Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 22 Kitab Sutji (JAV)

1. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sira mangkata menyang ing kadhatone Sang Nata ing Yehuda lan dhawuhna pangandika iki ana ing kono!

2. Dhawuhna mangkene: He ratu Yehuda kang lungguh ing dhampare Dawud, sira, para punggawanira lan kawulanira kang lumebu liwat ing gapura-gapura kene!

3. -- Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --: Tumindaka kang adil lan bener; wong kang dirayah wewenange uwalna saka ing tangane kang nyiya-nyiya; sira aja nandukake panganiaya marang wong neneka, bocah lola lan randha, apadene aja ngwutahake getihe wong kang resik ana ing kene!

4. Amarga yen sira padha bisa nindakake iku kabeh kalawan temen-temen, bakal kelakon para raja, kang bakal lungguh ana ing dhampare Dawud, padha nunggang kareta lan kaarak lumebu ing gapura-gapuraning kraton: para raja iku, para punggawane lan kawulane.

5. Nanging manawa sira ora ngrungokake pangandika iki, Ingsun wus supaos demi Ingsun piyambak, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, -- kraton iki bakal dadi jugrugan.

6. Amargi makaten pangandikanipun Sang Yehuwah ing ngatasipun brayatipun Sang Nata ing Yehuda:Sira Sunanggep kaya Gilead,lan kaya pucake gunung Libanon!Nanging Ingsun mesthi bakal ndadekake sira dadi ara-ara samun,dadi kutha kang suwung.

7. Ingsun bakal netepake juru pangrusak tumrap sira,kang padha nggawa gegamane dhewe-dhewe:Wong iku bakal padha negori wit ereskang dadi pepethinganirakang banjur dicemplungake ing geni.

8. Lan samangsa akeh wong kang liwat ing kutha kene, iku bakal padha rerasanan: Yagene Sang Yehuwah nandukake kang kaya mangkene marang kutha kang gedhe iki?

9. Wong bakal mangsuli: Amarga wus padha lali marang prasetyane Sang Yehuwah, Gusti Allahe, lan wus sujud nyembah marang allah liyane lan ngabekti marang iku.”

Pameca nglawan Sang Prabu Salum

22:10-12

10. Sira aja nangisi wong mati,lan aja belasungkawa marga saka wong iku.Luwih becik sira nangisana kang wus lunga,amarga iku ora bakal bali maneh,lan ora bakal ndeleng tanah kelairane maneh.

11. Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Salum bin Yosia, raja ing Yehuda, kang wus jumeneng raja, nggentosi Sang Prabu Yosia, kang rama, lan kang wus nilar tanah iki: “Dheweke ora bakal bali mrene maneh;

12. nanging bakal mati ana ing tanah pambuwangan lan ora bakal ndeleng nagara iki maneh.”

Pameca nglawan Sang Prabu Yoyakim

22:13-19

13. Bilai wong kang mbangun kratoneadhedhasar kang ora adil,lan pandhapane gedheadhedhasar pratingkah kang daksiya,lan kang magawekake pepadhane kanthi lelahanansarta ora menehi pituwase,

14. kang celathu: “Aku arep ngedegake kraton,kang gedhe amba lan pandhapane kang jembar bawera!”Temboking kraton banjur dietrapi cendhela-cendhelablabaging kraton kang kagawe kayu eres,sarta dicet abang.

15. Apa panganggepira sira iku raja,manawa padha rebut unggul bab migunakake kayu eres?Bapakira rak uga mangan lan ngombe,lan oleh kanikmatan?Nanging iku nindakake kaadilan lan kabeneran,

16. sarta mutusi prakarane wong sangsaralan wong miskin kalawan adil.Rak iku arane nganggep marang Ingsun?Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

17. Nanging mripat lan atiniramung ngarah marang kauntungan,ngwutahake getihe wong kang ora luput,sarta nindakake pameres lan panganiaya.

18. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, raja ing Yehuda:“Wong ora bakal nangisi dheweke:Adhuh lae kakangku! Adhuh lae mbakyuku!Wong ora bakal nangisi dheweke:Adhuh lae gusti! Adhuh lae panjenengan dalem!

19. Anggone kakubur patrape bakal kaya mendhem kuldi,dilarak lan dibuwanging sajabaning gapurane Yerusalem.”

Pameca nglawan Sang Prabu Khonya

22:20-30

20. Sira munggaha ing gunung Libanon lan nguwuh-uwuha!Ulukna swaranira ana ing pagunungan Basan!Nguwuh-uwuha saka ing pagunungan Abarim,amarga sakehe kang padha sira tresnani wus padha tumpes!

21. Ingsun wus ngandika marang sira nalika sira santosa,nanging sira mangsuli: “Aku emoh ngrungokake!”Kaya mangkono tindak-tandukira wiwit nalika nom-nomanira,amarga sira emoh ngrungokake dhawuhingSun!

22. Sakehe wong kang ngengon sira bakal kabur dening prahara,lan para kang sira tresnani bakal diangkat dadi wong tawanan.Ing kono sira bakal nandhang wirang lan camahamarga saka sakehing pialanira.

23. He sira kang manggon ana ing gunung Libanon,lan nusuh ana ing wit-wit eres!Saiba bakal pasambatira, samangsa sira nandhang lara,nandhang lara kang rasane kaya wong wadon kang lagi nglarani.

24. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Demi Ingsun agesang, malah sanadyan Khonya bin Yoyakim, raja ing Yehuda iku dadi sesupe cap ana ing astaningSun tengen, ewadene sira bakal Suncopot!

25. Ingsun bakal masrahake sira marang tangane para wong kang padha ngarah nyawanira, marang tangane wong kang sira eringi, marang ing tangane Nebukadnezar, raja ing tanah Babil, sarta marang ing tangane wong Kasdim.

26. Ingsun bakal mbucal sira lan ibunira kang nglairake sira menyang ing nagara liya kang dudu tanah kalairanira; sira bakal mati ana ing kana.

27. Nanging wong iku ora bakal padha mulih menyang ing nagara kang diengen-engen supaya bisa bali mrana!”

28. Khonya iku rak barang kang remehkang bakal diremuk dening wong,utawa grabah kang ora disenengi ing wong?Yagene dheweke kok dibanting lan dibuwang,menyang ing nagara, kang ora disumurupi?

29. He nagara, nagara, nagara!Rungokna pangandikane Sang Yehuwah.

30. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Wong iku catheten ora duwe anak,wong lanang kang ora tau oleh begja ing sajroning uripe,marga turune ora ana siji-sijia kang bisa nglungguhi dhampare Dawudlan nyekel paprentahan ing Yehuda maneh!”