Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 23 Kitab Sutji (JAV)

1. Bileam banjur matur marang rang Sang Prabu Balak: “Sumangga wonten ing ngriki kawula panjenengan dalem damelaken misbyah pitu, sarta kawula ugi panjenengan dalem cawisi lembu jaler nem pitu saha menda gibas jaler inggih pitu.”

2. Sang Prabu Balak tumuli nindakake kaya kang dadi panyuwune Bileam, sarta banjur padha nyaosake kurban ing saben misbyah arupa sapi siji lan wedhus siji.

3. Bileam tumuli matur marang Sang Prabu Balak: “Panjenengan dalem kawula aturi jumeneng wonten ing sacelakipun kurban obaran panjenengan dalem, dene kawula badhe kesah; bokmanawi kula badhe dipun panggihi dening Sang Yehuwah, lajeng dhawuh punapa ingkang kaparingaken, punika badhe kawula pratelakaken dhateng panjenengan dalem.” Sawuse mangkono Bileam banjur munggah ing gunung kang gundhul.

Bileam mberkahi Israel

23:4--24:9

4. Gusti Allah tumuli manggihi Bileam; Bileam banjur munjuk marang Panjenengane: “Misbyah pitu punika sampun kawula cawisaken, sarta ing saben misbyah kawula kurbanaken lembu jaler nem satunggal kaliyan menda gibas jaler satunggal.”

5. Pangeran Yehuwah tumuli ngiseni tembung ing cangkeme Bileam sarta ngandika: “Sira balia menyang ngarepe Balak lan calathua mangkono iku.”

6. Satekane ing ngarsane Sang Prabu Balak, Sang Nata ketemu isih jumeneng sandhing kurbane obaran, bebarengan karo panggedhene bangsa Moab.

7. Bileam banjur ngucapake kidunge:“Sang Prabu Balak ratu ing Moab, ndhatengake aku saka ing tanah Aram,saka ing pagunungan wetan,pangandikane: Kowe mrenea, aku tulungana, ipat-ipatana Yakub,sarta mrenea, supatanana Israel.

8. Kapriye bisaku ngipat-ipati, kang ora diipat-ipati dening Gusti Allah?Kapriye anggonku nyupatani marang kang ora disupatani dening Yehuwah?

9. Awit bangsa iku dakdeleng saka ing pucake gunung-gunung parangdaksawang saka ing pagunungan.Lah iku bangsa kang manggon ndhewe,lan ora gelem kepetung kegolong tunggale bangsa liya.

10. Sapa kang bisa ngetung lebune Yakub,utawa sapa kang bisa nacahake golongane Israel?Anggonku mati muga bisaa kaya patine wong kang jujur,lan puputing uripku kayaa pupute wong iku!”

11. Ing kono pangandikane Sang Prabu Balak marang Bileam: “Kapriye tandukmu marang aku iki? Anggonku nekakake kowe iku dakkon ngipat-ipati mungsuhku, lah kok malah kokberkahi!”

12. Atur wangsulane Bileam: “Kawula rak kedah nglairaken punapa ingkang dipun isekaken dening Pangeran Yehuwah wonten ing cangkem kawula!”

13. Sang Prabu Balak tumuli ngandika marang Bileam: “Payo, kowe melua aku menyang panggonan liyane, saka ing kono kowe bisa nyawang bangsa iku; kang katon iku mung pungkasaning palerebane bae, ora katon sakabehe; nuli aku tulungana, ipat-ipatana bangsa iku saka kono.”

14. Bileam banjur dibekta menyang ing Ara-ara Panelikan, ing pucake gunung Pisga; Sang Prabu Balak tumuli yasa misbyah pitu, lan ing saben misbyah kakurbanake sapi lanang nom siji sarta wedhus gibas lanang siji.

15. Bileam banjur matur marang Sang Prabu Balak: “Panjenengan dalem kawula aturi jumeneng wonten ing sacelakipun kurban obaran dalem, dene kawula badhe kesah mriku, sowan ing ngarsaning Yehuwah!”

16. Sang Yehuwah tumuli manggihi Bileam, sarta cangkeme diiseni tembung, tuwin dipangandikani: “Sira balia menyang ngarepe Balak, lan ngucapa kaya mangkono iku.”

17. Satekane ing ngarsane Sang Prabu Balak, lah Sang Nata isih jumeneng sandhing kurbane obaran, bebarengan karo para panggedhene bangsa Moab. Sang Prabu Balak banjur ngandika marang Bileam: “Pangandikane Pangeran Yehuwah kapriye?”

18. Bileam banjur medharake kidung, pangucape:“Dhuh Sang Prabu Balak, sumangga kawula aturi jumenengsaha karsaa miyarsakaken; dhuh putranipun Sang Zipor,sumangga kawula aturi nilingaken dhateng atur kawula.

19. Gusti Allah punika sanes manungsa, kok ngantosa dora,inggih sanes anaking manungsa, kok ngantosa keduwung.Punapa inggih Panjenenganipun ngandika lajeng boten katindakaken,utawi ngandika lajeng boten dipun tetepi?

20. Kauningana, kula tampi dhawuh supados mberkahi,mangka manawi Panjenenganipun mberkahi, kawula masthi boten saged malik.

21. Tiyang boten sumerep dhateng kasangsaraning bani Yakub,lan boten saged ningali kasisahanipun tiyang Israel,margi tinunggil dening Pangeran Yehuwah Allahipun,sami surak-surak, margi Sang Nata wonten ing satengahipun.

22. Gusti Allah ingkang ngentasaken saking ing tanah Mesir,punika tumrap tiyang-tiyang wau kadosdene singat kakiyataning bantheng.

23. Awitdene boten wonten japa-mantra ingkang saged tumama dhateng Yakub,utawi tenung ingkang saged tumama dhateng Israel.Dumugi ing wekdalipun, Yakub badhe dipun cariyosi,makaten ugi dhateng Israel, kaelokan ingkang katindakaken dening Gusti Allah.

24. Lah satunggaling bangsa ingkang gumregah kados singa estri,ingkang ngadeg jejeg kados singa jaler,ingkang boten purun njerum, saderengipun nedha memangsanipunlan ngombe rahipun ingkang dipun pejahi.”

25. Ing kono Sang Prabu Balak banjur ngandika marang Bileam: “Manawa kowe babar-pisan ora gelem ngipat-ipati, iya aja pisan-pisan mberkahi.”

26. Atur wangsulane Bileam marang Sang Prabu Balak: “Kawula rak sampun matur dhateng panjenengan dalem, bilih ingkang badhe kawula ucapaken inggih punapa sadaya dhawuhipun Pangeran Yehuwah, lan inggih punika ingkang kawula lampahi.”

27. Sawuse mangkono Sang Prabu Balak tumuli ngandika marang Bileam: “Payo, kowe arep dakgawa menyang liya panggonan, bokmanawa Gusti Allah marengake bangsa iku kokipat-ipati saka ing kono.”

28. Bileam banjur dibekta menyang ing pucake gunung Peor, kang ngadhepake pasamunan.

29. Ature Bileam marang Sang Prabu Balak: “Sumangga kawula panjenengan dalem damelaken misbyah pitu wonten ing ngriki, sarta kula panjenengan dalem cawisi lembu jaler nem pitu sarta menda gibas jaler pitu.”

30. Sang Prabu Balak tumuli iya nindakake apa kang dadi ature Bileam, sarta banjur ngurbanake sapi siji lan wedhus siji ing saben misbyah. edit 1: fajar '01