Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 19 Kitab Sutji (JAV)

Piwulang kang kamot ing guci kang pecah

19:1-15

1. Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “Sira lungaa tuku guci lempung, banjur ngajaka para tetuwaning umat lan para imam kang tuwa dhewe,

2. nuli mangkata menyang ing Lebak Ben-Hinom, kang ana ing ngarepe gapura Beling! Ana ing kana sira warak-warakna tembung-tembung kang bakal Sunlairake marang sira!

3. Kandhakna mengkene: Dhuh, para ratu ing Yehuda lan para tiyang ing Yerusalem! Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumados, Gusti Allahipun Israel: Lah Ingsun bakal ndhatengake bilai ing panggonan kene, nganti wong kang krungu bakal sumruweng kupinge!

4. Amarga para wong iku wus nyingkur Ingsun, ngwenehi papan marang allah ngamanca lan wus ngobong dupa kanggo allah liyane, kang ora disumurupi dhewe, apadene para leluhure lan para raja ing Yehuda. Panggonan iki kebak getihe wong kang ora duwe kaluputan.

5. Para wong iku wus padha ngadegake tengger-tengger pangurbanan kanggo Baal, kanggo ngobong anak-anake minangka kurban obaran marang Baal, sawijining prakara kang ora tau Sundhawuhake utawa Sunngandikakake apadene kang ora tau tuwuh ana ing panggalihingSun.

6. Mulane lah bakal teka wektune -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, -- panggonan iki ora karan Tofet utawa Lebak Ben-Hinom maneh, nanging Lebak Panyembelehan.

7. Ingsun bakal murungake rancangane Yehuda lan Yerusalem ing panggonan iki, lan Ingsun bakal damel ambruke wong-wong iku dening pedhang ana ing ngarepe mungsuhe lan para wong kang padha ngarah nyawane. Ingsun bakal ngetogake bae mayite kamangsa ing manuk-manuk ing awang-awang lan sato kewan ing bumi.

8. Ingsun bakal damel kutha iki dadi pangewan-ewan lan cacadan. Sadhengah wong kang liwat ing kene bakal padha kaeraman lan ngeses marga saka sakehe wewelake.

9. Ingsun bakal damel para wong iku padha mangan daginge anak-anake lanang lan wadon, lan saben wong mangan daginge kancane ing sajrone nandhang kasusahan lan karibedan, jalaran saka mungsuh-mungsuhe tuwin para wong kang padha ngarah nyawane.

10. Sira nuli ngepruka guci iku ana ing ngarepe para wong kang padha melu sira.

11. Wong iku nuli padha sira dhawuhana mangkene: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Ingsun bakal ngepruk bangsa lan kutha iki kayadene pangepruke kundhi marang grabahe, temah ora bisa didandani maneh. Tofet bakal dadi kuburan, amarga wus ora ana panggonan liyane maneh kanggo ngubur.

12. Kaya mangkono iku kang bakal Suntandukake marang panggonan lan isine kutha iki. -- Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah -- Ingsun bakal ndadekake kutha iki kaya Tofet.

13. Omah-omah ing Yerusalem lan omah-omahe para raja ing Yehuda iku bakal Sundadekake jember kaya Tofet, yaiku sakehe omah kang payone kanggo ngobong kurban marang sakehe balatantraning langit lan kanggo ngesokake sesajen omben-omben marang para allah liyane.”

14. Sakondure Nabi Yeremia saka Tofet anggone kautus dening Sang Yehuwah, supaya memeca, panjenengane banjur jumeneng ana ing plataraning padalemane Sang Yehuwah, lan ngandika marang wong akeh mangkene:

15. “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun bakal ndhatengake ana ing kutha kene lan kutha-kutha ing sakiwatengene sakehing bilai kang wus Sungandikakake, yen bakal nempuh wong-wong iki, amarga padha nekad mbangkang lan ora ngrungokake marang pangandikaningSun.”