Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 9 Kitab Sutji (JAV)

Katetepan-katetepan tumrap riyaya Paskah

9:1-14

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing pasamunan Sinai, ing sasi kapisan taun kang kapindho sawetune saka ing tanah Mesir:

2. “Wong Israel padha ngriyayakna Paskah ing wektu kang wus katemtokake,

3. ing sasi iki tanggal kaping patbelas, ing wayah sore, ing wektu kang wus katemtokake; anggone ngriyayakake mituruta sakehe katetepan lan pranatane.”

4. Nabi Musa tumuli ndhawuhi wong Israel supaya padha ngriyayakake Paskah;

5. banjur iya padha ngriyadinake Paskah ing sasi kapisan, tanggal kaping patbelas ing wayah sore ana ing pasamunan Sinai; wong Israel iya banjur padha tumindak ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

6. Nalika samana ana wong sawatara kang najis marga saka wong mati, temahan padha ora bisa melu ngriyayakake Paskah ing dina iku, mulane padha seba ing ngarsane Nabi Musa lan Imam Harun bareng sadina iku uga,

7. lan matur: “Kula sami najis margi saking jisim, kadospundi dene kula ngantos dipun pambengi boten kalilan nyaosaken kurban konjuk dhateng Sang Yehuwah wonten ing satengahipun tiyang Israel ing wekdal ingkang sampun katemtokaken?”

8. Nabi Musa banjur ngandika marang wong-wong mau: “Padha ngentenana dhisik, dakngrungokake apa kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah tumrap kowe.”

9. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:

10. “Sira ndhawuhana marang wong Israel mangkene: Manawa ana wong panunggalanira utawa turunira kang najis marga saka jisim, utawa sajrone lelungan adoh, iku iya kudu ngriyayakake Paskah konjuk marang Sang Yehuwah.

11. Anggone netepi iku ing sasi kapindho tanggal patbelas, ing wayah sore; anggone mangan Paskah iku kanthia roti tanpa ragi lan jangan pait.

12. Aja ana kang dingengehake tumeka ing esuke, lan balunge aja diputung siji-sijia. Anggone netepi iku mituruta sakehing pranatan Paskah.

13. Manawa ana wong kang ora najis, lan pinuju ora lelungan, mangka ngedhagake Paskah, iku katumpesa saka ing antarane bangsane, marga ora ngunjukake sesaosan marang Sang Yehuwah ing wektu kang wus katemtokake, wong iku nanggunga pikolehing dosane.

14. Karodene manawa ana bangsa liya kang manggon ing satengahira, arep melu ngriyayakake Paskah konjuk marang Pangeran Yehuwah, anggone netepi iku mituruta katetepan lan pranatan Paskah. Ana katetepan siji kang kanggo marang sira, iya marang wong bangsa liya lan wong bumi.”

Tugu mega mimpin lakune wong Israel

9:15-23

15. Ing dina madege Tarub Suci, megane tumuli nutupi Tarub Suci, tarube angger-anggering Allah; sarta saben bengi tumeka esuk, mega iku katon kaya geni ana ing sadhuwure Tarub Suci.

16. Salawase kelakon mangkono iku; manawa wayah awan Tarub iku katutupan mega, lan yen wayah bengi katon kaya geni.

17. Samangsa megane mumbul saka ing sadhuwure Tarub, wong Israel banjur padha budhal, sarta ing ngendi mandhege megane, ing kono wong Israel banjur padha nancebake tarube.

18. Wong Israel anggone budhal awit saka dhawuhe Sang Yehuwah, lan iya awit saka dhawuhe Sang Yehuwah anggone padha lereb.

19. Manawa megane nganti sawatara lawas tetep ana ing sadhuwure Tarub Suci, wong Israel padha nindakake kuwajibane tumrap Pangeran Yehuwah, lan ora budhal.

20. Terkadhang megane mau mung sawatara dina ana ing sadhuwure Tarub Suci; ing kono anggone padha lereb iku marga saka dhawuhe Sang Yehuwah, lan anggone budhalan iya marga saka dhawuhe sang Yehuwah.

21. Nanging terkadhang megane iku anggone mandheg wiwit sore tumeka esuk; bareng wayah esuk megane mumbul, nuli wong-wong iya padha budhal.

22. Mangkono maneh manawa megane anggone mandheg ana ing sadhuwure Tarub Suci iku nganti rong dina, utawa nganti sesasi utawa luwih, wong Israel iya tetep lereb, ora budhal; nanging samangsa megane mumbul, banjur lagi padha budhal.

23. Anggone padha leren marga saka dhawuhe Sang Yehuwah, lan iya marga saka dhawuhe Sang Yehuwah anggone padha budhal; wong-wong iku tansah padha nindakake kuwajibane tumrap Sang Yehuwah, miturut saka dhawuhe Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.