Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 29 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing sasi kapitu tanggal sapisan sira padha nganakna pasamuwan suci, sarta aja nindakake sadhengah pagawean kang abot, iku dadia dina ngunekake kalasangka.

2. Ing dina iku sira padha nyaosna kurban obaran minangka ganda kang gawe renaning Pangeran Yehuwah arupa sapi lanang nom siji lan wedhus gibas lanang siji sarta wedhus gibas kang tanpa cacad umur sataun pitu;

3. karo kurbane dhaharan: glepung gandum pilihan, kaolah kalawan lenga, kehe telung prasapuluh efa kanggo sapi lanang mau, lan rong prasapuluh efa kanggo wedhuse gembel lanang,

4. dene wedhuse kang pitu iku kanggo siji-sijine saprasapuluh efa.

5. Apamaneh wedhus berok siji minangka kurban pangruwating dosa, kanggo nganakake pirukun tumrap sira,

6. kajaba kurban obaran saben tanggal sapisan lan kurban dhaharan, apadene kurban obaran ajegan sarta kurban dhaharan lan kurban unjukan, miturut pranatane, minangka ganda kang gawe renaning panggalih, kurban genenan konjuk marang Sang Yehuwah.

7. Ing sasi kapitu mau tanggal sapuluh sira padha nganakna pasamuwan suci lan padha ngesorna awak kalawan pasa; aja nglakoni sadhengah pagawean.

8. Ing dina iku sira padha nyaosna kurban obaran minangka ganda kang gawe rena konjuk marang Yehuwah, arupa sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gembel kang umur sataun pitu, kabeh mau kang tanpa cacad;

9. karo kurbane dhaharan: glepung gandum pilihan kaolah kalawan lenga, kanggo sapine telung prasapuluh efa, kanggo wedhuse gibas lanang rong prasapuluh efa,

10. lan kanggo wedhuse kang pitu iku siji-sijine saprasapuluh efa.

11. Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Iku kajaba kurban pangruwating dosa kang kanggo nganakake pirukun, lan kurban obaran ajegan karo kurban dhaharan apadene kurban unjukan.

12. Ing tanggal limalas sasi kapitu iku sira padha nganakna pasamuwan suci; sira aja nindakake pagawean kang abot; sira padha nganakna riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah, lawase pitung dina.

13. Ing wektu iku sira padha nyaosna kurban obaran minangka kurban genenan, kang gandane gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah arupa: sapi lanang nom telulas, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel kang umur sataun patbelas, kabeh mau kudu kang tanpa cacad;

14. uga kurbane dhaharan arupa glepung gandum pilihan kaolaha kalawan lenga; kanggo sapi lanang telulas mau saben sapi siji telung prasapuluh efa, lan kanggo wedhuse lanang loro iku saben wedhus siji rong prasapuluh efa;

15. sarta maneh kanggo wedhuse kang patbelas iku, saben wedhus siji saprasepuluh efa.

16. Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa; kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

17. Ing dina kang kapindho: sapi lanang nom rolas, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel umur sataun tanpa cacad patbelas;

18. karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku cacahe miturut pranatane.

19. Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurbane dhaharan lan kurban-kurbane unjukan.

20. Ing dina kang katelu: sapi lanang nom sawelas, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel tanpa cacad umur sataun patbelas;

21. karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku cacahe miturut pranatane.

22. Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurban dhaharan lan kurbane unjukan.

23. Ing dina kang kaping pat: sapi lanang nom sapuluh, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel kang tanpa cacad umur sataun patbelas,

24. karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse enom iku cacahe miturut pranatane.

25. Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

26. Ing dina kang kaping lima: sapi lanang nom sanga, wedhus gibas lanang loro, lan wedhus gembel kang tanpa cacad umur sataun patbelas;

27. karo kurbane dhaharan lan kurban-kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane;

28. lan wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa, kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurban dhaharan lan kurbane unjukan.

29. Ing dina kang kaping nem: sapi lanang nom wolu, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel kang tanpa cacad umur sataun patbelas,

30. karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane.

31. Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

32. Ing dina kang kaping pitu: sapi lanang nom pitu, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel kang tanpa cacad umur sataun patbelas,

33. karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane.

34. Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

35. Ing dina kang kaping wolu sira nganakna pasamuwan gedhe, sira aja nindakake pagawean kang abot.

36. Ing wektu iku sira padha saosa kurban obaran, kurban genenan, kang gandane gawe renaning Pangeran Yehuwah arupa sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gembel kang tanpa cacad kang umur sataun pitu.

37. Karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapine lanang, kanggo wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane.

38. Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Kabeh mau kajaba kurban obaran ajegan, kurbane dhaharan lan kurbane unjukan.

39. Iku mau kabeh kang kudu padha sira olah kagem Pangeran Yehuwah ing dina-dina riyayanira, minangka kurban-kurbanira obaran, kurban-kurbanira dhaharan, kurban-kurbanira unjukan lan kurban-kurbanira kaslametan lan kurban-kurbanira manasuka.”

40. Nabi Musa tumuli mituturi marang wong Israel miturut apa kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah kabeh marang Nabi Musa.