Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 27 Kitab Sutji (JAV)

Kadhawuhan mikul pasangane Babil

27:1-22

1. Nalika ing wiwitane jumenenge Sang Prabu Zedhekia, putrane Sang Prabu Yosia, ratu ing Yehuda, ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia.

2. Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “Sira gawea kendharat lan pasangan, padha etrapna ing gulunira.

3. Nuli ngirimna piweling marang raja ing Edom, raja ing Moab, rajaning bani Amon, raja ing Tirus lan raja ing Sidon, lumantar para utusan kang wus padha sowan Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda ana ing Yerusalem.

4. Dhawuhna marang para utusan mau supaya padha matur marang para gustine: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustinipun kang sarwa dumados, Gusti Allahipun Israel: Mangkene kang kudu sira aturake marang gustinira:

5. Ingsun iki kang nitahake bumi, manungsa lan kewan kang padha ana ing bumi, kalawan kakiyataningSun kang gedhe lan astaningSun kang Sunegarake sarta Ingsun maringake iku kabeh marang wong, kang Sunanggep sembada ana ing ngarsaningSun.

6. Lan saiki, Ingsun maringake sakehing nagara iki marang tangane abdiningSun Nebukadnezar, ratu ing Babil, dalah kewan ing ara-ara uga wus Sunparingake marang tangane supaya padha suyuda.

7. Sakehing bangsa bakal padha ngawula marang dheweke lan anak putune, nganti tumeka ing wektune uga tumrap nagarane dhewe, nuli akeh bangsa lan ratu agung kang bakal padha nelukake.

8. Nanging bangsa lan karajan kang ora gelem teluk marang Nebukadnezar, ratu ing Babil lan lumuh mikul pasangane ana ing gulune, iku bakal Sunukum kalawan pedhang, pailan lan pageblug, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah -- temah padha Sunulungake babar pisan ing tangane.

9. Dene mungguh sira kabeh, sira aja padha nggugu marang para nabinira, juru tenungira, juru mbatang impenira, juru bethekira, lan juru sihirira, kang kandha marang sira: Kowe aja padha gelem teluk marang raja ing Babil!

10. Amarga wong iku padha meca goroh marang sira, karepe ngedohake sira saka ing tanahira, temah sira padha Sunbuyarake lan nemu karusakan.

11. Nanging bangsa kang gelem kaetrapan pasangane Nebukadnezar ing gulune sarta kang teluk marang dheweke, iku bakal Suntegakake bae ana ing tanahe -- makaten Pangandikanipun Sang Yehuwah -- lan babal ngolah iku sarta manggon ing kono.”

12. Aku wus matur marang Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, uga kaya mangkono, aturku: “Panjenengan dalem mugi karsaa ngrembat pasanganipun Sang Prabu ing Babil, panjenengan dalem karsaa teluk dhateng panjenenganipun lan rakyatipun, temah panjenengan dalem temtu lestantun sugeng.

13. Punapaa dene panjenengan dalem dalah rakyat dalem kedah nemahi sirna dening pedhang, pailan saha pageblug, kados ingkang dipun ngandikakaken Sang Yehuwah tumrap bangsa ingkang boten purun teluk dhateng raja ing Babil punika?

14. Panjenengan dalem sampun miyarsakaken aturipun para nabi ingkang munjuk dhateng panjenengan dalem: Panjenengan dalem sampun ngantos karsa teluk dhateng Sang Prabu ing Babil! Amargi pamecanipun dora wonten ing ngarsa panjenengan dalem.

15. Amarga Ingsun ora ngutus para wong iku, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah -- ananging padha meca goroh atas asmaningSun, temah sira padha Sunbuyarake lan nemu karusakan bareng karo para nabi kang padha meca marang sira iku.”

16. Marang para imam lan rakyat kabeh aku uga kandha, pangucapku: “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Aja padha nggugu marang para nabinira, kang meca marang sira. Lah piranti-pirantining padalemane Sang Yehuwah ora antara suwe bakal dibalekake saka tanah Babil. Amarga para wong iku padha meca goroh marang sira.

17. Sira aja padha nggugu marang para wong iku, padha teluka marang raja ing Babil, temah kowe bakal padha lestari urip. Yagene kutha iki kudu dadi jugrugan?

18. Manawa wong-wong iku pancen nabi, lan padha mundhi pangandikane Sang Yehuwah, mesthine rak padha nyuwun kanthi adreng marang Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, supaya piranti-piranti kang isih kari ana ing padalemane Sang Yehuwah, lan kang ana kratone Sang Nata ing Yehuda sarta kang ana ing Yerusalem, aja nganti diangkati menyang ing Babil.

19. Awit mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, bab saka-saka, wadhah “segaran” lan sanggan, kekarene piranti-piranti kang ana ing kutha kene,

20. kang ora dijupuki dening Prabu Nebukadnezar, raja ing Babil, nalika panjenengane mboyong Sang Prabu Yekhonya bin Yoyakim, ratu Yehuda dalah para panggedhene tanah Yehuda lan kutha Yerusalem, saka Yerusalem menyang ing Babil,

21. sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, bab piranti-piranti kang isih kari ana ing padalemane Sang Yehuwah, ing kratone ratu ing Yehuda lan ing Yerusalem:

22. Iku kabeh bakal diusungi menyang ing Babil lan bakal disimpen ana ing kana nganti tumeka ing titi-mangsane Ingsun nggalih marang iku maneh -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- sarta ngasta bali maneh menyang panggonan iki.”