Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 32 Kitab Sutji (JAV)

Bab pangedume tanah sawetane bengawan Yarden

32:1-42

1. Anadene wong bani Ruben lan wong bani Gad iku raja-kayane akeh, malah luwih dening akeh. Nalika ndeleng tanah Yaezer lan tanah Gilead, tumuli padha mawas yen panggonan kono iku becik banget kanggo ngingu raja-kaya.

2. Mulane wong bani Gad lan wong bani Ruben mau banjur padha sowan sarta matur marang Nabi Musa lan marang Imam Eleazar, sarta marang para pemimpine umat:

3. “Nagari ing Astarot, Dibon, Yaezer, Nimra, Hesybon, Eleale, Sebam, Nebo saha ing Beon,

4. tanah ingkang sampun katelukaken dening Pangeran Yehuwah kangge umat Israel, punika tanah ingkang prayogi kadamel ngingah raja-kaya, mangka ingkang abdi punika sami ngingah raja-kaya.”

5. Sarta ature maneh: “Manawi kula sami angsal sih wonten ing ngarsa panjenengan, tanah punika mugi kaparingna dhateng para ingkang abdi dadosa darbek kula, kula mugi sampun ngantos sami kadhawuhan pindhah dhateng sabranging benawi Yarden.”

6. Nanging pangandikane Nabi Musa marang bani Gad lan marang bani Ruben: “Mangsa ta, sadulurmu padha perang, kowe kok padha arep kari ana ing kene?

7. Yagene kowe kok arep gawe nglokroning atine wong Israel nganti padha wegah nyabrang menyang tanah peparinge Sang Yehuwah marang wong-wong iku?

8. Kaya mangkono iku uga kang ditindakake dening para leluhurmu, nalika padha dakkongkon saka ing Kadesy-Barnea nelik tanah iku,

9. bareng wus padha tekan ing lebak Eskol, sarta wus ndeleng tanahe, nuli padha gawe nglokroning atine wong Israel, temah padha wegah menyang ing tanah peparinge Sang Yehuwah marang para umate.

10. Ing nalika samana bebendune Sang Yehuwah banjur mulad-mulad sarta Panjenengane ngandika klawan sumpah:

11. Satemene wong-wong kang wus padha metu saka ing tanah Mesir, kang umur rong puluh taun sapandhuwur, mesthi bakal ora ana kang bisa ndeleng tanah kang wus Sunprasetyakake klawan sumpah marang Abraham, Iskak lan Yakub, awitdene padha ora ngantepi anggone manut marang Ingsun,

12. kajaba mung Kaleb bin Yefune wong Kenas lan Yusak bin Nun, marga sakarone iku padha mbangun turut marang Yehuwah.

13. Kaya mangkono iku njalari mulad-mulading bebendune Pangeran Yehuwah marang Israel, sarta padha digawe nglambrang ana ing pasamunan nganti patang puluh taun lawase, nganti saenteke wong-wong kang padha nglakoni ala ana ing paningale Sang Yehuwah.

14. Mangka saiki kowe padha madeg nggenteni bapak-bapakmu, sawijining grombolan wong dosa, arep padha muwuhi bentering bebendune Pangeran Yehuwah marang wong Israel iku.

15. Manawa kowe padha nyingkur marang Panjenengane, masthi bakal ditilar luwih suwe ana pasamunan, dadi kowe kang padha njalari rusake bangsa iki kabeh.”

16. Ing kono wong-wong mau tumuli padha nyedhak Nabi Musa sarta matur: “Kula sami badhe damel kandhang-kandhang menda wonten ngriki kangge raja-kaya kula, sarta kitha-kitha kangge anak-anak kula;

17. nanging kula piyambak sami badhe enggal-enggal samekta dedamel lan badhe mlampah wonten ing ngajengipun tiyang Israel, ngantos dumugi ing panggenanipun; dene anak-anak kula badhe sami manggen wonten ing kitha-kitha ingkang santosa, margi saking tiyang bumi ing nagari punika.

18. Kula sami boten badhe wangsul mantuk dhateng griya kula ngantos dumugi saben tiyang Israel sampun nampeni siti pandumanipun,

19. awitdene kula sami boten badhe purun nampeni siti pusaka wonten ing sabranging benawi Yarden ing salajengipun, manawi kula sampun sami angsal panduman wonten ing sawetaning benawi Yarden ngriki.”

