakaken bab Ismael punika dora.”