Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 25 Kitab Sutji (JAV)

Yehuda bakal dibuwang menyang ing tanah Babil lawase pitung puluh taun

25:1-14

1. Pangandika kang kadhawuhake marang Nabi Yeremia bab sakehe wong Yehuda, nalika jumenenge Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda wus nyandhak patang taune, yaiku nalika ing taun kawitan jumenenge Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil.

2. Pangandika mau kadhawuhake dening Nabi Yeremia marang sakehe wong ing Yehuda lan sakehe wong ing kutha Yerusalem, mangkene wirasane:

3. “Wiwit nalika jumenenge Sang Prabu Yosia bin Amon, ratu ing Yehuda wus nyandhak telulas taune tumeka ing dina iki, dadi wus oleh telulikur taun anggonku kadhawuhan pangandikane Sang Yehuwah iku, lan ora kendhat-kendhat anggonku mituturi marang kowe, nanging kowe ora gelem ngrungokake.

4. Mangkono maneh Sang Yehuwah tansah ngutus para abdine, yaiku para nabi, nanging kowe padha ora manut sarta ora nggatekake.

5. Pangandikane para nabi mau mangkene: Padha mratobata saka polah-tingkah lan pokal gawemu, kang ala; kowe bakal padha tetep manggon ana ing tanah kang diparingake dening Sang Yehuwah marang kowe lan para leluhurmu ing salawas-lawase.

6. Aja ngetut-buri marang allah liyane, aja kokbekteni lan koksujudi. Sira aja gawe gerahing panggalihingSun sarana gegaweane tanganira, supaya Ingsun aja nganti nekakake bilai marang sira.

7. Ewadene sira padha ora manut marang dhawuhingSun. -- Mangkono pangadikane Sang Yehuwah --, temah gawe gerahing panggalihingSun srana gegaweane tanganira, njalari bilainira dhewe.

8. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi: Sarehne sira ora ngrungokake pangandikaningSun,

9. lah Ingsun bakal nimbali sakehe para umat saka ing tanah lor -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, lan dhawuh marang Nebukadnezar, raja ing Babil, abdiningSun iku; Ingsun bakal nekakake para wong iku nglurugi nagara kene, wong-wonge kang padha manggon lan bangsa-bangsa ing sakubenge, kang bakal padha Suntumpes, Sundadekake pagiris, dadi lesaning panacad lan dadi ludhesan ing salawase.

10. Ingsun bakal nyingkirake swaraning kasenengan lan kabungahan, sabawaning penganten lanang lan wadon, kumrusuking gilingan lan padhanging damar.

11. Saindenging nagara iki banjur bakal dadi jugrugan lan bera sarta bangsa iki bakal ngawula marang raja ing Babil pitung puluh taun lawase.

12. Nuli sawuse genep pitung puluh taun, Ingsun bakal males raja ing Babil lan bangsa iku, apadene nagarane para wong Kasdim, sarana Sundadekake papan-papan kang cengkar ing salawase, marga saka kaluputane. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

13. Ingsun bakal ndhawahake marang nagara iki, kabeh kang wus Sundhawuhake tumrap nagara iki, yaiku: kabeh kang tinulis ana ing kitab iki, kayadene kang wus kawecakake dening Yeremia ing ngatase bangsa iku kabeh.

14. Amarga wong iku uga bakal padha dadi kawulane bangsa akeh lan para raja kang agung, tuwin Ingsun bakal matrapi para wong iku kang laras karo polah-tingkahe lan panggawene.”

Tuwung bebendune Sang Yehuwah tumrap para bangsa

25:15-38

15. Pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang aku mangkene: “Tampanana tuwung kang isi anggur bentering bebenduningSun iki saka astaningSun, nuli ombekna marang sakehe para bangsa kang dadi tujuane anggoningSun ngutus sira,

16. supaya iku padha ngombea, nganti sempoyongan lan bingung marga saka pedhang, kang bakal Suntamakake ana ing satengahe.

