Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 10 Kitab Sutji (JAV)

Pratandha unine kalasangka

10:1-10

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

2. “Sira gawea kalasangka selaka loro; kang digawe selaka gemblengan, iku padha dianggoa nglumpukake umat Israel lan kanggo mbudhalake wadya-bala.

3. Samangsa kalasangka loro iku diunekake, wong sapasamuwan kabeh padha nglumpuka seba marang sira ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan.

4. Nanging manawa mung siji kang diunekake, iku kang kudu seba marang sira para pemimpin, para panggedhening wadya-bala Israel.

5. Manawa sira ngunekake tengara, para wadya-bala kang manggon ing sisih wetan iku padha budhala,

6. manawa sira padha ngunekake tengara kaping pindhone, umat kang manggon ing sisih kidul iku padha budhala; manawa budhal padha nganggoa tengara ngganter.

7. Balik manawa nglumpukake pasamuwan, sira iya ngunekna kalasangka, mung ora ngganter.

8. Kang padha ngunekake kalasangka iku para imam anake Harun; lan iku dadi pranatan langgeng marang turun-turunira.

9. Karodene samangsa sira ana ing tanahira padha nglurug perang nglawan mungsuh kang gawe ribedira, sira iya aweha tengara nganggo kalasangka, temah sira bakal padha diengeti ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah Allahira, sarta padha kaluwaran saka ing mungsuhira.

10. Mangkono maneh ing dina kabungahanira, lan ing dina riyayanira apadene ing sasi anyar, sira iya ngunekna kalasangka mbarengi enggonira nyaosake kurban obaran lan kurban slametan; temah bakal padha dadi pangeling-eling ana ing pangayunane Allahira. Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”

Budhal saka gunung Sinai

10:11-36

11. Kacarita ing taun kang kapindho, sasi kapindho tanggal rong puluh, megane mumbul saka ing Tarub Suci, panggonaning angger-anggere Gusti Allah.

12. Wong Israel banjur padha budhal saka pasamunane gunung Sinai miturut tatananing budhale, anadene mandhege mega ana ing pasamunan Paran.

13. Iku lakune kang wiwitan miturut dhawuhe Sang Yehuwah lantaran Nabi Musa.

14. Kang lumaku ana ing ngarep dhewe golongan kang ngaub marang panji-panjine bani Yehuda miturut bagean-bageane, kang mimpin golongan iku: Nahason bin Aminadab,

15. kang mimpin golongan talere bani Isakhar iku: Netaneel bin Zuar;

16. lan kang mimpin golongan talere bani Zebulon iku: Eliab bin Helon.

17. Sawuse mangkono Tarub Suci tumuli dibongkar, sarta para bani Gerson lan bani Merari banjur padha budhal ngusung Tarub Suci mau.

18. Iku nuli kasambungan golongan kang ngaub marang panji-panjine Ruben miturut bagean-bageane; kang mimpin golongan iku: Elizur bin Syedeur;

19. dene kang mimpin golongan talere bani Simeon iku: Selumiel bin Zurisyadai;

20. lan kang mimpin golongan talere bani Gad iku: Elyasaf bin Rehuel.

21. Iku banjur kasambung para bani Kehat, kang ngusung piranti pasucen; sadurunge iku padha teka, Tarub Suci wus diedegake.

22. Nuli kang sumambung maneh golongan kang ngaub marang panji-panjine bani Efraim miturut bagean-bageane;

23. kang mimpin golongan iku: Elisama bin Amihud; dene kang mimpin golongan talere bani Manasye iku: Gamaliel bin Pedazur;

24. lan kang mimpin golongan talere bani Benyamin iku: Abidan bin Gideoni.

25. Barisan kang buri dhewe golongan kang ngaub marang panji-panjine bani Dhan miturut bagean-bageane, kang mimpin golongan iku: Ahiezer bin Amisyadai,

26. dene kang mimpin golongan talere bani Asyer iku: Pagiel bin Okhran;

27. kang mimpin golongan talere bani Naftali iku: Ahira bin Enan.

28. Kaya mangkono mau urut-urutaning lakune wong Israel samangsa padha budhal.

29. Anadene Nabi Musa ngandika marang Sang Hobab, putrane Imam Rehuel wong Midian, marasepuhe Nabi Musa, mangkene: “Lakuku padha menyang panggonan kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, pangandikane: Iku bakal Sunparingake marang sira. Mulane kowe bok melu aku, mesthi bakal padha dakrengkuh becik, marga Sang Yehuwah wus njanjekake kang becik tumrap Israel.”

30. Nanging atur wangsulane marang Nabi Musa: “Kula boten tumut, kula badhe mantuk dhateng tanah kula lan dhateng panggenanipun kula-wangsa kula.”

31. Pangandikane Nabi Musa: “Aku aja kok tinggal ta, awitdene ana ing pasamunan kene kowe kang weruh, ngendi kang kena padha dakenggo lereb, mulane kowe dadia juru tuduh dalan kanggo aku kabeh.

32. Manawa kowe melu aku, kabecikan kang bakal ditandukake dening Sang Yehuwah marang aku, iya bakal padha daktandukake marang kowe.”

33. Tumuli padha budhal saka ing gununge Pangeran Yehuwah, dohe nganti lakon telung dina, sarta pethining prasetyane Pangeran Yehuwah diusung ana ing ngarep dhewe sajroning lumaku telung dina mau, golek panggonan kanggo lereb.

34. Dene samangsa budhal saka ing palereban, ing wayah awan padha kaeyuban ing megane Sang Yehuwah.

35. Anadene saangkate pethi, Nabi Musa munjuk marang Pangeran Yehuwah mangkene: “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng, supados mengsah Paduka sami pating slebar saha tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka sami keplajenga saking ngarsa Paduka.”

36. Dene samangsa pethine mandheg, unjuke Nabi Musa: “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa wangsul dhateng ing satengahing umat Israel ingkang atusan ewon punika.”