Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 26 Kitab Sutji (JAV)

Wong Israel kacacahake kang kaping pindhone

26:1-65

1. Kacarita sawuse anane wewelak iku mau, Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan marang Imam Eleazar putrane Imam Harun:

2. “Sira padha nacahna wong Israel saumat kabeh kang umur rong puluh taun sapandhuwur, miturut talere, iya wong-wong kang sembada ing perang.”

3. Nabi Musa lan Imam Eleazar banjur ngandika marang wong Israel ana ing tanah ngare ing Moab, ing sapinggiring bengawan Yarden sacedhake Yerikho:

4. “Kabeh wong kang umur rong puluh taun sapandhuwur iku cacahna!” -- kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau.Iki pratelane wong Israel kang padha metu saka ing tanah Mesir.

5. Rama Ruben iku pambajenge Rama Israel; dene mungguh turune Rama Ruben miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Henokh iku bani Henokh; saka Rama Palu iku bani Palu.

6. Rama Hezron iku bani Hezron lan kang saka Rama Karmi iku bani Karmi.

7. Iku mau golongane bani Ruben, dene wonge kang padha kacacahake ana patang puluh telu ewu pitung atus telung puluh.

8. Putrane Rama Palu iku Eliab;

9. anake Eliab iku Nemuel, Datan lan Abiram. Mungguh Datan lan Abiram wong kang pinilih dening umat iku kang padha mbalela marang Nabi Musa lan Imam Harun, kalawan sakuthon karo grombolane Korakh, nalika padha mbalela marang Sang Yehuwah.

10. Nanging bumi banjur ngangapake cangkeme lan nguntal marang wong-wong mau bebarengan karo Korakh, satemah grombolane padha mati, dalasan wong rong atus seket padha kamangsa ing geni minangka pangeling-eling,

11. nanging anake Korakh padha ora mati.

12. Turune Rama Simeon miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Nemuel iku bani Nemuel; kang saka Rama Yamin iku bani Yamin; kang saka bani Yakhin iku bani Yakhin;

13. kang saka Rama Zerakh iku bani Zerakh lan kang saka Rama Saul iku bani Saul.

14. Iku mau golongane bani Simeon, dene wonge kang padha kacacahake ana rolikur ewu rong atus.

15. Turune Rama Gad miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Zefon iku bani Zefon; kang saka Rama Khagi iku bani Khagi; kang sama Rama Syuni iku bani Syuni;

16. kang saka Rama Ozni iku bani Ozni; kang saka Rama Eri iku bani Eri;

17. kang saka Rama Arod iku bani Arod; kang saka Rama Areli iku bani Areli.

18. Iku mau golongane bani Gad, dene wonge kang padha kacacahake ana patang puluh ewu limang atus.

19. Para putrane Rama Yehuda yaiku Rama Er lan Rama Onan; Rama Er lan Onan wus padha seda ana ing tanah Kanaan.

20. Turune Rama Yehuda miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Syela iku bani Syela; kang saka Rama Peres iku bani Peres lan kang saka Rama Zerakh iku bani Zerakh;

21. bani Peres yaiku: saka Rama Hezron iku bani Hezron lan kang saka Rama Hamul iku bani Hamul.

22. Iku mau golongane bani Yehuda, dene wonge kang padha kacacahake ana pitung puluh nem ewu limang atus.

23. Turune Rama Isakhar miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Tola iku bani Tola; kang saka Rama Pua iku bani Pua;

24. kang saka Rama Yasub iku bani Yasub lan kang saka Rama Simron iku bani Simron.

25. Iku mau golongane bani Isakhar, dene mungguh wonge kang padha kacacahake ana sawidak papat ewu telung atus.

26. Turune Rama Zebulon miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Sered iku bani Sered; kang saka Rama Elon iku bani Elon; kang saka Rama Yahleel iku bani Yahleel.

27. Iku mau golongane bani Zebulon, dene mungguh wonge kang padha kacacahake ana suwidak ewu limang atus.

28. Putrane Rama Yusuf iku Rama Manasye lan Rama Efraim.

29. Turune Rama Manasye miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Makhir iku bani Makhir; lan Rama Makhir peputra Gilead; Rama Gilead iku nurunake bani Gilead.

30. Iki turune Rama Gilead: kang saka Rama Iezer iku bani Iezer; kang saka Rama Helek iku bani Helek;

31. kang saka Rama Asriel iku bani Asriel; kang saka Rama Sekem iku bani Sekem;

32. kang saka Rama Semida iku bani Semida lan kang saka Rama Hefer iku bani Hefer.

33. Anadene Zelafehad bin Hefer iku ora duwe anak lanang, mung wadon bae; dene anake wadon Zelafehad iku jenenge: Makhla, Noa, Hogla, Milka lan Tirza.

