Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 34 Kitab Sutji (JAV)

Wates-watese tanah Kanaan

34:1-12

1. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:

2. “Sira kandhaa marang wong Israel lan sira tutura mangkene: Samangsa sira padha lumebu ing tanah Kanaan, nuli kang masthi bakal dadi darbekira yaiku tanah Kanaan miturut wates-watese.

3. Anadene watese tanahira kang sisih kidul iku wiwit saka ing pasamunan Zin ing saurute tanah Edom; dadi watese kang sisih kidul iku ing sisih wetan wiwit ing pungkasane Tlaga Pauyahan.

4. Saka ing kono tapel-watese tanahira menggok ing sakidule unggah-unggahan ing Akrabim, terus tekan ing Zin, lan pantoge ana ing sakidule Kadesy-Barnea, banjur terus menyang ing Hazar-Adar, lan terus nganti tekan ing Azmon.

5. Saka ing Azmon, watese nuli menggok menyang ing kali Mesir, lan terus nganti tekan ing sagara.

6. Mungguh tapel-watese tanahira kang sisih kulon sagara gedhe dalah pasisire, yaiku kang dadi tapel-watesira kang sisih kulon.

7. Dene tapel-watesira kang sisih lor iku: wiwit saka ing sagara gedhe mau watese kaenerna tekan ing gunung Hor,

8. saka ing gunung Hor kaenerna tekan ing Hamat, lan terus nganti tekan ing Zedad.

9. Tapel-wates mau banjur terus tekan ing Zifron, nganti notog ing Hazar-Enan; iku tapel-watesira kang sisih lor.

10. Anadene tapel-watese kang sisih wetan iku kaenerna saka Hazar-Enan mau tekan ing Sefam.

11. Saka ing Sefam iku nuli mudhun menyang Ribla ing sawetane Ain; watese banjur terus mudhun maneh nganti tekan ing pinggiring Tlaga Kineret ing sisih wetan.

12. Watese iku nuli mudhun maneh nganti tekan ing bengawan Yarden lan terus nganti tekan ing Tlaga Pauyahan. Yaiku nagaranira miturut tapel-watese mubeng.”

Bab pangedume tanah Kanaan

34:13-29

13. Nabi Musa banjur dhawuh marang wong Israel: “Iku mau tanah kang bakal dadi duwekira srana kaundhi, kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah supaya kaparingna marang taler kang sanga satengah iku.

14. Marga golongane talere Ruben lan golonganing talere bani Gad wus padha tampa tanah pusaka, mangkono uga saparoning talere Manasye iya wus padha tampa panduman.

15. Loro satengah taler iku wus padha tampa tanah pusaka ana ing sabrangane bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho sapangetan.”

16. Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa:

17. “Iki jenenge wong kang kudu padha ngedum tanah mau marang sira minangka tanah pusaka, yaiku Imam Eleazar lan Yusak bin Nun.

18. Karomaneh saka saben taler mataha pemimpin siji kang ngrewangi ngedum tanah iku dadi tanah pusaka.

19. Iki jenenge wong-wong mau: saka taler Yehuda: Kaleb bin Yefune;

20. saka talere bani Simeon: Samuel bin Amihud;

21. saka taler Benyamin: Elidad bin Kislon;

22. saka talere bani Dhan sawijining pemimpin: Buki bin Yogli;

23. saka turune Yusuf, kang saka talere bani Manasye sawijining pemimpin: Haniel bin Efod;

24. lan saka talere bani Efraim sawijining pemimpin: Kemuel bin Siftan;

25. saka talere bani Zebulon sawijining pemimpin: Elisafan bin Parnakh;

26. saka talere bani Isakhar sawijining pemimpin: Paltiel bin Azan;

27. saka talere bani Asyer sawijining pemimpin: Akhilud bin Selomi;

28. saka talere bani Naftali sawijining pemimpin: Pedael bin Amihud.

29. Iku mau wong-wong kang padha kakarsakake dening Sang Yehuwah ngedum tanah pusaka marang wong Israel ana ing tanah Kanaan.”