Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 21 Kitab Sutji (JAV)

Paprangan ing sacedhake Horma

21:1-3

1. Kacarita raja ing nagara Arad, kalebu bangsa Kanaan kang manggon ing tanah Negeb, bareng ngrungu warta yen wong Israel padha teka saka ing dalan ing Abarim, nuli nempuh perang nglawan wong Israel, sarta oleh tawanan wong sawatara.

2. Wong Israel banjur nglairake punagi marang Sang Yehuwah, unjuke: “Manawi bangsa punika sadaya Paduka ulungaken dhateng tangan kawula, kitha-kithanipun badhe sami kawula gempur dados jugrugan.”

3. Pangeran Yehuwah nyembadani marang panyuwune Israel, wong Kanaan kelakon diulungake; wong-wonge dalah kutha-kuthane padha kasirnakake. Mulane panggonan iku dijenengake Horma.

Ula tembaga

21:4-9

4. Sawuse mangkono banjur padha budhal saka ing gunung Hor, metu ing dalan penere sagara Teberau, arep ngubengi tanah Edom; ana ing dalan bangsa mau wus ora bisa sabar maneh,

5. banjur nglawan marang Gusti Allah lan marang Nabi Musa, pangucape: “Kenging punapa kula kok sami panjenengan kesahaken saking tanah Mesir? Punapa supados kula sami pejah wonten ing pasamunan ngriki? Ing ngriki boten wonten roti lan boten wonten toya, mangka kula sampun sami bosen dhateng tetedhan ingkang boten wonten raosipun punika.”

6. Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake ula mandi marang umat iku, kang banjur padha nyakoti wong akeh, temah panunggalane bangsa Israel akeh kang padha mati.

7. Wong-wong banjur padha sowan marang ngarsane Nabi Musa sarta matur: “Kula sampun sami damel dosa, dene ngantos nglawan dhateng Pangeran Yehuwah saha dhateng panjenengan; panjenengan mugi karsaa ndedonga dhateng Sang Yehuwah, supados karsaa nyirnakaken sawer-sawer punika saking kula.”

8. Nabi Musa nuli ndongakake umat iku, sarta Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira gawea rerekan ula mandi, banjur kapanjera ing cagak; ing kono saben wong kang kacakot, mangka tumuli mandeng marang rerekan ula iku, bakal lestari urip.”

9. Nabi Musa tumuli damel rerekan ula tembaga sarta kapanjer ing cagak; wasana saben wong kang kacakot ing ula, mangka banjur mandeng marang rerekan ula tembaga iku, iku lestari urip.

Lakune wong Israel tutug ing tanah Moab

21:10-20

10. Wong Israel banjur padha budhal sarta leren ana ing Obot.

11. Sawuse budhal saka ing Obot banjur padha nginep ing sacedhake jugrugan ing Abarim, ing pasamunan kang kaprenah ana ing sawetane tanah Moab.

12. Nuli padha budhal saka ing kono, sarta lereb ana ing lebake kali Zered.

13. Sawuse budhal saka ing kono, banjur padha nginep ana ing sabrange kali Arnon, kang ana ing pasamunan, sarta kang metu saka ing tlatahe bangsa Amori; dene kali Arnon iku dadi tapel-watese tanah Moab, kaprenah ana ing antarane bangsa Moab lan bangsa Amori.

14. Mulane ing buku critane perange Pangeran Yehuwah dipratelakake: “Waheb ing Sufa lan lebak-lebake kali Arnon,

15. sarta peperenge lebak-lebak; pepereng iku ambane nganti tekan ing papan prenahe kutha Ar, mepet karo tapel-watese tanah Moab.”

16. Saka ing kono lakune menyang ing Beer, yaiku sumur kang kadhawuhake dening Yehuwah marang Nabi Musa mangkene: “Bangsa iku sira klumpukna, nuli bakal Sunparingi banyu.”

