Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 19 Kitab Sutji (JAV)

Banyu pambirating najis

19:1-22

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun mangkene:

2. “Iki pranatan angger-angger kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, kalawan pangandikane: Sira ndhawuhana wong Israel, supaya padha ngladekna marang sira sapi wadon nom abang kang tanpa ciri ala, kang ora ana cacade lan kang durung tau dietrapi pasangan.

3. Iku sira tampakna marang Imam Eleazar, banjur digawaa metu menyang ing sajabane palereban, lan kasembeleha ana ing ngarepe imam.

4. Sawuse iku Imam Eleazar ndulita getihe sapi iku sathithik, banjur dikepyurna sathithik ing ngarepe Tarub Pasewakan nganti rambah kaping pitu.

5. Sawuse mangkono sapine tumuli kaobonga nganti entek ana ing sangareping imam; kulite, daginge lan getihe dalah tlethonge pisan, uga kaobonga nganti entek.

6. Imam tumuli njupuka kayu eres, hisop lan kain jingga, kacemplungna ing satengahe geni kang ngobong sapi mau.

7. Sawuse mangkono imam tumuli ngumbaha sandhangane lan adusa, nuli lumebua ing palereban, sarta imam iku dadi najis tumeka suruping srengenge.

8. Wong kang ngobong sapi mau ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta banjur dadi najis nganti tumeka suruping srengenge.

9. Awune sapi mau dikukupana dening salah sijine wong kang ora najis, lan diselehna ing panggonan kang ora najis ing sajabane palereban; kabeh iku kasimpena kanggo umat Israel, kanggo gawe banyu pambirating najis, iku dadi pangruwating dosa.

10. Wong kang nglumpukake awune sapi mau iya ngumbaha sandhangane lan dadi najis nganti tumeka suruping srengenge. Iku dadia pranatan ing salawase kanggo wong Israel lan wong bangsa liya kang manggon ana ing tengahira.

11. Sing sapa nggepok jisim, iku dadi najis lawase pitung dina.

12. Ing telung dinane wong iku ngruwata dosane nganggo banyu mau, dene ing dina kapitune wus ora najis. Nanging manawa ing telung dinane ora ngruwat dosane, ing pitung dinane ora ilang najise.

13. Saben wong kang nggepok jisim, yaiku badane manungsa kang wus mati, mangka ora ngruwat dosane, iku dadi najisake Tarub Sucining Yehuwah, wong kang mangkono iku katumpesa saka ing Israel, marga ora disiram ing banyu pambirating najis, mulane dadi najis lan tetep kadunungan najis.

14. Iki angger-angger manawa ana wong kang mati ana ing sajroning tarub, sapa kang lumebu ing tarub iku, lan kabeh kang ana ing tarub kono mesthi dadi najis pitung dina lawase;

15. apadene sadhengah wadhah kang bukakan lan ora nganggo dilarabi rapet, iku iya dadi najis.

16. Mangkono maneh saben wong kang ana ing ara-ara kang nggepok badane wong kang dipateni sarana pedhang, utawa nggepok jisim apa balunging manungsa apa kuburan, iku iya dadi najis lawase pitung dina.

17. Anadene wong kang kena ing najis kaya mangkono iku, kajupukna awune kurban pangruwating dosa kang kaobong mau, kadokoka ing wadhah lan kaesokana banyu kang mili.

18. Nuli sawijining wong kang ora najis njupuka hisop, kacelupna ing banyu iku mau, banjur dikepyurna marang ing dhuwure tarub lan sapirantine kabeh lan wong-wong kang ana ing kono; mangkono uga marang wong kang nggepok balung utawa wong kang dipateni, kang nggepok jisim apa kuburan iku mau.

19. Wong kang ora najis mau ngepyurna marang kang najis iku ing telung dinane, lan ing pitung dinane, dene ing pitung dinane iku wong mau ngruwata dosane; nuli kang najis mau ngumbaha sandhangane lan adusa, temah bakal mari najise samangsa srengenge surup.

20. Balik sing sapa nandhang najis, mangka ora ngruwat dosane, wong iku mesthi katumpes saka ing satengahe pasamuwan, marga wus najisake pasucene Sang Yehuwah; ora kasiram ing banyu pambirating najis, dadi tetep najise.

21. Iku dadia pranatan ing salawase marang sira. Anadene wong kang nyiramake banyu pambirating najis iku, iya ngumbaha sandhangane, lan wong kang kena banyu pambirating najis iku iya dadi najis nganti tumeka suruping srengenge.

22. Dalah samubarang kang digrayang dening wong kang najis iku iya dadi najis, lan sing sapa nggepok wong iku, iya bakal dadi najis nganti tumeka suruping srengenge.”