Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 33 Kitab Sutji (JAV)

Papan-papan palerebane wong Israel ana ing ara-ara samun

33:1-49

1. Iki pratelane panggonan-panggonan kang diliwati wong Israel sawuse budhal saka ing tanah Mesir, sagolongan-sagolongan kairid dening Nabi Musa lan Imam Harun.

2. Panggonan sing dilereni dipengeti dening Nabi Musa miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah, iki pratelane panggonan-panggonan sing dilereni mau.

3. Budhale saka Rameses ing sasi kapisan tanggale ping limalas salebare Paskah, wong Israel padha budhal marga dening asta kang kaulukake, ing sapandelenge wong Mesir kabeh,

4. nalika samana wong Mesir lagi mbeneri padha ngubur sakehe pembarep kang padha dipateni dening Pangeran Yehuwah ana ing satengahe, marga Sang Yehuwah matrapi paukuman marang para allahe.

5. Sawuse wong Israel budhal saka Rameses mau banjur leren ana ing Sukot.

6. Nuli mangkat saka Sukot lan leren ana ing Etam, kang kaprenah sapinggire pasamunan.

7. Budhal saka Etam tumuli bali menyang ing Pi-Hakhirot, kang kaprenah ana ing penere Baal-Zefon, sarta padha nginep ana ing sawetane Migdol.

8. Banjur budhal saka Pi-Hakhirot, padha nyabrang lumaku ana ing tengahe segara ngener marang pasamunan, tumuli lumaku ing pasamunan Etam nganti telung dina, nuli padha leren ana ing Mara.

9. Banjur budhal saka Mara lan tekan ing Elim; ing Elim kono ana sendhange rolas lan wit kurma pitung puluh; tumuli padha nginep ana ing kono.

10. Saka Elim nuli leren ana ing pinggire sagara Teberau.

11. Budhal saka pinggire sagara Teberau, banjur nginep ana ing pasamunan Sin.

12. Budhal saka pasamunan Sin, nginep ana ing Dofka.

13. Budhal saka Dofka nuli leren ana ing Alus.

14. Saka Alus banjur leren ana ing Rafidim, ana ing kono wong-wong padha ora oleh banyu kang diombe.

15. Budhal saka Rafidim, tumuli leren ana ing pasamunan Sinai.

16. Banjur mangkat saka pasamunan Sinai, lan nginep ana ing Kibrot-Taawa.

17. Budhal saka Kibrot-Taawa banjur padha adeg tarub ana ing Hazerot.

18. Budhal saka Hazerot lan leren ana ing Ritma.

19. Budhal saka Ritma banjur nginep ana ing Rimon-Peres.

20. Nuli budhal saka Rimon-Peres lan leren ana ing Libna.

21. Banjur budhal saka Libna lan leren ana ing Risa.

22. Tumuli mangkat saka Risa lan nginep ana ing Kehelata.

23. Banjur budhal saka Kehelata lan leren ana ing Har-Syafer.

24. Nuli budhal saka Har-Syafer lan adeg tarub ana ing Harada.

25. Tumuli budhal saka Harada lan nginep ana ing Makhelot.

26. Banjur mangkat saka Makhelot lan leren ana ing Tahat.

27. Tumuli budhal saka Tahat, lan adeg tarub ana ing Tarah.

28. Nuli mangkat saka Tarah lan nginep ana ing Mitka.

29. Banjur budhal saka Mitka lan leren ana ing Hasmona.

30. Tumuli budhal saka Hasmona lan leren ana ing Moserot.

31. Nuli budhal saka Moserot lan adeg tarub ana ing Bene-Yaakan.

32. Banjur mangkat saka Bene-Yaakan lan nginep ana ing Hor-Gidgad.

33. Tumuli budhal saka Hor-Gidgad lan adeg tarub ana ing Yotbata.

34. Nuli mangkat saka Yotbata lan leren ana ing Abrona.

35. Banjur budhal saka Abrona lan nginep ana ing Ezion-Geber.

36. Tumuli mangkat saka Ezion-Geber lan adeg tarub ana ing pasamunan Zin, yaiku Kadesy.

37. Nuli budhal saka Kadesy lan nginep ana ing gunung Hor, ing tapel-watese tanah Edom.

38. Nalika iku Imam Harun minggah ing gunung Hor awit saka dhawuhe Pangeran Yehuwah, banjur seda ana ing kono, ing taun kaping patang puluh kaetung saka budhale wong Israel saka ing tanah Mesir, ing sasi kalima, ing tanggal sapisan.

39. Nalika seda ana ing gunung Hor iku yuswane Imam Harun satus telulikur taun.

40. Ing nalika iku raja ing Arad kang kalebu bangsa Kanaan, kang akedhaton ana ing tanah Negeb, mireng warta bab tekane wong Israel.

41. Sawuse mangkono Banisrael banjur budhal saka ing gunung Hor, tumuli leren ana ing Zalmona.

42. Tumuli budhal saka Zalmona lan nginep ana ing Funon.

43. Banjur budhal saka Funon lan leren ana ing Obot.

44. Nuli mangkat saka Obot lan adeg tarub ana ing sacedhake jugrugan ing Abarim ing laladan tanah Moab.

45. Nuli budhal saka ing gempuran iku lan nginep ana ing Dibon-Gad.

46. Tumuli mangkat saka Dibon-Gad lan adeg tarub ana ing Almon-Diblataim.

47. Banjur budhal saka Almon-Diblataim lan leren ana ing pagunungan Abarim, ing sangarepe gunung Nebo.

48. Nuli mangkat saka pagunungan Abarim lan nginep ana ing tanah ngare ing Moab, ing sapinggire bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho.

49. Anggone padha nginep ana ing sapinggire bengawan Yarden wiwit saka Bet-Yesimot tumeka ing Abel-Sitim ing tanah ngare ing Moab mau.

Apa sing kudu padha ditindakake sawuse tanah Kanaan kena karebut

33:50-56

50. Nalika ana ing tanah ngare ing Moab ing sapinggire bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho mau, Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

51. “Sira kandhaa marang wong Israel sarta tutura mangkene: Samangsa sira wus padha nyabrang ing bengawan Yarden sarta lumebu ing tanah Kanaan,

52. wong kang manggon ing kono nuli padha sira tundhungana kabeh saka ing ngarepira, lan sakehe watu ukir-ukirane padha sira sirnakna, karodene sakehe reca cithakan iya padha sira gempurana, dalah sakehe tengger pepundhene padha sira bubrahana.

53. Tanahe padha sira ejegana lan sira enggonana, awitdene sira kang padha Sunparingi tanah iku supaya dadi darbekira.

54. Anadene anggonira mbage-mbage tanah iku kang banjur dadi tanah pusakanira iku nganggoa kaundhi, miturut golonganira: golongan kang gedhe, iku kapandumana akeh, lan kang cilik iku pandumane iya sathithik, miturut undhiane; pangedume miturut talering para leluhurira.

55. Nanging manawa sira padha ora nundhungi wong bumi ing tanah iku saka ing ngarepira, masthi sapira panunggalane kang kari iku bakal padha dadi klilip ana ing mripatira, kaya eri kang nancep ing awakira, sarta bakal padha gawe susahira ana ing tanah kang sira enggoni iku.

56. Ingsun bakal nandukake marang sira, apa kang dadi rancanganingSun kang arep Suntandukake marang para bangsa iku.”