20. Pangandikane Nabi Musa marang wong-wong mau: “Manawa kowe padha arep nglakoni mangkono, padha arep samekta ing perang ana ing ngarsane Sang Yehuwah,

21. lan kowe kabeh, sawuse sikep gegaman banjur padha arep nyabrang ing bengawan Yarden ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nganti tumeka mungsuhe wus padha katundhung dening Panjenengane saka ing ngarsane,

22. satemah nagara iku wus teluk ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dadine manawa besuk kowe padha mulih, kowe wus padha luwar saka kawajibanmu marang Sang Yehuwah lan marang Israel, sarta tanah kene iki masthi dadi duwekmu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

23. Balik manawa kowe padha ora nglakoni kaya mangkono, dadi kowe nyata-nyata padha gawe dosa marang Sang Yehuwah, sarta kowe bakal padha ngrasakake yen dosamu iku masthi bakal nempuh marang kowe.

24. Kang iku iya wus padha gawea kutha-kutha kanggo anak-anakmu lan kandhang-kandhang kanggo wedhusmu, dene apa kang wus kokucapake iku padha lakonana.”

25. Bani Gad lan bani Ruben banjur padha matur marang Nabi Masa: “Ingkang abdi sami badhe nglampahi punapa ingkang dados dhawuh panjenengan.

26. Anak semah kula kaliyan raja-kaya kula saha kewan gadhahan kula sadaya badhe kantun wonten ing ngriki, ing kitha-kithanipun tanah Gilead,

27. nanging ingkang abdi sadaya sami badhe nyabrang lan nglurug perang wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, inggih punika sadaya tiyang ingkang sembada ing perang, netepi punapa sadhawuh panjenengan.”

28. Nabi Musa tumuli ngundhangake bab ing ngatase wong-wong mau marang Imam Eleazar lan marang Yusak bin Nun sarta marang para pemimpining golongane talere Israel.

29. Pangandikane marang wong-wong iku: “Manawa bani Gad lan bani Ruben wus padha melu kowe nyabrang ing bengawan Yarden, prelu nglurug perang ana ing ngarsane Sang Yehuwah, yaiku kabeh wong kang sikep gegamaning perang, sarta manawa tanah iku wus teluk marang kowe, tanah Gilead iki kudu kokwenehake minangka duweke,

30. nanging manawa padha ora melu kowe nyabrang klawan sikep gegaman, padha kapandumana tanah minangka darbeke ana ing antaramu ana ing tanah Kanaan.”

31. Bani Gad lan bani Ruben banjur padha mangsuli, ature: “Punapa ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah dhateng ingkang abdi sadaya, punika badhe sami kula estokaken.

32. Kula badhe sami nyabrang kanthi sikep dedamel wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah dhateng tanah Kanaan, dene panduman kula siti lestantuna wonten ing sabranging benawi Yarden punika.”

33. Bani Gad lan bani Ruben sarta separone taler Manasye putrane Sang Yusuf, padha diparingi dening Nabi Musa: karajane Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, lan karajane Sang Prabu Og, ratu ing Basan, yaiku nagarane dalah kutha-kuthane nagara kono kabeh lan wewengkone kutha iku kabeh.

34. Bani Gad banjur padha mbangun kutha Dibon, Atarot lan Aroer;

35. Atarot-Sofan, Yaeser lan Yogbeha;

36. Bet-Nimra, Bet-Haran, padha kadadekake kutha santosa lan kanggo papaning kandhang-kandhang wedhus.

37. Dene bani Ruben padha mbangun kutha Hesybon, Eleale lan Kiryataim,

38. Nebo, Baal Meon, Masabot-Sem lan Sibma, sarta kutha-kutha kang kabangun iku padha disalini jenenge.

39. Bani Makhir bin Manasye iku padha nglurug menyang ing Gilead, kang banjur karebut, lan wong Amori kang manggon ing kono padha katundhung.

40. Makhir bin Manasye mau banjur diparingi tanah Gilead dening Nabi Musa sarta iya banjur dienggoni.

41. Anadene Yair bin Manasye iku tumuli nglurug lan ngrebut desa-desane, banjur dijenengake Hawot-Yair.

42. Dene Nobah nglurug lan ngrebut negara Kehat lan sawewengkone kabeh, sarta dijenengake Nobah, miturut saka jenenge dhewe.