Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 3 Kitab Sutji (JAV)

Bab wong Lewi

3:1--4:49

1. Iki tedhake Rama Harun lan Nabi Musa ing nalikane Sang Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai.

2. Asmane para putrane Rama Harun, kang pambajeng Nadab, banjur Abihu, Eleazar lan Itamar.

3. Iku mau asmane para putrane Rama Harun, imam-imam kang padha kajebadan, lan wus katetepake supaya nindakake kaimaman.

4. Nanging Nadab lan Abihu wus ngajal ana ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing pasamunan ing Sinai, nalika padha nyaosake geni kang ora samesthine ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta padha ora duwe turun. Mulane Eleazar lan Itamar kang nindakake kaimaman nalika Rama Harun, kang rama, isih sugeng.

5. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

6. “Taler Lewi padha dhawuhana maju lan ngadhep marang Imam Harun, supaya padha ngladenana.

7. Iku padha netepana kuwajibane kang tumrap marang Harun lan kanggo para umat Israel kabeh ana ing ngarepe Tarub Pasewakan, dadi padha nglakoni pagawean kang lumadi marang Tarub Suci.

8. Iku padha rumeksaa marang sakehe pirantine Tarub Pasewakan, sarta padha netepana kuwajibane kang tumrap marang wong Israel, dadi padha nglakoni pagawean kang lumadi marang Tarub Suci.

9. Wong-wong Lewi iku padha kapasrahna marang Harun lan para anake; saka ing antarane wong Israel wong-wong mau padha kapasrahna babar pisan marang Harun.

10. Dene mungguh Harun lan anak-anake iku sira pataha ngimami, dene wong liya kang nyedhak kaukuma pati.”

11. Sang Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

12. “Lah Ingsun kang mundhut wong Lewi saka ing satengahe wong Israel, kagawe gantine sakehe anake pambarep, kang lair saka ing guwagarba; wong Lewi iku padha dadia kagunganingSun,

13. awitdene sadhengah anak pambarep iku kagunganingSun. Nalika Ingsun mateni sakehe anak pambarep ing tanah Mesir, nuli sakehe anak pambarep ing Israel padha Sunsengker dadi kagunganingSun; Ingsun iki Yehuwah.”

14. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing pasamunan ing gunung Sinai:

15. “Wong bani Lewi iku padha cacahna miturut kula-wangsane lan miturut gotrahe; sakehe kang lanang kang umure sasasi sapandhuwur, iku padha kacacahna kabeh.”

16. Nabi Musa banjur nacahake bani Lewi miturut pangandikane Sang Yehuwah, kaya anggone wus kadhawuhan mau.

17. Iki asmane para putrane Rama Lewi: Gerson, Kehat lan Merari.

18. Iki asmane putrane Rama Gerson miturut gotrahe: Libni lan Simei.

19. Para putrane Rama Kehat miturut gotrahe, yaiku: Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel.

20. Iki putrane Rama Merari miturut gotrahe: Makhli lan Musi.Yaiku gotrah-gotrahe para bani Lewi miturut kula-wangsane.

21. Rama Gerson nurunake bani Libni lan bani Simei; yaiku gotrahe bani Gerson.

22. Cacahe kang lanang kang umur sasasi sapandhuwur iku, kaetung ana pitung ewu limang atus.

23. Gotrahe bani Gerson iku anggone padha manggon ana ing saburine Tarub Suci ing iring kulon.

24. Kang dadi pemimpine kulawangsane bani Gerson iku: Elyasaf bin Lael.

25. Bubuhane bani Gerson ana ing Tarub Pasewakan yaiku: ngrumat Tarub Suci, Tarub lan payone, wrananing lawange Tarub Pasewakan,

26. geber ing plataran lan wrananing plataran kang ana ing saubenge Tarub Suci lan misbyah, tali-taline, lan liya-liyane kang magepokan karo sakabehe mau.

27. Kang kalebu kula-wangsane Rama Kehat yaiku bani Amram, bani Yizhar, bani Hebron lan bani Uziel; yaiku gotrahe bani Kehat.

