Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 11 Kitab Sutji (JAV)

Menara Babil

11:1-9

1. Anadene wong sajagad iku padha tunggal basa lan tunggal tembung.

2. Kacarita bareng padha lumaku mangetan, banjur weruh ara-ara jembar ing tanah Sinear, tumuli padha manggon ana ing kono.

3. Banjur padha rasanan: “Payo padha nyithak bata lan diobong kang mateng.” Batane kanggo watu pasangan, lan kang digawe lepane aspal.

4. Pangucape maneh: “Payo padha yasa kutha, nganggo menara kang pucake sundhul langit, supaya jeneng kita dadi misuwur lan kita aja nganti pating slebar ana ing salumahe bumi.”

5. Sang Yehuwah tumuli tumedhak karsa mirsani kutha lan menara kang lagi dibangun dening para anaking manungsa mau;

6. sarta pangandikane Sang Yehuwah: “Lah wong-wong iku padha tunggal bangsa lan tunggal basa; iki lagi wiwitaning kekarepane, mengko rak bakal wus ora kena diendhakake apa kang dadi sedyane.

7. Payo, Kita padha tumedhak lan ngisruhake basane, supaya siji lan sijine aja nganti ngreti basane.”

8. Mangkono dadine Sang Yehuwah mbubarake wong-wong mau saka ing kono menyang ing salumahing bumi, temahan padha kandheg anggone padha yasa kutha.

9. Mulane tilase mau diarani: Babil, marga ana ing kono Sang Yehuwah anggone ngisruhake basane wong-wong ing salumahing bumi, lan saka ing kono Sang Yehuwah anggone mbuyarake wong-wong mau menyang ing salumahing bumi.

Para turune Sem

11:10-26

10. Iki tedhak-turune Sem. Sem nalika umur satus taun, anak-anak Arpakhsad, antara rong taun sawuse banjir gedhe.

11. Sawuse anak-anak Arpakhsad, isih diganjar umur maneh limang atus taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

12. Arpakhsad nalika umur telung puluh lima taun, duwe anak Selah.

13. Sawuse anak-anak Selah, Arpakhsad mau isih diganjar umur maneh patang atus telu taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

14. Selah nalika umur telung puluh taun, duwe anak Eber.

15. Sawuse anak-anak Eber, Selah isih diganjar umur maneh patang atus telu taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

16. Eber nalika umur telung puluh papat taun, duwe anak Peleg.

17. Sawuse anak-anak Peleg, Eber mau diganjar umur maneh patang atus telung puluh taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

18. Peleg nalika umur telung puluh taun, duwe anak Rehu.

19. Sawuse anak-anak Rehu, Peleg isih diganjar umur maneh rong atus sanga taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

20. Rehu nalika umur telung puluh loro taun, duwe anak Serug.

21. Sawuse anak-anak Serug, Rehu mau isih diganjar umur maneh rong atus pitu taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

22. Serug nalika umur telung puluh taun, duwe anak Nahor.

23. Sawuse anak-anak Nahor, Serug mau isih diganjar umur maneh rong atus taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

24. Nahor nalika umur sanga likur taun, duwe anak Terah.

25. Sawuse anak-anak Terah, Nahor mau isih diganjar umur maneh satus sangalas taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

26. Terah nalika umur pitung puluh taun, duwe anak Abram, Nahor lan Haran.

Pratelan turune Terah

11:27-32

27. Iki tedhak-turune Terah. Terah anak-anak Abram, Nahor lan Haran, sarta Haran anak-anak Lut.

28. Haran ngajal ndhisiki Terah bapakne, ana ing tanah kalairane, yaiku ing tanah Ur-Kasdim.

29. Abram lan Nahor padha omah-omah, somahe Abram jenenge Sarai lan somahe Nahor jenenge Milka, anake Haran, bapakne Milka lan Yiska.

30. Anadene Sarai mau gabug ora duwe anak.

31. Terah nuli ngajak Abram lan Lut putune, anake Haran, apadene Sarai somahe Abram, budhal saka ing tanah Ur-Kasdim sedyane menyang tanah Kanaan; bareng lakune tutug ing tanah Haran, tumuli padha manggon ing kono.

32. Umure Terah iku rong atus lima taun, banjur ngajal ana ing Haran kono.