Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 30 Kitab Sutji (JAV)

Bab punagine wong wadon

30:1-16

1. Nabi Musa ngandika marang para pemimpine talere Israel mangkene: “Iki prakara kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah.

2. Manawa ana wong lanang nglairake punagi utawa nglairake sumpah marang Sang Yehuwah, iku kawengku ing kasaguhane ing bab sawijining prakara, mulane aja nganti nerak janjine; apa kang wus diucapake iku kudu ditetepi.

3. Balik manawa wong wadon kang nglairake punagi marang Sang Yehuwah, iku kawengku ing kasaguhane ing bab sawijining prakara ana ing omahe bapakne, yaiku sajrone isih prawan.

4. Mangka bapakne mau krungu punagine lan janjine, nanging bapakne mau ora kandha apa-apa marang anake mau; manawa mangkono apa sapunagine kabeh mesthi tetep lan apa bae kang dadi janjine iya mesthi tetep.

5. Nanging saupama bapakne nalika krungu bab iku nuli ngelikake, dadi apa sapunagine lan apa kang dadi kasaguhane iku ora kanggo, sarta bakal diapura dening Pangeran Yehuwah, marga wus dielikake dening bapakne.

6. Nanging manawa wong wadon mau omah-omah, mangka isih duwe punagi utawa salah sawijining janji kang diucapake klawan tanpa dipikir lan kang nencang marang wong iku,

7. lan somahe iya krungu bab iku, mangka meneng bae nalika krungu mau, dadi punagine mesthi tetep lan kasaguhane kang nencang iku iya tetep.

8. Nanging saupama somahe nalika krungu bab iku tumuli ngelikake, iku mbatalake punagi lan janji kang diucapake dening kang wadon klawan tanpa dipikir mau, lan kang nencang bojone iku, dene Pangeran Yehuwah bakal paring pangapura marang bojone.

9. Mungguh punagine randha utawa wong wadon kang kapegat, kabeh kang nencang dheweke, iku tetep ana ing awake.

10. Dene manawa ana wong wadon ana ing omahe banjur nglairake punagi utawa nglairake janji klawan sumpah,

11. mangka lakine krungu, nanging meneng bae lan ora ngelingake, dadi apa sapunagine kabeh mesthi tetep, lan apa bae kang dadi janjine wong wadon iku mesthi tetep.

12. Balik saupama bojone nalika krungu mau tumuli mbatalake prakara iku kalawan keras, apa kang wus diucapake dening kang wadon, iya punagine iya kasaguhane iku batal, wus dibatalake dening bojone, sarta kang wadon bakal diapura dening Pangeran Yehuwah.

13. Sadhengah punagine wong wadon lan sadhengah janjine kalawan sumpah, arep ngesorake awake kalawan pasa, iku bojone kang wenang netepake, lan iya bojone kang wenang mbatalake.

14. Nanging manawa bojone sadina-dina mung tansah meneng bae, iku dadine wus netepake sakehe punagine kang wadon, utawa sakehe kasaguhane kang dadi sanggane kang wadon mau. Anggone netepake iku, marga nalika krungu bab iku meneng bae.

15. Nanging manawa anggone mbatalake mau let sawatara dina karo krungune, kang lanang kang bakal nyangga kaluputane kang wadon.”

16. Iku mau pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, yaiku ing antarane wong lanang lan somahe, sarta ing antarane bapa karo anake wadon kang isih prawan ana ing omahe bapakne.