34. Iku mau golongane bani Manasye, dene mungguh wonge kang padha kacacahake ana seket loro ewu pitung atus.

35. Iki turune Rama Efraim miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Sutelah iku bani Sutelah; kang saka Rama Bekher iku bani Bekher; kang saka Rama Tahan iku bani Tahan.

36. Dene turune Rama Sutelah, kang saka Rama Eran iku bani Eran.

37. Iku mau golongane bani Efraim, dene wonge kang padha kacacahake ana telung puluh loro ewu limang atus. Iku mau turune Rama Yusuf manut golongane.

38. Turune Rama Benyamin miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Bela iku bani Bela; kang saka Rama Asybel iku bani Asybel; kang saka Rama Ahiram iku bani Ahiram;

39. kang saka Rama Sefufam iku bani Sefufam; kang saka Rama Hufam iku bani Hufam;

40. Putrane Rama Bela iku Rama Ared lan Rama Naaman. Kang saka Rama Ared iku bani Ared lan kang saka Rama Naaman iku bani Naaman.

41. Iku mau golongane bani Benyamin, dene mungguh wonge kang padha kacacahake ana patang puluh lima ewu nem atus.

42. Turune Rama Dhan miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Suham iku bani Suham. Iya iku golongane turune Rama Dhan.

43. Sakehe golongane bani Suham kang padha kacacahake ana sawidak papat ewu patang atus.

44. Turune Rama Asyer miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Yimna iku bani Yimna; kang saka Rama Yiswi iku bani Yiswi lan kang saka Rama Beria iku bani Beria.

45. Turune Rama Beria iku: kang saka Rama Heber iku bani Heber; kang saka Rama Malkiel iku bani Malkiel.

46. Anadene putrane Rama Asyer kang estri asmane Serah.

47. Iku mau golongane bani Asyer, dene mungguh wonge kang padha kacacahake ana seket telu ewu patang atus.

48. Turune Rama Naftali miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Yahzeel iku bani Yahzeel; kang saka Rama Guni iku bani Guni;

49. kang saka Rama Yezer iku bani Yezer; kang saka Rama Syilem iku bani Syilem.

50. Iku mau golongane bani Naftali, dene mungguh wonge kang padha kacacahake ana patang puluh lima ewu patang atus.

51. Wong Israel kang padha kacacahake iku mau gunggunge kabeh ana: nem atus siji ewu pitung atus telung puluh.

52. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:

53. “Taler-taler iku padha kawenehana panduman tanah miturut jeneng-jeneng kang kacathetan, dadia pusakane.

54. Kang akeh cacahe kaparingana panduman tanah pusaka kang akeh, lan kang sathithik kaparingana panduman tanah pusaka sathithik; saben taler padha kapandumana dhewe-dhewe miturut jeneng-jeneng kang kacathetan.

55. Ewasamono pangedume tanah iku kudu srana kaundhi; anggone padha tampa panduman mituruta jenenging talere leluhure.

56. Panduman duweke siji-sijining taler mesthi undha-usuk kehsathithike lan mituruta ing satibane undhi.”

57. Anadene bani Lewi kang kacacahake miturut golongane iku mangkene: kang saka Rama Gerson iku bani Gerson; kang saka Rama Kehat iku bani Kehat; kang saka Rama Merari iku bani Merari.

58. Iki golongane turune Rama Lewi: golongane bani Kehat, golongane bani Libni, golongane bani Hebron, golongane bani Makhli, golongane bani Musi lan golongane bani Korakh. Anadene Rama Kehat peputra Amram.

59. Garwane Rama Amram iku Ibu Yokhebet, putrane Rama Lewi, kang miyos ana ing tanah Mesir. Ibu Yokhebet iku mbabar Imam Harun lan Nabi Musa apadene Ibu Miryam sadhereke estri, patutan karo Rama Amram.

60. Imam Harun peputra Imam Nadab, Abihu, Eleazar lan Imam Itamar.

61. Nanging Imam Nadab lan Abihu iku seda nalika padha ngunjukake geni kang dudu mesthine ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

62. Anadene wonge kang padha kacacahake iku ana telu likur ewu, yaiku sakehe kang lanang kang umur sasasi sapandhuwur; marga anggone kacacahake ora bebarengan karo wong Israel liyane, awit padha ora kapanduman tanah pusaka ana ing antarane wong Israel.

63. Iku mau pratelane kang padha kacacahake dening Nabi Musa lan Imam Eleazar nalika padha ana ing tanah ngare ing Moab, ing sabrange bengawan Yarden, sacedhake kutha Yerikho.

64. Anadene panunggalane iku ora ana siji bae kang biyen wus kacacahake dening Nabi Musa lan Imam Harun nalika padha ana ing pasamunan Sinai.

65. Marga Pangeran Yehuwah wus ngandika: “Iku mesthi bakal padha mati ana ing pasamunan.” Dene panunggalane ora ana kang isih urip kajaba mung Kaleb bin Yefune lan Yusak bin Nun.