Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 36 Kitab Sutji (JAV)

Bab bocah wadon kang duwe warisan lemah samangsa omah-omah

36:1-13

1. Ing sawijining dina para pemimpining golongane turune bani Gilead bin Makhir bin Manasye, klebu turune Sang Yusuf, padha sowan marang ngarsane Nabi Musa lan para pangarepe wong Israel,

2. sarta padha duwe atur mangkene: “Pangeran Yehuwah sampun dhawuh dhateng panjenengan, supados maringana panduman siti minangka tanah-pusaka dhateng tiyang Israel srana kaundhi; sarta malih dhawuhipun Sang Yehuwah dhateng panjenengan, supados siti gadhahanipun sadherek kula Zelafehad, kaparingna dhateng anakipun estri.

3. Nanging saupami punika sami emah-emah angsal lare jaler saking taler Israel sanesipun, siti darbekipun wau badhe ical saking pandumanipun taler kula, kawewahaken dhateng pandumanipun taler ingkang dipun tumuti; temah siti-pusaka ingkang dados panduman kula sarana kaundhi badhe kalong.

4. Punapa malih benjing samangsa taun Yobel karameanipun tiyang Israel, gadhahanipun tiyang estri punika badhe tetep kawewahaken dhateng taler ingkang dipun tumuti wau, sarta pandumaning taleripun para leluhur kula inggih badhe tetep kalong.”

5. Ing kono Nabi Musa tumuli dhawuh marang wong Israel miturut pangandikane Sang Yehuwah, mangkene: “Bener ature taler bani Yusuf iki.

6. Iki kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah ing ngatase para anake wadon Zelafehad, mangkene surasane: Kareben padha omah-omah karo sapa bae kang seneng, anggere padha oleh sisihan panunggalane talere bapakne;

7. aja nganti ana panduman darbeke wong Israel ngalih saka ing taler siji marang taler sijine. Wong Israel iku siji-sijine padha ngukuhana kang dadi pandumane talere leluhure.

8. Kang iku saben anak wadon panunggalane sadhengah talere wong Israel kang tampa warisan lemah pusaka, kudu omah-omah karo wong panunggalane talere bapakne, supaya saben wong Israel tetepa ndarbeni kang dadi pandumane para leluhure.

9. Sabab panduman lemah iku ora kena ngalih saka ing taler siji marang taler sijine; nanging siji-sijining talere wong Israel iku ngukuhana marang lemah pandumane dhewe.”

10. Anadene anak-anake wadon Zelafehad iku padha ngestokake apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau;

11. Makhla, Tirza, Hogla, Milka lan Noa anak-anake wadon Zelafehad, padha omah-omah karo nakdulure saka bapakne,

12. padha dadi somahe wong lanang panunggalane turune Rama Manasye putrane Sang Yusuf, temahan lemah pusakane tetep ana ing pamengkune talering leluhure.

13. Iku mau wewaton lan pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel lantaran Nabi Musa ana ing tanah ngare ing Moab, ing sabrange bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho.