Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 37 Kitab Sutji (JAV)

Yusuf lan para sadulure

37:1-11

1. Anadene Rama Yakub iku pamanggene ana ing tanah tilas pamanggone kang rama neneka, iya iku ing tanah Kanaan.

2. Iki critane tedhak-turune Rama Yakub. Yusuf nalika umur pitulas taun, dadi isih enom, kulina angon raja-kaya bebarengan karo sadulur-sadulure, anake Bilha lan Zilpa garwane kang rama, sarta Yusuf iku ngaturake marang kang ramane bab pialane para sadulure.

3. Rama Israel anggone ngasihi Yusuf ngluwihi para sadulure liyane kabeh, marga Yusuf iku laire nalika Rama Yakub wus sepuh; sarta Yusuf digawekake jubah kang becik banget.

4. Bareng sadulure padha ngreti yen kang rama anggone ngasihi Yusuf kinacek karo liyane, temah Yusuf disengiti lan ora gelem ngaruh-aruhi klawan ulat sumeh.

5. Ing sawijining dina Yusuf ngimpi, impene mau banjur dicaritakake marang para sadulure, temah sadulure saya mundhak maneh sengite.

6. Marga celathune marang para sadulure: “Coba rungokna impen kang dakimpekake iki:

7. Aku lan kowe lagi padha mbenteli gandum ana ing pategalan; bentelanku nuli ngadeg jejeg, dene bentelanmu banjur padha teka ngubengi lan sujud nyembah marang bentelanku.”

8. Ing kono para sadulure padha ngucap: “Apa kowe kepengin ngratoni aku iki kabeh?” Temahan saya mundhak maneh sengite jalaran saka impene lan tembunge iku.

9. Yusuf banjur ngimpi maneh, iku iya dicaritakake marang para sadulure, pangucape: “Lah aku ngimpi maneh: Srengenge, rembulan sarta lintang sawelas padha katon sujud lan nyembah ana ngarepku.”

10. Bareng bab iki dicaritakake marang kang rama lan para sadulure, temah didukani dening kang rama: “Impen apa ta impenmu iku? Mangsa ta yen aku, ibumu lan para sadulurmu bakal padha sumungkem ing bumi ana ing ngarepmu?”

11. Sadulur-sadulure dadi padha ewa marang Yusuf, nanging kang rama nyathet iku ing sajroning panggalihe.

Yusuf didol menyang tanah Mesir

37:12-36

12. Ing sawijining dina para sadulure padha angon raja-kayane kang rama ana ing jajahan Sikhem.

13. Rama Israel tumuli ngandika marang Yusuf: “Kamas-kamasmu rak lagi padha angon raja-kaya ana jajahane Sikhem. Mulane kowe dakkongkon niliki mrana!” Ature Yusuf: “Sandika.”

14. Banjur pangandikane maneh: “Kowe mranaa, tilika kaslametane sadulur-sadulurmu lan kaslametane raja-kaya, mengko aku kandhanana!” Mangkono Rama Yakub anggone utusan Yusuf saka ing lebake Hebron lan banjur wis tekan ing Sikhem.

15. Bareng Yusuf lagi mlaku mrana-mrene ana ing ara-ara, banjur kapethuk sawijining wong lanang kang ngaruh-aruhi: “Sampeyan madosi punapa?”

16. Wangsulane Yusuf: “Kula madosi sadherek-sadherek kula, kula mugi sampeyan tedahaken wonten ing pundi anggenipun sami angen?”

17. Celathune wong mau: “Sampun sami kesah saking ngriki, awit kula mireng anggenipun sami reraosan: Payo padha menyang Dhotan.” Dadine Yusuf banjur nusul para sadulure, sarta padha ketemu ana ing Dhotan.

18. Saka kadohan Yusuf wus diawasake tekane, sadurunge nyedhak para sadulure mau padha sarujukan golek akal supaya bisaa mateni Yusuf.

19. Anggone guneman mangkene: “Lah kae delengen, si juru ngimpi kita teka!

20. Kang iku payo padha dipateni lan dicemplungake ing salah sijining sumur iku, nuli mengko dikandhakake yen dimangsa kewan galak; mengko kita bakal weruh kapriye kadadeane impene iku.”

21. Bareng Ruben krungu kang kaya mangkono, sedyane arep nguwalake Yusuf saka tangane para sadulure, pangucape: “Aja nganti kita pateni ta!”

22. Pituture Ruben: “Aja nganti ngwutahake getih, cemplungna sumur kang ana ing pasamuwan kono bae! Mung aja kokkapak-kapakake!” Iku pamurihe supaya bisa ngluwari Yusuf saka tangane para sadulure lan diulihake marang kang rama.

23. Kacarita bareng Yusuf lagi bae tekan ing ngarepe para sadulure, tumuli diuculi jubahe, iya jubah kang endah banget kang lagi dianggo iku.

24. Banjur dilarak lan dicemplungake ing sumur. Sumur mau asat, ora ana banyune.

25. Sawuse mangkono banjur padha mangan kembulan. Bareng padha ndengengek, weruh ing kadohan ana kapilah bangsa Ismael kang teka saka Gilead, untane padha momot damar, balsem lan blendok lod, arep digawa menyang tanah Mesir.

26. Celathune Yehuda marang para sadulure: “Untunge apa yen kita mateni adhi kita lan ndhelikake getihe?

27. Payo padha didol bae marang wong Ismael kae, nanging aja nganti kita kapak-kapakake, marga iku sadulur kita, kulit daging kita.” Sadulure padha manut kabeh.

28. Kacarita nalika ana sudagar-sudagar Midian liwat, Yusuf dientasake saka ing jero sumur, lan didol marang wong Ismael, payu rong puluh sekel salaka; Yusuf banjur digawa menyang ing tanah Mesir.

29. Bareng Ruben mbaleni sumur mau, tetela Yusuf wus ora ana ing jero sumur, tumuli nyuwek-nyuwek panganggone.

30. Banjur mbaleni para sadulure, pangucape: “Bocahe wus ora ana, lah aku menyang ngendi paranku?”

31. Sawuse mangkono banjur padha njupuk jubahe Yusuf lan nyembeleh wedhus, lan jubahe dicelupake ing getihe.

32. Jubah kang endah banget mau dikirimake katur kang rama, kanthi diweling mangkene: “Punika anggen kula sami manggih. Sumangga, bapak kula aturi nitik, punika jubahipun ingkang putra punapa sanes?”

33. Bareng Rama Yakub niti-priksa jubah mau, nuli ngandika: “Iki jubahe anakku, mesthi anakku wus dimangsa ing sato galak lan wus disempal-sempal.”

34. Rama Yakub banjur nyuwek-nyuwek jubahe, sarta ngagem bagor diubedake ing bangkekane apadene gawe patangisan nganti pirang-pirang dina, marga saka putrane mau.

35. Para putrane kakung lan putri padha sumedya nglipur, nanging ora kersa dilipur, pangandikane: “Ora! Aku tetep sedhih, nganti aku wus mudhun nusul anakku menyang ing teleng palimengan.” Mangkono Rama Yakub anggone muwuni Yusuf putrane.

36. Anadene Yusuf didol dening wong Midian mau menyang ing tanah Mesir, marang Sang Potifar, punggawane Sang Prabu Pringon, panggedhening prajurit tamtama.