17. Aku banjur nampani tuwung iku saka ing astane Sang Yehuwah, sarta ngombekake marang para bangsa kang dadi tujuane anggonku kautus dening Sang Yehuwah,

18. yaiku marang kutha Yerusalem lan kutha-kuthane Yehuda, dalah para raja lan panggedhene, supaya iki kabeh dadia jugrugan, padha garing lan dadi lesaning panacad sarta ipat-ipat, kayadene kang kelakon ing dina iki;

19. marang Pringon, ratu ing tanah Mesir dalah para punggawane, para panggedhene lan sakehe kawulane.

20. Mangkono uga marang bangsa campurane bangsa warna-warna, para ratu ing tanah Us; para raja ing tanah Filisti, yaiku ing Askelon, Gaza, Ekron lan para wong kekarene kang ana ing Asdod;

21. ing Edom, Moab lan bani Amon;

22. marang sakehe raja ing Tirus lan Sidon sarta para raja ing tanah pasisir ing sabrange segara,

23. marang Dedan, Tema, Bus lan sakehe wong kang cukur rambute ing pinggir mubeng,

24. marang sakehe raja ing tanah Arab, kang manggon ana ing ara-ara samun;

25. marang sakehe para raja ing Zimri, ing Elam lan ing Madhai;

26. marang sakehe raja saka ing tanah lor, kang cedhak lan kang adoh, baka siji, apadene marang sakehe karajan donya kang ana ing salumahing bumi, uga raja ing Sesakh bakal ngombe sawuse wong-wong mau.

27. Para wong mau nuli padha sira kandhanana mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel mangkene: Sira padha ngombea nganti mendem lan mutah-mutah. Padha ambruka, aja nganti tangi maneh! Marga saka pedhang kang bakal Suntamakake ana ing tengahira!

28. Nanging manawa padha ora gelem nampani tuwung iku saka ing tanganira supaya diombe, nuli sira kandhanana mangkene: Sabdane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi mangkene: Sira kudu ngombe!

29. Amarga kutha kang sinebut manut asmaningSun iku, bakal wiwit Sundhawahi wewelak; apa sira bisa oncat saka paukuman? Sira padha ora bakal bisa oncat saka paukuman, amarga Ingsun wus ngagagake pedhang marang sakehing wong ing salumahing bumi. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi --.

30. Sakehing pangandika iku sira wedharna marang para wong iku, sarta sira mratelakna mangkene:Sang Yehuwah bakal nggretak saka ing ngaluhurlan ngulukake swantene saka ing padalemane kang suci;Panjenengane bakal ngumbar suwanten marang pangenane,bakal mbengok kaya pambengoke para juru ngiles anggur,kang tumuju marang wong saisining bumi.

31. Gumuruhing perang bakal tumeka ing poncoting bumi,amarga Sang Yehuwah kagungan prakara karo para bangsa;Panjenengane karsa prakaran karo sakehing para titah;wong duraka bakal padha diulungake marang pedhang.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

32. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah,Gustine kang sarwa dumadi:Lah, wewelak bakal tular-tumular saka bangsa sijimarang bangsa sijine,prahara gedhe bakal ngamuk saka poncoting bumi.

33. Ing dina iku banjur bakal akeh wong mati glimpangan, kang pinejahan dening Sang Yehuwah, saka ing poncoting bumi tumeka ing poncoting bumi. Bakal padha ora ditangisi, ora dikukupi lan dipendhem, bakal padha dadi rabuk ing pategalan.

34. He para pangon, padha sesambata lan jerit-jerita!He para pangiriding wedhus pepanthan,padha gulunga ana ing lebu!Amarga wus tekan ing titi-mangsane anggonira bakal padha disembelehlan sira bakal padha tibakaya wedhus lanang pilihan.

35. Tumrap para pangon bakal ora ana pangluwaran meneh,lan tumrap pangiride pepanthaning wedhus-wedhus wus ora ana dalan bisane oncat.

36. Rungokna! Para pangon padha sambat-sambat,para pangiriding pepanthaning wedhus-wedhuspadha ngadhuh-adhuh!Amarga Sang Yehuwah wus ngrisak pangonane.

37. Pangonane kang tentrem dadi sepi mamring,marga saka mulad-mulading bebendune Sang Yehuwah.

38. Panjenengane wus nilarkaya singa kang ninggal grumbul pasingidane,amarga nagarane wus dadi tanah mluwa,jalaran saka pedhang kang nggegirisilan bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad.”