Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 1 Kitab Sutji (JAV)

Nabi Musa nggelarake lelakone wong Israel ana ing gunung Horeb

1:1-8

1. Iki pangandikane kang didhawuhake dening Nabi Musa marang wong Israel kabeh ana ing sabrange bengawan Yarden, ing pasamunan, ing tanah rata Araba-Yordan, penere Suf, ing antarane Paran karo Tofel, Laban, Hazerot lan Di-Zahab.

2. Saka ing gunung Horeb metu pagunungan Seir tekan Kadesy-Barnea iku lakon sawelas dina.

3. Nalika taun kang kaping patang puluh sasi sawelas tanggal sapisan Nabi Musa ngandikani wong Israel miturut dhawuh timbalane Pangeran Yehuwah tumrap wong Israel;

4. sawuse nggecak marang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori, kang akedhaton ana ing Hesybon, lan marang Prabu Og, ratu ing Basan, kang akedhaton ana ing Asytarot, ing sacedhake Edrei.

5. Ana ing sabrange bengawan Yarden ing tanah Moab, Nabi Musa wiwit nggelarake angger-anggering Toret iki, pangandikane:

6. “Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita ndhawuhi kita ana ing gunung Horeb, sabdane: Wus cukup anggonira padha nginep ana ing gunung kene;

7. padha mbacutna laku, budhala lan paranana pagunungane wong Amori lan sakehe tanggane ing Araba-Yordan, ing pagunungan, ing Dhaerah Pagunungan, ing Tanah Negeb lan ing pasisir, yaiku nagarane wong Kanaan lan ing gunung Libanon nganti tekan ing bengawan gedhe Efrat.

8. Wruhanira, nagara iku wus Sunulungake marang sira; padha lumebua, manggona ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang leluhurira Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake marang dheweke kabeh lan turun-turune.”

Riwayat jumenenge para hakim

1:9-18

9. “Nalika samana aku pitutur marang kowe mangkene: Manawa ijen aku ora kuwat nyangga tanggung-jawab marang kowe.

10. Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu wus ndadekake kowe padha bebranahan, ing dina iki cacahmu wus kaya lintang ing langit.

11. Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu muga-muga ngundhakana cacahmu nganti tikel sewu, lan kowe muga padha diberkahana, kaya kang wus dadi prasetyane marang kowe.

12. Nanging manawa ijen aku mangsa kelara mikul tanggung-jawab bab kasusahanmu, bab karepotanmu lan prakaramu.

13. Kowe padha miliha wong kang wicaksana lan limpad ing budi apadene kang akeh pangalamane saka siji-sijine talermu, bakal daktetepake dadi pemimpinmu.

14. Ing kono atur wangsulanmu: Prakawis ingkang panjenengan karsakaken punika pancen prayogi dipun lampahi.

15. Aku banjur milih pemimpin saka antaraning talermu, yaiku: wong-wong kang wicaksana lan sugih pangalaman, padha dakangkat dadi pemimpinmu, yaiku ana kang dadi panggedhening wadya-bala sewu, satus, seket sarta dadi panggedhening wadya-bala sapuluh tuwin dadi panggedhe kang nata wadya-bala kanggo taler-talermu.

16. Lan ing waktu samana aku banjur prentah marang para hakimmu, mangkane: Padha nggatekna marang prakarane para sadulurmu, lan padha gawea putusan kang adil, dadia ing antarane sawijining wong karo sadulure, utawa karo bangsa liya kang ana ing satengahmu.

17. Ing sajrone ngadili kowe aja mawang wong, wonga cilik, wonga gedhe, padha rungokna kang dadi prakarane. Aja wedi marang sapa bae, awitdene pangadilan iku kagungane Gusti Allah; dene manawa ana prakara kang kangelan tumrap kowe, iku ladekna marang aku, supaya aku krungu.

18. Kaya mangkono anggonku mrentahi kowe nalika samana, bab sabarang prakara kang kudu padha koklakoni.”

Citra bab telik rolas

1:19-33

19. “Sawuse mangkono kita banjur padha budhal saka ing gunung Horeb, lan padha ngliwati sawratane pasamunan kang jembar lan nggegirisi kang wus padha kokdeleng iku, njujug ing pagunungane bangsa Amori, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allah kita marang kita; banjur padha tekan ing Kadesy-Barnea.

20. Nalika iku aku banjur tutur marang kowe: Saiki kowe wus padha tekan ing pagunungane bangsa Amori, kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, marang kita.

21. Wruhanamu, Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngulungake nagara iku marang kowe; padha lurugana lan ejegana, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu. Aja padha wedi lan aja giris.

22. Kowe kabeh tumuli padha nyedhaki aku sarta duwe atur mangkene: Sumangga kula aturi nglampahaken tiyang sawatawis ngrumiyini lampah kita, supados sami niti-priksa kawontenanipun nagari punika, sarta sami mbektaa katrangan dhateng kita, bab margi-margi ingkang badhe sami kita langkungi, saha kawontenanipun kitha-kitha ingkang badhe kula dhatengi.

