Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 7 Kitab Sutji (JAV)

Pisungsung nalika ngresmekake Tarub Suci

7:1-89

1. Kacarita bareng Nabi Musa wus rampung anggone ngadegake Tarub Suci, sarta wus dijebadi lan disucekake dalah saprabote, apadene misbyah sapirantine iya wus dijebadi lan disucekake, lan sawuse iku kabeh padha dijebadi lan disucekake,

2. para pemimpine Israel, para panggedhene sukune banjur padha nyaosake pisungsung. Wong-wong iku kang dadi pangarepe taler kang mimpin nalika dianakake cacah-jiwa.

3. Iku padha ngladekake pisungsung marang ngarsane Sang Yehuwah arupa kreta nem kang mawa tendha lan sapi rolas. Saben pemimpin loro kreta siji, lan sapi niji, tumuli padha diladekake menyang ngarepe Tarub Suci.

4. Sang Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:

5. “Kabeh iku sira tampanana, kagawea ngladeni ayahan ing Tarub Pasewakan; kabeh iku katampakna marang wong Lewi, miturut kapreluaning bubuhane dhewe-dhewe.”

6. Nabi Musa banjur nampeni kreta-kreta lan sapi-sapi mau, sarta tumuli diparingake marang para wong Lewi;

7. kreta loro lan sapi papat diparingake marang bani Gerson, miturut kapreluaning pagaweane,

8. kreta kang papat lan sapine wolu diparingake marang bani Merari, miturut karo kapreluaning pagaweane kang dipimpin dening Itamar, putrane Imam Harun.

9. Nanging para bani Kehat ora diparingi, sabab iku padha kabubuhan rumeksa barang-barang kang suci, kang pangusunge kudu dipikul.

10. Ing nalika misbyah kajebadan, para pemimpin mau padha ngladekake pisungsung kang kanggo ngresmekake misbyah; anggone ngajokake pisungsung iku ana ing ngarepe misbyah mau.

11. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Saben dina anaa pemimpin siji kang ngladekake pisungsunge kanggo memulya misbyah iku.”

12. Kang ngladekake pisungsunge ing dina kapisan iku Nahason bin Aminadab, saka taler Yehuda.

13. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

14. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa,

15. apadene sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gibas siji kang umur setaun, padha kanggo kurban obaran,

16. wedhus berok lanang siji, kanggo kurban pangruwating dosa;

17. lan kang kanggo kurban slametan: sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, lan wedhus gibas kang umur setaun lima. Iku mau pisungsunge Nahason bin Aminadab.

18. Ing dina kang kapindho kang ngladekake: Netaneel bin Zuar, pemimpine taler Isakhar.

19. Pisungsunge kang diladekake arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang miturut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

20. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

21. apadene sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gibas umur setaun, padha kanggo kurban obaran;

22. wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa;

23. lan kang kanggo kurban slametan: sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas kang umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Netaneel bin Zuar.

24. Ing dina kang katelu: pemimpine bani Zebulon, yaiku: Eliab bin Helon.

25. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang miturut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

26. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

27. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;

28. wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa;

29. lan kang kanggo kurban slametan: sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas kang umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Eliab bin Helon.

30. Ing dina kang kaping papat: pemimpine bani Ruben, yaiku Elizur bin Syedeur.

31. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang miturut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

32. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

33. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;

34. wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa;

35. lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lima, sarta wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Elizur bin Syedeur.

36. Ing dina kang kaping lima: pemimpine bani Simeon, yaiku Selamuel bin Zurisyadai.

37. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

38. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

39. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, padha kanggo kurban obaran;

40. wehdus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa;

41. lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, lan wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Selamuel bin Zurisyadai.

42. Ing dina kang kaping nem, pemimpine bani Gad, yaiku Elyasaf bin Rehuel.

43. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

44. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

45. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;

46. wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa;

47. lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, lan wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Elyasaf bin Rehuel.

48. Ing dina kang kaping pitu: pemimpine bani Efraim, yaiku Elisama bin Amihud.

49. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

50. karo piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

51. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;

52. wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa;

53. lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Elisama bin Amihud.

54. Ing dina kang kaping wolu: pemimpine bani Manasye, yaiku Gamaliel bin Pedazur.

55. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

56. karo piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

57. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;

58. wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa;

59. lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau pisungsunge Gamaliel bin Pedazur.

60. Ing dina kang kaping sanga: pemimpine bani Benyamin, yaiku Abidan bin Gideoni.

61. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan,

62. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

63. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;

64. wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa;

65. lan kang kanggo kurban slametan: sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Abidan bin Gideoni.

66. Ing dina kang kaping sepuluh: pemimpine bani Dhan, yaiku: Ahiezer bin Amisyadai.

67. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

68. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

69. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;

70. wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa;

71. lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Ahiezer bin Amisyadai.

72. Ing dina kang kaping sawelas: pemimpine bani Asyer, yaiku Pagiel bin Okhran.

73. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

74. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa,

75. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, padha kanggo kurban obaran,

76. wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa,

77. lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, lan wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Pagiel bin Okhran.

78. Ing dina kang kaping rolas: pemimpine bani Naftali, yaiku: Ahira bin Enan.

79. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

80. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

81. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gibas umur setaun siji, padha kanggo kurban obaran,

82. wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa,

83. lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, lan wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Ahira bin Enan.

84. Iki pratelane pisungsung kang saka para pemimpin Israel kanggo mulyakake misbyah nalika dijebadi, yaiku: pinggan salaka rolas, bokor salaka rolas, piring mas rolas.

85. Pinggan salaka iku bobote nyatus telung puluh sekel, bokor panyiraman mitung puluh sekel; salakane sakehe piranti iku bobote rong ewu patang atus sekel, ditimbang manut sekel suci.

86. Piring mas rolas mau padha kebak isi dupa, bobote piringe nyepuluh sekel, ditimbang manut sekel suci, mase sakehe piring mau bobot satus rong puluh sekel.

87. Gunggunge sapi kang kanggo kurban obaran iku, sapi lanang nom rolas, karo wedhus gibas lanang rolas, wedhus gibas umur setaun rolas, kanthi kurbane dhaharan; lan wedhus berok lanang kang kanggo kurban pangruwating dosa rolas.

88. Gunggunge kewan kang kanggo kurban slametan iku, sapi lanang nom patlikur, karo wedhus gibas lanang sawidak, wedhus berok lanang sawidak lan wedhus gibas kang umur setaun sawidak. Iku mau pisungsung kang kanggo mulyakake misbyah, sawuse kajebadan.

89. Anadene manawa Nabi Musa lumebet ing Tarub Pasewakan, arep imbal wacana klawan Panjenengane, banjur mireng swara kang mangandikani saka ing sadhuwure tutup karukunan kang tumumpang ing pethining angger-anggere Gusti Allah, saka ing antarane kerub loro, mangkono anggone mangandikani. edit 1: fajar 8.3.01