Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 22 Kitab Sutji (JAV)

1. Wong Israel tumuli padha mbanjurake lakune sarta padha lereb ana ing tanah ngare ing Moab, ing sabrange bengawan Yarden ing sacedhake kutha Yerikho.

Sang Prabu Balak utusan nimbali Bileam

22:2-20

2. Anadene Sang Prabu Balak putrane Sang Zipor mirsa sakehe panggawene bangsa Israel marang wong Amori,

3. mulane wong Moab padha kataman giris marang bangsa iku, marga cacahe akeh, satemah geter lan wedi marga saka wong Israel iku.

4. Kang iku wong Moab banjur padha calathu karo tuwa-tuwane bangsa Midian: “Wadya-bala ingkang kathahipun samanten punika temtu badhe ngrayud samukawis ing saubeng kula sadaya, kadosdene lembu anggenipun nyenggut tetuwuhan ijem ing ara-ara.” Anadene ing nalika iku Sang Prabu Balak putrane Sang Zipor jumeneng ratu ing Moab.

5. Sang Nata tumuli utusan nimbali Bileam bin Beor menyang ing Petor kang ana ing sapinggire bengawan Efrat, menyang ing nagarane para mitrane tunggal bangsa, piwelinge mangkene: “Lah ana sawijining bangsa kang teka saka ing Mesir kang nganti nglimputi salumahe bumi; iku lagi lereb ana ing ngarepku.

6. Kang iku kowe mrenea, bangsa iku ipat-ipatana; marga kekuwatane ngluwihi kekuwatanku; bokmanawa nuli bisa dakkalahake lan daktundhung saka ing nagara kene, marga aku sumurup: sapa sing kokberkahi masthi oleh berkah, lan sapa sing kokipat-ipati iku kena ing ipat-ipat.”

7. Para tuwa-tuwane bangsa Moab karo tuwa-tuwane bangsa Midian tumuli padha mangkat klawan nggawa opahane panenungan. Satekane ing panggonane Bileam, banjur padha nglairake piwelinge Sang Prabu Balak.

8. Pangucape Bileam marang wong-wong mau: “Panjenengan sami kula aturi nyare ing ngriki sedalu punika, nunten badhe kula caosi wangsulan kados ingkang dados dhawuhipun Pangeran Yehuwah dhateng kula.” Para panggedhene bangsa Moab tumuli padha nginep ana ing omahe Bileam.

9. Gusti Allah banjur ngrawuhi Bileam sarta ngandika: “Wong-wong kang padha ana ing omahira iku sapa?”

10. Unjuk wangsulane Bileam: “Sang Prabu Balak bin Zipor, ratunipun bangsa Moab, kengkenan manggihi kawula, piwelingipun makaten:

11. Lah ana sawijining bangsa teka saka ing tanah Mesir ngebeki salumahe bumi, mulane kowe mrenea, bangsa iku ipat-ipatana, bokmanawa nuli bisa dakkalahake lan kena daktundhung.”

12. Dhawuhe Gusti Allah marang Bileam: “Sira aja melu wong-wong iku; bangsa iku aja sira ipat-ipati, marga wus kanggonan berkah.”

13. Bareng wayah esuk Bileam tangi, lan nuli calathu marang para panggedhene abdine Sang Prabu Balak: “Panjenengan sami kula aturi wangsul, awit Pangeran Yehuwah boten marengaken kula ndherek panjenengan.”

14. Para panggedhe Moab mau banjur padha bali, lan bareng wus ana ing ngarsane Sang Prabu Balak, padha munjuk: “Bileam boten purun tumut lampah kawula mriki.”

15. Sang Prabu Balak banjur utusan para panggedhe maneh, cacahe luwih akeh lan luwih dhuwur pangkate tinimbang karo kang dhisik.

16. Iku satekane ing ngarepe Bileam tumuli padha matur: “Pangandikanipun Sang Prabu Balak putranipun Sang Zipor makaten: Aja ana kang ngalang-alangi anggonmu nekani aku,

17. awitdene kowe mesthi bakal dakganjar luwih dening akeh, karodene apa bae kang bakal dadi panyuwunmu marang aku, mesthi bakal dakleksanani. Kang iku kowe mrenea ta, ipat-ipatana bangsa iku.”

18. Nanging Bileam mangsuli marang para utusane Sang Prabu Balak: “Sanadyan Sang Prabu Balak maringna salaka lan mas sakadhatonipun kebak, ewadene kula boten saged nindakaken punapa-punapa, ingkang sapele punapa ingkang wigatos, ingkang nerak dhawuh timbalanipun Pangeran Yehuwah Gusti Allah kula.

19. Milanipun panjenengan sami kula aturi nyare ing ngriki sadalu punika, supados kula sageda nyumerepi, punapa kemawon ingkang badhe dipun pangandikakaken dening Pangeran Yehuwah dhateng kula.”

20. Gusti Allah tumuli ngrawuhi Bileam ing wayah bengi, sarta mangandikani: “Manawa tekane wong iku pancen padha ngundang sira, sira ngadega, melua ing salakune; ewasamono kang sira lakoni, mung kang bakal Sundhawuhake marang sira.”