28. Sagolongane kang lanang kang umur sasasi sapandhuwur nalika kacathetan cacahe ana wolung ewu nem atus, iku padha rumeksa barang-barang ing pasucen.

29. Gotrahe bani Kehat iku anggone lereb ana ing sakidule Tarub Suci.

30. Kang dadi pemimpine kula-wangsane lan gotrahe bani Kehat iku: Elisafan bin Uziel.

31. Bubuhane ngrumat: pethi, meja, padamaran, misbyah lan piranti ing pasucen kang dianggo pangibadah, apadene geber, lan liya-liyane kang magepokan karo pagawean mau kabeh.

32. Anadene Rama Eleazar putrane Imam Harun iku kang dadi pucuk pimpinane wong bani Lewi, kang manggedheni marang kang padha rumeksa barang-barang ing pasucen.

33. Kang kalebu kula-wangsane Rama Merari yaiku bani Makhli lan bani Musi; yaiku gotrah-gotrahe Rama Merari.

34. Sagolongane kang lanang kang umure sasasi sapandhuwur nalika dicatheti cacahe ana nem ewu rong atus.

35. Kang dadi pemimpine kula-wangsane lan gotrahe bani Merari iku: Zuriel bin Abihail. Pakuwone ana ing salore Tarub Suci.

36. Bubuhane para bani Merari iku: ngopeni blabage Tarub Suci, kendhite, sakane dalah ompake sarta sakehe pirantine, lan liya-liyane kang magepokan karo pagawean mau kabeh;

37. uga cagake plataran mubeng dalah ompake, pathoke lan tali-taline.

38. Kang lereb ana ing ngarepe Tarub Suci ing sisih wetan, ing sangarepe Tarub Pasewakan, Nabi Musa lan Rama Harun saputra-putrane, kang padha nglakoni bubuhan rumeksa pasucen kanggo wong Israel; mangka wong liya kang nyedhak iku mesthi kaukum pati.

39. Sakehe wong bani Lewi kang kacacahake dening Nabi Musa miturut dhawuhe Sang Yehuwah, manut gotrahe, kang lanang kang umur sasasi sapandhuwur iku ana rolikur ewu.

40. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira nacahna sakehe anak lanang pambarep Israel kang umure sasasi sapandhuwur, padha kaetunga gunggunge,

41. Ingsun pilihna wong-wong Lewi -- Ingsun iki Yehuwah -- dadia gantine sakehe anake pambarepe wong Israel, lan raja-kayane wong Lewi dadia lirune sakehe pambarep ing antarane raja-kayane wong Israel.”

42. Nabi Musa banjur nacahake sakehe anake pambarep wong Israel, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang panjenengane.

43. Sakehe anak pambarep lanang kang umur sasasi sapandhuwur kang padha kacathetan jenenge, cacahe ana rolikur ewu rong atus pitung puluh telu.

44. Sang Yehuwah banjur ngandika marang Musa:

45. “Ingsun pundhutna wong Lewi dadia gegentine sakehe anak pambarepe wong Israel, lan uga raja-kayane wong Lewi lirune raja-kayane wong Israel; wong Lewi iku dadia kagunganingSun; Ingsun iki Yehuwah.

46. Minangka panebuse para pambarepe wong Israel kang rong atus pitung puluh telu, kang cacahe ngluwihi wong bani Lewi iku,

47. saben wong siji sira dhawuhana setor dhuwit limang atus sekel, miturut sekel suci, kang sasekele bobote rong puluh gerah.

48. Dhuwit iku sira tampakna marang Harun lan para anake minangka tebusane wong-wong kang keluwihen iku.”

49. Nabi Musa banjur mundhut dhuwit tebusan tumrap wong-wong kang cacahe keluwihen tinimbang kang wus ditebus dening para wong Lewi mau,

50. dhuwit iku mau kapundhut saka para pambarepe wong Israel, gunggung sewu telung atus suwidak lima sekel, miturut timbangan sekel suci.

51. Dhuwit tebusan iku nuli ditampakake Nabi Musa marang Imam Harun lan para putrane nocogi pangandikaning Yehuwah, kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa. edit 1: fajar 21 des'00