Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 38 Kitab Sutji (JAV)

Caritane Yehuda lan Tamar

38:1-30

1. Kacarita nalika samana Yehuda lunga ninggal para sadulure lan mondhok ing omahe wong Adulam, jenenge Hira.

2. Ana ing kono Yehuda weruh anake wadon wong Kanaan jenenge Syua, iku nuli diepek somah lan banjur kumpul.

3. Wong wadon mau temah ngandhut sarta nglairake anak lanang kang dijenengake Er.

4. Sawuse mangkono somahe mau banjur nglairake anak lanang maneh dijenengake Onan.

5. Tumuli nglairake anak lanang sapisan engkas, anake mau dijenengake Syela. Anggone nglairake mau nalika Yehuda pinuju ana ing Khezib.

6. Sawuse iku Yehuda nggolekake jodho Er anake pembarep, jenenge Tamar.

7. Nanging Er pembarepe Yehuda iku ora ndadekake keparenge Sang Yehuwah, mulane dipateni dening Sang Yehuwah.

8. Yehudah banjur tutur marang Onan: “Kowe kumpula karo tilas somahe kakangmu, iku epeken bojo, kowe dadia gegentine kakangmu, supaya kowe menehana turun marang kakangmu.”

9. Nanging sarehne Onan ngreti yen turun mau ora bakal dadi duweke dhewe, mulane saben kumpul karo somahe kakangne, wijine diruntuhake ing bumi, supaya aja nganti nuwuhake turun kanggo kakangne.

10. Pratingkah mangkono mau ora ndadekake keparenge Sang Yehuwah, mulane Onan uga dipateni.

11. Yehuda banjur tutur marang Tamar mantune: “Anggonmu dadi wulanjar iku manggona ing omahe bapakmu bae, nganti anakku Syela wus gedhe,” marga osike atine mangkene: “Aja nganti mati kaya kakangne karo pisan.” Tamar nuli lunga manggon ana ing omahe bapakne.

12. Sawuse antara lawas somahe Yehuda anake Syua ngajal. Bareng Yehuda wus lipur, banjur lunga menyang Timna nunggoni wong-wong kang padha mbathili wedhuse, bebarengan karo Hira mitrane wong Adulam.

13. Tamar nuli diwartani mangkene: “Bapakmu maratuwa lagi lunga menyang Timna perlu mbathili wedhus.”

14. Tamar banjur ngrucat penganggone wulanjar, sarta kudhungan nganti brukut, banjur mapan linggih ing gapura Enaim ing dalan kang anjog ing Timna, mulane mangkono awit weruh yen Syela wus gedhe, mangka ora diomah-omahake dadi sisihane Syela.

15. Yehuda bareng weruh Tamar mau, dikira bangsane wanita tuna-susila, marga ing raine dikudhungi.

16. Lakune banjur marani wong wadon kang ana ing pinggir dalan mau karo celathu: “Ayo, kowe arep dakjak turu!” Awit ora ngreti yen wong wadon iku mantune dhewe. Ature Tamar: “Kula badhe panjenengan paringi punapa, manawi kula panjenengan dhawuhi ndherek sare?”

17. Wangsulane: “Kowe bakal dakkirimi cempe siji.” Ature Tamar: “Nanging kula panjenengan paringi cepengan, saderengipun panjenengan ngintunaken ingkang panjenengan janjekaken punika.”

18. Pitakone Yehuda: “Cekelan apa kang kudu dakwenehake kowe?” Ature Tamar: “Sesupe cap panjenengan tuwin kalung punapa dene teken ingkang panjenengan asta punika.” Iku iya tumuli diwenehake, banjur diwori turu, temah ngandhut marga saka Yehuda.

19. Sawuse mangkono Tamar banjur ngadeg sarta lunga, ngrucat kudhunge lan menganggo sandhangan wulanjar maneh.

20. Yehuda tumuli ngirimake cempene lumantar mitrane wong Adulam, kagawe nebus barang cekelan saka tangane wong wadon mau, nanging ora ketemu.

21. Banjur takon marang wong ing sacedhake kono: “Tiyang estri tuna-susila ingkang sabenipun linggih wonten pinggir margi dhateng Enaim ngriki punika, sapunika wonten pundi?” Wangsulane kang ditakoni: “Ngriki boten wonten tiyang estri tuna-susila!”

22. Wonge banjur bali nemoni Yehuda, pangucape: “Wonge wadon tuna-susila ora ketemu, malah pangucape wong-wong ing sacedhake kono: Ngriki boten wonten wanita tuna susila!”

23. Yehuda banjur celathu: “Iya wis kareben barange cekelan diepek, anggere ora gawe wirangku kabeh bae! Cempe iki nyatane wus dakkirimake, nanging kowe ora bisa ketemu karo wonge wadon iku.”

24. Kacarita watara telung sasi Yehuda dikabari: “Tamar, putra mantu panjenengan lampah bedhang, malah sampun ngandheg anggenipun bebedhangan punika.” Yehuda banjur ngucap: “Wonge gawanen metu, supaya diobong!”

25. Bareng digawa metu, wong wadon mau tumuli kongkonan wong kandha marang maratuwane mangkene: “Anggen kula ngandheg punika kaliyan tiyang jaler ingkang gadhah barang-barang punika.” Sarta ature maneh: “Sumangga ta panjenengan titik, sinten ingkang gadhah sesupe cap kaliyan kalung tuwin teken punika?”

26. Anadene Yehuda ora pangling marang barang-barang iku, tumuli celathu: “Dudu aku, nanging wong wadon iku kang bener, marga pancen ora dakolehake anakku si Syela.” Lan sabanjure wong wadon mau wus ora tau dicedhaki maneh.

27. Kacarita nalika wus tumeka ing leke anggone bakal nglairake anak, lah bayine kang ana ing guwa-garba iku kembar.

28. Lan sajrone nglairake, kelakon bayine salah siji ngetokake tangane, iku banjur dicekel dening bidhane, tangane ditaleni nganggo lawe abang tuwa; bidhane tumuli ngucap: “Iki kang lair dhisik!”

29. Nanging bareng tangane ditarik lumebu maneh, banjur sadulure kang lair, bidhane banjur ngucap: “Wah pancen rosa temenan kowe, dene bisa ndhisiki metu!” Mulane bocahe dijenengake Peres.

30. Sawuse mangkono adhine kang tangane ana lawene abang tuwa mau lair; dene iku dijenengake Zerah.