Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 5 Kitab Sutji (JAV)

Tedhak turune Bapa Adam

5:1-32

1. Iki sarasilahe turune Bapa Adam. Nalika Gusti Allah nitahake Bapa Adam, anggone karya nulad pasemone Gusti Allah.

2. Anggone nitahake lanang lan wadon sarta padha diberkahi tuwin disebut: “Manungsa” yaiku ing nalikane padha katitahake.

3. Bareng Bapa Adam umur satus telung puluh taun, nuli duwe anak kang ngemperi rupa lan pasemone, dijenengake: Set.

4. Sawuse duwe anak Set mau, Bapa Adam isih ginanjar umur wolung atus taun maneh, sarta duwe anak lanang lan wadon.

5. Dadi gunggunge umure Bapa Adam sangang atus telung puluh taun, banjur tinggal donya.

6. Nalika Set umur satus lima taun, duwe anak Enos.

7. Sawuse anak-anak Enos mau, Set isih diganjar umur maneh wolung atus pitu taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

8. Dadi gunggunge umure Set sangang atus rolas tahun, banjur ngajal.

9. Nalika Enos umur sangang puluh taun, duwe anak Kenan.

10. Sawuse anak-anak Kenan, Enos isih diganjar umur maneh wolung atus limalas taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

11. Dadi gunggunge umure Enos sangang atus lima taun, banjur ngajal.

12. Nalika Kenan umur pitung puluh taun, duwe anak Mahalaleel.

13. Sawuse anak-anak Mahalaleel, Kenan isih diganjar umur maneh wolung atus patang puluh taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

14. Dadi gunggunge umure Kenan sangang atus sepuluh taun, banjur ngajal.

15. Nalika Mahalaleel umur sawidak lima taun, duwe anak Yared.

16. Sawuse anak-anak Yared, Mahalaleel isih ginanjar umur maneh wolung atus telung puluh taun sarta duwe anak lanang lan wadon.

17. Dadi gunggunge umure Mahalaleel wolung atus sangang puluh lima taun, banjur ngajal.

18. Nalika Yared umur satus sawidak loro taun, duwe anak Henokh.

19. Sawuse anak-anak Henokh, Yared isih diganjar umur maneh wolung atus taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

20. Dadi gunggunge umure Yared sangang atus sawidak loro taun, banjur ngajal.

21. Nalika Henokh umur sawidak lima taun, banjur duwe anak Metusalakh.

22. Henokh sawuse anak-anak Metusalakh mau, lakune tinunggil dening Gusti Allah, lan isih diparingi umur telung atus taun, sarta kaparingan anak lanang lan wadon.

23. Dadi gunggunge umure Henokh telung atus sawidak lima taun.

24. Henokh lakune tinunggil dening Gusti Allah, banjur ora ana, amarga wus kapulung dening Gusti Allah.

25. Nalika Metusalakh umur satus wolung puluh pitu taun, duwe anak Lamekh.

26. Sawuse anak-anak Lamekh, Metusalakh isih diganjar umur pitung atus wolung puluh loro taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

27. Dadi gunggunge umure Metusalakh sangang atus sawidak sanga taun, banjur ngajal.

28. Nalika Lamekh umur satus wolung puluh loro taun, duwe anak lanang,

29. iku dijenengake Nuh, celathune: “Bocah iki bakal aweh panglipur marang kita ing sajroning pagawean kita kang ngrekasa banget ana ing bumi kang wus kena ing ipat-ipate Sang Yehuwah iki.”

30. Sawuse anak-anak Nuh, Lamekh isih diganjar umur limang atus sangang puluh lima taun, sarta kaparingan anak lanang lan wadon.

31. Dadi gunggunge umure Lamekh pitung atus pitung puluh pitu taun, banjur ngajal.

32. Nalika Nuh umur limang atus taun, duwe anak Sem, Kham lan Yafet.