Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 37 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu Zedhekia mundhut pitedah marang Nabi Yeremia

37:1-10

1. Sang Prabu Zedhekia bin Yosia jumeneng ratu nggentosi Sang Prabu Khonya bin Yoyakim; Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil wus njumenengake panjenengane dadi ratu ing nagara Yehuda.

2. Nanging panjenengane sapunggawane apadene rakyate ing nagara kono padha ora nggugu marang pangandikane Sang Yehuwah, kang kadhawuhake lumantar Nabi Yeremia.

3. Nuju ing sawijining dina Sang Prabu Zedhekia utusan Yukhal bin Selemya lan Imam Zefanya bin Maaseya marang ing ngarsane Nabi Yeremia, kadhawuhan nglantarake pangandikane: “Kula sami sampeyan dongakaken dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah kita!”

4. Dene ing nalika samana Nabi Yeremia isih saged mlebet-medal ing satengahingrakyat; panjenengane durung dicemplungake ing pakunjaran.

5. Dene wadya-balane Sang Pringon wus budhal saka ing Mesir; bareng para wong Kasdim kang ngepung Yerusalem krungu, banjur padha ninggal kutha iku.

6. Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, mangkene:

7. “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Matura marang ratu ing Yehuda kang ngutus sira, supaya nyuwun pitedah marang Ingsun: Delengen wadya-bala kang wus budhal saka Mesir arep mbiyantu sira, bakal bali menyang ing Mesir nagarane.

8. Nanging wong Kasdim bakal bali nempuh perang nglawan kutha iki, dibedhah lan diobong.

9. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sira aja ngapusi awakira dhewe, kalawan ngucap: Para wong Kasdim wus lunga kabeh ing salawase! Mangka ora padha lunga ing salawase!

10. Lan saupama sira nggepuk lan bisa ngalahake sakehe bala Kasdim, kang merangi sira iku nganti mung ana kekarene kang ketaton banget, ana ing pakemahane dhewe-dhewe bakal padha gumregah lan ngobong kutha iki.”

Nabi Yeremia dikunjara

37:11-16

11. Nalika wadya-bala ing Kasdim wus ninggal kutha Yerusalem jalaran wedi karo balane Sang Prabu Pringon,

12. Nabi Yeremia banjur tindak saka Yerusalem menyang tlatah Benyamin prelu ngurus pangedume warisan ing antarane sanak sadulure.

13. Nalika mlebet ing gapurane tlatah Benyamin, ing kono ana sawijining lurah jaga kang aran Yeria bin Selemya bin Hananya; iku nuli nyekel Nabi Yeremia, kalawan ngucap sora: “Kowe arep mbalik ngeloni wong Kasdim!”

14. Lan sanadyan Nabi Yeremia mangsuli: “O goroh iku, aku ora mbalik melu wong Kasdim!”, nanging ora dipaelu dening Yeria, iku banjur nyekel Nabi Yeremia lan diladekake marang para panggedhe.

15. Para panggedhe mau padha duka banget marang Nabi Yeremia lan nyapu panjenengane sarta banjur dilebokake ing omah tahanan, ana ing omahe panitra Yonatan; omah iku wus kadadekake pakunjaran.

16. Kaya mangkono lelakone Nabi Yeremia kang banjur dicemplungake ing kulah tandhon banyu ing jero lemah. Lan Nabi Yeremia suwe anggone ana ing kono.

Sang Prabu Zedhekia mindhah panggonane ngunjara Nabi Yeremia

37:17-21

17. Nuju ing sawijining dina Sang Prabu Zedhekia utusan wong mundhut Nabi Yeremia. Nuli kalawan sidheman Sang Prabu ndangu marang Nabi Yeremia: “Punapa wonten pangandikanipun Sang Yehuwah?” Unjuk wangsulane Nabi Yeremia: “Wonten! Panjenengan dalem badhe kaulungaken dhateng ing astanipun ratu ing Babil.”

18. Nabi Yeremia nuli matur marang Sang Prabu Zedhekia: “Punapa dosa kawula ingkang kawula tandukaken dhateng panjenengan dalem, dene kawula ngantos panjenengan dalem lebetaken ing pakunjaran?

19. Wonten ing pundi para nabi panjenengan dalem ingkang sampun meca, bilih ratu ing Babil boten badhe nempuh perang nglawan panjenengan dalem saha nagari punika?

20. Sapunika, dhuh gusti kawula Sang Prabu, paduka mugi karsaa midhangetaken. Panyuwun kawula mugi dumugia ing ngarsa dalem. Kawula mugi sampun paduka wangsulaken dhateng ing griyanipun panitra Yonatan; kawula mesthi dipun pejahi wonten ing ngrika.”

21. Sang Prabu Zedhekia banjur paring dhawuh, supaya Nabi Yeremia ditahan ana ing plataran pajagan lan saben dina supaya diparingi roti sairis saka ing dalan tukang roti, nganti saenteke roti ing kutha kono. Mangkono dadine Nabi Yeremia tetep ana ing plataran pajagan.