Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 15 Kitab Sutji (JAV)

Prajanjiane Gusti Allah kalawan Rama Abram; janji bab tedhak-turune

15:1-21

1. Sawuse lelakon mau banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang Rama Abram sajroning tetingalan wahyu, dhawuhe: “Sira aja wedi Abram, Ingsun iki tetamengira, ganjaranira bakal luwih dening gedhe.”

2. Unjuke Rama Abram: “Dhuh Yehuwah Allah, kawula badhe Paduka paringi punapa? Dene anggen kawula tilar donya punika badhe tanpa anak, temtunipun Eliezer tiyang Damsyik punika ingkang badhe nggadhahi sabarang darbek kawula.”

3. Unjuke Rama Abram maneh: “Lah kawula boten Paduka paringi anak, pramila salah satunggaling rencang ingkang lair ing griya kawula punika ingkang badhe dados ahli-waris kawula.”

4. Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang Rama Abram, mangkene: “Dudu iku kang bakal dadi ahli-warisira, nanging kang bakal dadi ahli-warisira iya iku kang lair saka sira dhewe.”

5. Rama Abram banjur diirid medal ing jaba sarta dipangandikani: “Sira tumengaa marang ing langit lan lintange etungen, yen sira bisa ngetung cacahe.” Tumuli disambeti pangandika maneh: “Iya samono bakal cacahe turunira.”

6. Rama Abram kumandel marang Sang Yehuwah, mangka iya iku kang kaetang dening Yehuwah dadi kasampurnane.

7. Karodene pangandikane Sang Yehuwah marang Rama Abram maneh: “Ingsun iki Yehuwah kang wus ngirid sira metu saka Ur-Kasdim; marga bakal Sunparingi tanah iki dadi darbekira turun-tumurun.”

8. Unjuke Rama Abram: “Dhuh Yehuwah Allah, sarana punapa anggen kawula sumerep, bilih tanah punika badhe dados gadhahan kawula?”

9. Tumuli dipangandikani: “Ingsun jupukna pedhet wadon kang umur telung taun, wedhus kang umur telung taun, wedhus gembel lanang kang umur telung taun, manuk deruk siji lan piyik dara siji.”

10. Kabeh mau iya banjur padha kajupuk kagem Sang Yehuwah sarta padha disigari, sigaran siji lan sijine diselehake adhep-adhepan, mung manuke kang ora disigar.

11. Bareng ana manuk galak padha nyamber sembelehan mau, banjur padha digusahi dening Rama Abram.

12. Bareng srengenge meh surup, Rama Abram saking aripe banjur sare kepati. Panjenengane banjur kalimputan ing peteng ndhedhet lelimengan kang nggegirisi.

13. Sang Yehuwah banjur ngandika marang Rama Abram: “Wruhanira ing satemene, turunira bakal dadi wong manca ana ing tanah kang dudu duweke, sarta bakal padha ngawula lan katindhes nganti patang atus taun lawase,

14. nanging bangsa kang dikawulani iku iya bakal Sunukum. Sawuse mangkono bakal padha metu budhalan kalawan nggawa raja-darbe akeh banget.

15. Nanging sira iku bakal lunga awor karo leluhurira kanthi tentrem rahayu, anggonira kakubur samangsa wus akeh umurira.

16. Turunira kang kaping pat bakal bali mrene maneh, marga sadurunge iku durakane bangsa Amori durung katog.”

17. Kacarita bareng srengenge wus surup lan wus peteng, tumuli katon ana pawon kumelun lan obor murub kang lumaku metu ing saselane sigaran-sigaran daging mau.

18. Ing dina iku Sang Yehuwah damel prasetyan karo Rama Abram, pangandikane: “Turunira bakal Sunparingi tanah iki, wiwit saka kali ing Mesir nganti tekan ing bengawan gedhe Efrat,

19. yaiku tanahe bangsa Keni, bangsa Kenas, bangsa Kadmon,

20. bangsa Het, bangsa Feris, bangsa Refaim,

21. bangsa Amori, bangsa Kanaan, bangsa Girgasi lan bangsa Yebus.”