Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 18 Kitab Sutji (JAV)

Kuwajiban lan pametune para imam lan bani Lewi

18:1-32

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Imam Harun: “Sira lan anak-anakira dalah turune leluhurira kudu padha nyangga sadhengah kaluputan marang ing pasucen; sabanjure mung sira lan anak-anakira kang nanggung sadhengah kaluputan, kang dilakoni ing sajroning kalenggahanira imam.

2. Mangkono uga para sadulurira talere Lewi, iya talere leluhurira iya konen seba bareng karo sira supaya padha dadi kanthinira lan ngladenana marang sira, nalika sira dalah anak-anakira padha ngadhep ana ing Tarube angger-angger.

3. Padha nglakonana kuwajibane ngladeni marang sira, lan tumrap ing satarub kabeh; nanging aja nganti padha nyedhaki marang pirantine pasucen lan marang misbyah, supaya aja nemahi pati, iya wong-wong iku iya sira dhewe.

4. Kudu padha dadi kanthinira lan nglakonana kuwajibane tumrap ing Tarub Pasewakan miturut sakehe ayahan ing tarub iku, nanging wong-wong lumrah aja ana kang nyedhaki sira.

5. Dene sira iku kang padha rumeksa marang pasucen lan misbyah, supaya wong Israel aja nganti padha kataman bebendu maneh.

6. Lah Ingsun wus mundhut para sadulurira wong Lewi saka ing antarane wong Israel minangka peparing marang sira kang sumaos marang Pangeran Yehuwah, supaya padha nglakonana ayahan ana ing Tarub Pasewakan;

7. nanging sira dalah anak-anakira padha dadia imam lan nindakna samubarang kang magepokan karo misbyah lan tumrap sadhengah apa kang ana ing saburine geber, iku padha sira tindakna; bubuhanira kaimaman iku anggoningSun maringake marang sira minangka ganjaran; wong lumrah kang nyedhak ing kono kaukuma pati.”

8. Ana maneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Imam Harun mangkene: “Lah Ingsun wus maringi bubuhan marang sira rumeksa marang pisungsung-mligi kagem Ingsun; sakehe pisungsunge sengkeran wong Israel Sunparingake marang sira lan anak-anakira minangka pandumanira; iku katetepan kanggo ing salawase.

9. Mungguh sesengkeran kang suci pinunjul, yaiku kang ora kudu kaobong, iku dadia bageanira, iya sarupane sesaosan kang arupa kurban dhaharan utawa kurban pangruwating dosa sarta kurban dhendha kang disaosake marang Ingsun, iku bagean suci pinunjul kang dadi pandumanira lan anak-anakira.

10. Iku kapangana minangka panduman kang suci pinunjul. Sakehe wong lanang kena mangan; iku pandumanira kang sengkeran.

11. Sarta kang kasebut iki iya dadia pandumanira: pisungsung-mligi yaiku sesaosane liyane, kalebu uga pisungsung goyangan leladene wong Israel, Sunparingake marang sira dalah saanak putunira lanang lan wadon, iku dadia pranatan kanggo ing salawase. Saben gegelitaning brayatira kang ora najis kena mangan iku.

12. Sakehe lenga pilihan lan anggur pilihan apadene gandum, iya wiwitaning pametu kang padha disaosake marang Sang Yehuwah, iku Sunparingake marang sira;

13. wiwitaning pametune sadhengah kang thukul ana ing bumine kang disaosake marang Pangeran Yehuwah, iku iya dadi pandumanira; saben gegelitaning brayatira kang ora najis kena mangan iku.

14. Kabeh kang kasengker kagem Sang Yehuwah ana ing wewengkone Israel iku dadi bageanira.

15. Sadhengah kang lair dhisik saka wetenganing angger daging, kang disaosake marang Pangeran Yehuwah, dadia arupa manungsa utawa kewan, iku dadia pandumanira. Nanging pambarepe manungsa iku sira tebusa; mangkono uga pambarepe kewan kang karam iya katebusa.