17. Ing nalika iku wong Israel ngrepekake kidung kang surasane:“He, sumber, mumbula! Ayo padha kekidungan sesauran,marga saka sumur, kang kadhudhuk dening para raja iki,

18. kang didhudhuk dening para panggedhe ana ing satengahe bangsa ikukalawan jungkating karajan, kalawan tekene.”Saka ing pasamunan banjur padha budhal menyang ing Matana;

19. saka ing Matana menyang ing Nahaliel; saka ing Nahaliel menyang ing Bamot,

20. lan saka ing Bamot menyang ing lebak, ing wewengkone tanah Moab, sandhing pucake gunung Pisga, kang ngadhepake Ara-ara Samun.

Perang karo Sang Prabu Sihon raja ing Hesybon

21:21-30

21. Sawuse lelakon iku wong Israel nglakokake kongkonan marang ngarsane Sang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori, prelu ngaturake panyuwunan mangkene:

22. “Kawula mugi sami kalilana langkung ing nagari paduka, kawula badhe boten nyleweng dhateng pategilan utawi dhateng pakebonan anggur paduka, inggih boten badhe ngombe toyaning sumur paduka; namung margi ageng kemawon ingkang badhe kawula langkungi ngantos dumugi ing tapel-watesipun wewengkon paduka.”

23. Nanging Sang Prabu Sihon ora nglilani wong Israel ngliwati wewengkone, malah banjur nglumpukake wadya-balane kabeh, lan methukake wong Israel menyang ing pasamunan; satekane ing Yahas banjur nempuh perang nglawan Israel.

24. Nanging digecak dening wong Israel klawan landheping pedhang, sarta nagarane nuli diejegi, wiwit ing kali Arnon tutug ing kali Yabok, nganti tumeka ing tapel-watese tanahe bani Amon, amarga tapel-watese wilayahe wong bani Amon iku santosa.

25. Wong Israel padha ngrebut sakehe kuthane, sarta padha ngenggoni kuthane bangsa Amori kabeh, yaiku ing Hesybon lan ing sawewengkone kabeh.

26. Dene Hesybon iku kutha padalemane Sang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori; Sang Prabu iku dhek biyen paprangan karo ratu ing Moab kang dhisik, sarta kelakon bisa ngrebat nagarane kabeh nganti tekan ing kali Arnon.

27. Marga saka iku para juru ngarang kidung padha ngucap mangkene:“Padha maraa menyang Hesybon, nagarane Sang Prabu Sihon kabangunalan kasantosakna!

28. Sabab ana geni metu saka ing Hesybon,kutha padalemane Sang Prabu Sihonmetu urube, kang mangsa Ar-Moab,kang ngwasani tengger-tengger ing saurute kali Arnon.

29. Bilai sira Moab,sangsara sira, he bangsa Kamos!Anake lanang padha kadadekake wong keplayu,lan anake wadon padha dadi tawanane Sang Prabu Sihonratune bangsa Amori.

30. Wong-wong mau padha daktamani gegaman,Hesybon lebur nganti tekan ing Dhibon,lan kita dadekake pasamunan nganti tekan ing Naftalikang gumelar nganti tekan ing Medeba.”

Perang karo Sang Prabu Og ratu ing Basan

21:31--22:1

31. Kaya mangkono iku wong Israel banjur padha ngenggoni nagarane bangsa Amori.

32. Sawuse iku Nabi Musa tumuli utusan nelik marang kutha Yaezer, kutha-kutha wewengkone Yaezer padha karebut kabeh sarta wong Amori kang padha manggon ana ing kono padha ditundhungi.

33. Sabanjure padha minger nglurug menyang ing tanah Basan. Sang Prabu Og ratu ing Basan banjur methukake kalawan wadya-balane njujug ing Edrei.

34. Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira aja wedi karo wong iku, marga iku Sunulungake ing tanganira dalah rakyate kabeh apadene nagarane. Kabeh iku sira etrapana kaya anggonira wus ngetrapi marang Sihon ratune wong Amori kang manggon ana ing Hesybon.”

35. Sang Prabu Og mau tumuli disorake dalah putrane lan rakyate kabeh, nganti ora ana wonge siji bae kang bisa oncat, nagarane banjur diejegi. edit 1: fajar 01