23. Prakara iku dakrasa becik; dadi aku tumuli milih wong rolas panunggalanmu, saka saben taler wong siji.

24. Iku banjur padha mangkat munggah menyang pagunungan, nganti tekan ing lebak Eskol, sarta padha niti-priksa nagara iku.

25. Apadene padha njupuk woh-wohan sawatara pametune nagara iku, digawa mudhun lan diladekake marang kita. Sarta padha ngaturi katrangan mangkene: Saestu, nagari ingkang badhe dipun paringaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng kita punika sae.

26. Ewadene kowe padha ora wani nglurug mrana, sarta padha mbangkang marang dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahmu.

27. Kowe padha pating kedumel ana ing tarubmu, pangucapmu; Pangeran Yehuwah anggone ngirid metu saka ing tanah Mesir iku marga aku padha disengiti, arep diulungake marang tangane bangsa Amori, supaya padha ditumpes.

28. Kita banjur arep menyang ing ngendi? Sadulur-sadulurku wus padha gawe remuking atiku srana ngucap mangkene: Bangsa ing kono iku cacahe akeh, dedege ngungkuli aku, kutha-kuthane gedhe-gedhe lan balowartine sundhul ing langit, karodene aku iya padha ndeleng wong bani Enak ana ing kono.

29. Aku banjur mituturi kowe: Aja padha giris, lan aja wedi karo wong-wong iku.

30. Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngirid lakumu iku, kang bakal nyarirani perangmu, patrape kaya kang wus ditandukake marang kowe nalika ana ing tanah Mesir lan iku iya padha koksipati,

31. apadene ana ing pasamunan; ana ing kono kowe wus ngalami jinangkung dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, patrape kaya wong mbopong anake, ana ing sauruting dalan kang wus padha kokambah nganti kowe tekan ing kene.

32. Nanging sanadyan kaya mangkono, ewadene kowe meksa padha ora ngandel marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,

33. kang tansah ngirid lakumu ana ing dalan, milihake panggonan kang kena kokinepi, ing wayah bengi srana geni, lan ing wayah awan srana mega, kanggo nedahake marang kowe dalan kang kudu kokliwati.”

Riwayat paukuman tumrap Israel

1:34-40

34. “Bareng Sang Yehuwah midhanget kang dadi panggrundelmu, banget dukane sarta supaos, dhawuhe:

35. Bangsa kang ala iki, mesthi ora ana wonge siji-sijia kang bakal ndeleng nagara kang becik kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos yen bakal Sunparingake marang para leluhurira,

36. kajaba mung Kaleb bin Yefune kang bakal ndeleng, lan iku saanak-putune kang bakal Sunparingi nagara kang wus diidak iku, marga wus ngantepi pambangun-turute marang Pangeran Yehuwah.

37. Aku dhewe iya didukani dening Sang Yehuwah marga saka kowe, lan dingandikani: Sira iya mesthi ora bakal lumebu ing kono.

38. Yusak bin Nun, pembantunira iku kang bakal lumebu mrono, iku sira santosakna; awitdene iku kang bakal ngirid lakune wong Israel nganti bisa ndarbeni tanah iku.

39. Anadene anak-anakira kang isih cilik kang padha sira arani yen bakal dadi bandhangan lan anak-anakira kang saiki iki,kang durung bisa mbedakake ala lan becik, iya iku kang bakal padha lumebu mrono, lan kang bakal Sunparingi lan ndarbeni nagara iku.

40. Nanging sira iku padha balia, budhala menyang pasamunan, metua dalan kang anjog ing sagara Teberau.”

Riwayat bab gagale anggone nempuh perang wilayah kidul

1:41-46

41. “Ing kono kowe banjur padha mangsuli lan kandha marang aku mangkene: Kula sampun sami damel dosa dhateng Pangeran Yehuwah. Sumangga, kula sami sagah mangsah perang miturut sadaya dhawuhipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita dhateng kula sadaya. Sawuse mangkono, saben wong banjur padha manganggo praboting perang, awit pangiramu kalawan gampang bisa mangsah menyang ing pagunungan.

42. Nanging Sang Yehuwah tumuli ngandika marang aku: Aja padha nglurug lan aja perang, awitdene Ingsun ora ana ing tengahira, awit sira bakal padha kasoran ana ing ngarepe mungsuhira.

43. Kowe banjur daktuturi, nanging kowe padha ora ngrewes marang pituturku, malah mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah; kowe padha kaduk wani lan banjur menyang ing pagunungan.

44. Tumuli kowe padha dipethukake lan ditempuh dening bangsa Amori kang padha manggon ing pagunungan kono, sarta iku padha mburu kowe kaya tawon, ngalahake kowe saka ing Seir nganti tutug ing Horma.

45. Sabalimu kowe banjur padha nangis ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nanging Sang Yehuwah ora mirengake panangismu sarta ora midhangetake swaramu kaya mangkono.

46. Dadine kowe banjur padha kepeksa manggon ana ing Kadesy nganti kapara lawas, yaiku sapira lawase anggonmu manggon ana ing kono.”