Kuldine Bileam lan Malaekate Sang Yehuwah

22:21-35

21. Bareng wayah esuk Bileam tangi, nuli ngabah-abahi kuldine wadon, banjur mangkat melu para panggedhene wong Moab mau.

22. Ing kono bebendune Gusti Allah mulad-mulad, marga Bileam lunga, tumuli dicegati dening Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, kang nglawan marang dheweke. Dene Bileam lagi nunggang kuldine wadon sarta kairingake dening bature loro.

23. Nalika kuldine weruh Sang Malaekate Pangeran Yehuwah jumeneng ana ing tengah dalan klawan ngasta pedhang ligan, kuldine mau nuli sumingkir saka ing dalan lan lumebu ing pategalan. Bileam banjur nyabeti supaya bali menyang dalan maneh.

24. Sang Malaekate Pangeran Yehuwah tumuli mapan jumeneng ana ing dalan kang ciyut ing antarane pakebonan anggur kang kaapit-apit ing pager tembok.

25. Bareng kuldine weruh Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, banjur mepet ing pager tembok, temah sikile Bileam nganti kejepit ing tembok, mulane kuldine digitiki maneh.

26. Sang Malaekate Pangeran Yehuwah tumuli mundur maneh, mapan ing panggonan kang ciyut banget, nganti ora ana papan sela kanggo nyimpang ngiwa utawa nengen.

27. Bareng kuldine weruh Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, banjur ndheprok isih katunggangan dening Bileam. Bileam nepsu banget, nganti kuldine digebugi klawan tekene.

28. Kuldine tumuli kabuka cangkeme dening Sang Yehuwah, nganti bisa ngucap marang Bileam: “Kalepatan kula punapa dhateng panjenengan, dene ngantos panjenengan gebagi rambah kaping tiga punika?”

29. Calathune Bileam marang kuldine: “Marga aku kokgawe geguyon, saupama aku nyekela pedhang, masthi kowe dakpateni saiki uga.”

30. Pangucape kuldi marang Bileam: “Kula punika rak kuldi titihan panjenengan ing salaminipun sugeng panjenengan ngantos dumugi sapunika; punapa kula nate nandukaken ingkang makaten punika dhateng panjenengan?” Wangsulane: “Ora.”

31. Pangeran Yehuwah banjur damel awasing pandelenge Bileam, temah weruh Sang Malaekate Pangeran Yehuwah jumeneng ana ing dalan klawan ngasta pedhang ligan. Bileam tumuli jengkeng sujud ana ing ngarsane.

32. Pangandikane Sang Malaekate Pangeran Yehuwah marang Bileam: “Yagene sira nggitiki kuldinira nganti rambah ping telu? Lah, anggoningSun miyos iki dadi mungsuhira, marga tumrap Ingsun dalan iki anjog ing karusakan.

33. Nalika kuldi iki ndeleng Ingsun, nyimpang saka ing ngarsaningSun nganti rambah ping telu; yen ajaa nyimpang saka ing ngarsaningSun, masthi ing nalika iku uga sira kang Sunpateni, lan kuldinira Sunuripi.”

34. Unjuke Bileam marang Sang Malaekate Pangeran Yehuwah: “Kawula damel dosa, awit kawula boten sumerep bilih Paduka nyegati lampah kawula wonten ing margi punika. Wondene ing sapunika, manawi Paduka boten marengaken, kawula inggih badhe wangsul kemawon.”

35. Pangandikane Sang Malaekate Pangeran Yehuwah marang Bileam: “Sira melua wong iku, nanging kang sira ucapake ngamungna apa kang bakal Sunpangandikakake marang sira.” Sawuse mangkono Bileam banjur melu panggedhe abdine Balak mau.

Sang Prabu Balak mundhut, supaya Bileam ngipat-ipati Israel

22:36--23:3

36. Anadene Sang Prabu Balak bareng miyarsa yen Bileam teka, banjur tedhak methuk tekan ing kutha Moab, kang kaprenah ana ing tapel-watese kali Arnon, ing poncoting tapel-wates iku.

37. Pangandikane Sang Prabu Balak marang Bileam: “Apa ora klawan adreng anggonku utusan nimbali kowe, yagene kowe kok ora enggal-enggal seba marang ing ngarsaku? Apa pangiramu aku ora bisa maringi pituwas marang kowe?”

38. Atur wangsulane Bileam marang Sang Prabu Balak: “Lah sapunika kawula sampun sowan wonten ing ngarsa panjenengan dalem, nanging punapa inggih dalem badhe saged ngucapaken punapa-punapa? Namung pangandika ingkang badhe dipun paringaken ing cangkemipun dalem dening Gusti Allah, punika ingkang badhe dalem ucapaken.”

39. Bileam tumuli ndherek tindake Sang Prabu Balak nganti tekan ing Kiryat-Huzot.

40. Sang Prabu Balak banjur ngurbanake sapi lan wedhus, sabagean dikintunake marang Bileam lan para panggedhe kang ndherek panjenengane.

41. Kacarita esuke Bileam kabekta munggah dening Sang Prabu Balak menyang ing pagunungan Baal; saka ing kono pungkasaning palerebane bangsa Israel bisa katon. edit 1: fajar '01