Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 12 Kitab Sutji (JAV)

Pambalelane Ibu Miryam lan Imam Harun

12:1-16

1. Kacarita Ibu Miryam lan Imam Harun padha nutuh marang Nabi Musa prakara wong wadon bangsa Etiopia kang wus dipundhut garwa, marga panjenengane pancen wus mundhut garwa wong bangsa Etiopia iku.

2. Pangucape Ibu Miryam lan Imam Harun: “Apa Pangeran Yehuwah iku anggone maringake pangandika mung lumantar Musa bae, apa ora iya lumantar kita uga?” Mangka kang mangkono mau kapiyarsa dening Sang Yehuwah.

3. Anadene Nabi Musa iku luwih dening alus bebudene, ngungkuli sakehe wong ing salumahe bumi.

4. Padha sanalika Sang Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun sarta Ibu Miryam: “Sira wong telu padha sebaa menyang Tarub Pasewakan.” Wong telu iku tumuli iya padha seba.

5. Pangeran Yehuwah banjur tumedhak ana ing sajroning tugu mega, lan jumeneng ana ing lawanganing tarub, tumuli nimbali Imam Harun lan Ibu Miryam. Sakarone iya padha banjur ngadhep.

6. Panjenengane nuli ngandika: “Samengko sira padha ngrungokna pangandikaningSun iki: Manawa ing satengahira ana nabi, anggoningSun ngatingal marang wong iku sarana wahyu, lan anggoningSun maringi pangandika sarana impen:

7. ora kaya mangkono mungguh abdiningSun Musa, iku tumemen ana ing sapadalemaningSun kabeh,

8. aben lesan anggoningSun ngandikan, klawan terus terang, ora klawan cangkriman, malah nganti kalilan ndeleng pasemone Pangeran Yehuwah. Kang iku yagene sira kok ora wedi nutuh marang abdiningSun Musa iku?”

9. Ing kono mulad-mulad bebendune Sang Yehuwah marang wong loro mau sarta tumuli jengkar.

10. Bareng megane wus pindhah saka ing sadhuwure tarub, lah Ibu Miryam iku nandhang memala saraat, rupane putih kaya salju; nalika Imam Harun noleh marang Ibu Miryam, katon wus nandhang memala saraat.

11. Imam Harun banjur matur marang Nabi Musa: “Ah dhimas, dosa iki bok aja katempuhake marang aku sakloron, kang tumindak mangkono ing sajroning kabodhoanku.

12. Keng bakyu aja ditegakake ing sajroning kaanan kaya bayi lair wus mati iku, kang nalika metu saka ing guwa garbane ibune, daginge wus setengah bosok.”

13. Nabi Musa tumuli sesambat marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa nyarasaken piyambakipun.”

14. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Saupama diidonana raine dening bapakne, apa ora nandhang kawirangan nganti pitung dina? Dheweke kasetrakna ana ing sajabane pakemahan nganti pitung dina, sawuse mangkono kena ditampani maneh.”

15. Ibu Miryam dadine banjur disetrakake ana ing sajabane palereban lawase pitung dina; lan wong-wong padha ora budhal sadurunge Ibu Miryam katampan maneh.

16. Sawuse mangkono banjur budhal saka ing Hazerot, banjur padha lereb ana ing pasamunan Paran.