16. Anadene dhuwit tebusane iku, tumrap manungsa wiwit umur sesasi tebusane miturut sapamurwatira, dhuwit limang sekel selaka, miturut sekelan pasucen; sekel iki bobote ana rong puluh gera.

17. Nanging pambarepe sapi, wedhus gibas utawa wedhus jawa, iku aja sira tebus, kabeh iku padha dadia sengkeran, getihe kasiramna ing misbyah lan gajihe kaobonga dadi kurban genenan, kang gandane njalari renaning panggalihe Pangeran Yehuwah;

18. dene daginge iku dadi pandumanira, kayadene pisungsung dhadha lan sampile kang tengen, iku iya dadi pandumanira.

19. Sakehe pisungsung-mligi sengkeran kang padha dipisungsungake dening wong Israel marang Pangeran Yehuwah, iku Sunparingake marang sira dalah saanak-anakira lanang lan wadon, minangka pranatan kang kanggo ing salawase, iku prajanjian kang mawa uyah kanggo ing salawase ana ing ngarsane Sang Yehuwah kanggo sira dalah saturunira.”

20. Karomaneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Imam Harun: “Ana ing nagarane sira ora bakal oleh tanah pusaka lan ora bakal oleh panduman ana ing tengahe; Ingsun kang dadi pandumanira sarta pusakanira ana ing tengahe wong Israel.

21. Mungguh wong bani Lewi, lah iku padha Sunparingi sakehe pisungsunge prasepuluhan wong Israel minangka pusaka, kanggo pituwase ayahan kang dilakoni, yaiku kuwajibane ana ing Tarub Pasewakan.

22. Dene wong Israel aja ana maneh kang nyedhaki Tarub Pasewakan, satemah ndadekake dosane lan banjur nemahi pati,

23. mung wong bani Lewi kang padha nglakonana ayahane ana ing Tarub Pasewakan, lan iku padha nyanggaa apa kang dadi kaluputane; iku dadia pranatan kanggo ing salawase nganti ing saturun-turunira; wong iku ora bakal padha oleh bumi pusaka ana ing tengahe wong Israel;

24. awitdene pisungsung prasepuluh kang disaosake dening wong Israel marang Pangeran Yehuwah, minangka panduman mligi, iku Sunparingake marang para bani Lewi minangka pusakane, mulane wus padha Sunpangandikani: Ora bakal oleh bumi pusaka ana ing tengahe wong Israel.”

25. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

26. “Sira kandhaa marang para wong bani Lewi, padha tuturana: Samangsa sira padha nampani pisungsung prasepuluhan saka wong Israel, kang wus Sunparingake marang sira dadi pusakanira, sira banjur padha nyaosna saperangane iku konjuk marang Sang Yehuwah minangka pisungsung-mligi, saprasepuluhe pisungsung prasepuluhan iku.

27. Pisungsung iku bakal kaetung dadi pisungsungira mligi, kayadene gandum saka ing panuton lan kaya oleh-olehan ing pamipitan anggur.

28. Kalawan mangkono dadine sira iya padha nyaosake pisungsung-mligi konjuk marang Yehuwah saka saperangane pisungsung prasepuluhan kang sira tampa saka wong Israel, iku kajupuka sapira kang dadi kagungane Yehuwah kapasrahna marang Imam Harun.

29. Sarupane sesaosan kang sira tampani iku, sira pilihana kang becik dhewe sira saosna minangka pisungsung-mligi marang Pangeran Yehuwah, iku dadi bagean sengkeran.

30. Lan padha sira tuturana: Manawa sira nyaosake saka pepilihane mau, iku tumrape wong bani Lewi, kaetunga kayadene pametune panuton lan kaya oleh-olehane pamipitan anggur,

31. sira kelilan mangan ana ing sadhengah panggonan, iya sira dalah sabrayatira kabeh, awit iku minangka pituwase ayahanira ana ing Tarub Pasewakan.

32. Angger kang padha sira ladekake iku sarwa pilihan, sira bakal padha ora nandhang dosa marga saka iku; kalawan mangkono sira bakal padha ora nyawiyah marang kasucene pisungsung-pisungsunge sengkeran wong Israel, temah sira ora bakal padha mati.”