Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 46 Kitab Sutji (JAV)

Rama Yakub saputra-wayahe boyongan menyang ing tanah Mesir

46:1-34

1. Rama Israel banjur budhal dalah sakagungane kabeh, bareng tindake rawuh ing Bersyeba tumuli nyaosake kurban sembelehan konjuk marang Allahe kang rama Iskak.

2. Gusti Allah ngandika marang Rama Israel sajroning wahyu ing wayah bengi, dhawuhe: “Yakub, Yakub!” Unjuke: “Kawula nuwun, kula.”

3. Pangandikane Gusti Allah: “Ingsun iki Allah, iya Allahe bapakira, sira aja wedi lunga menyang Mesir, awitdene ana ing kana sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe.

4. Ingsun piyambak kang nunggil lakunira menyang Mesir lan uga kang bakal ngirid lakunira bali maneh, karodene tangane Yusuf kang bakal ngeremake mripatira.”

5. Rama Yakub tumuli tindak saka ing Bersyeba, dene para putrane Rama Israel kang mboyong Rama Yakub ramane, dalah anak-somahe dhewe-dhewe padha nunggang kreta kintunane Sang Prabu Pringon kang dianggo mapag.

6. Karodene iya padha nggawa raja-kayane lan barang darbeke, oleh-olehane ana ing tanah Kanaan. Banjur kabeh wus padha tekan ing tanah Mesir, yaiku Rama Yakub lan satedhake kabeh, padha bebarengan karo panjenengane.

7. Para putra lan wayahe lanang lan wadon, satedhake kabeh padha diboyongi menyang ing tanah Mesir.

8. Iki jenenge para putrane Rama Israel kang padha teka ing Tanah Mesir, yaiku Rama Yakub lan para tedhake: Pembajenge Rama Yakub iku Ruben.

9. Anak-anake Ruben: Henokh, Palu, Hezron lan Karmi.

10. Anak-anake Simeon: Yemuel, Yamin, Ohad, Yakhin lan Zohar, sarta Saul anake wong wadon Kanaan.

11. Anak-anake Lewi: Gerson, Kehat lan Merari.

12. Anak-anake Yehuda: Er, Onan, Syela, Peres lan Zerah, nanging Er lan Onan wus padha mati ana ing tanah Kanaan; lan anak-anake Peres yaiku: Hezron lan Hamul.

13. Anak-anake Isakhar: Tola, Pua, Ayub lan Simron.

14. Anak-anake Zebulon yaiku: Sered, Elon lan Yahleel.

15. Iku mau para turune Ibu Lea patutan saka Rama Yakub ana ing Padan-Aram, samono uga Dina putrane putri. Dadi putra wayahe lanang wadon iku gunggunge kabeh telung puluh telu.

16. Anak-anake Gad yaiku: Zifyon, Khagi, Syuni, Ezbon, Eri, Arodi lan Areli.

17. Anak-anake Asyer yaiku: Yimna, Yiswa, Yiswi lan Beria, lan sadulure wadon jenenge: Serah. Anak-anake Beria yaiku: Heber lan Malkiel.

18. Iku mau anak-putune Zilpa, selir anggone menehi Laban marang anake wadon Lea; dadi Zilpa anggone patutan karo Yakub iku gunggunge nembelas.

19. Putrane ibu Rakhel garwane Rama Yakub, yaiku: Sang Yusuf lan Benyamin.

20. Sang Yusuf ana ing Mesir peputra Manasye lan Efraim, patutan karo Sang Putri Asnat putrane putri Sang Potifera imam ing On.

21. Anak-anake Benyamin yaiku: Bela, Bekher, Asybel, Gera, Naaman, Ekhi, Rosy, Mupim, Hupim lan Ared.

22. Iku para putrane Ibu Rakhel patutan saka Rama Yakub, kabeh gunggunge jiwa patbelas.

23. Anake Dhan: Husim.

24. Anak-anake Naftali yaiku: Yahzeel, Guni, Yezer lan Syilem.

25. Iku anak-putune Bilha, yaiku selir anggone menehi Pak laban marang Ibu Rakhel, anake wadon; dadi Bilha olehe patutan karo Yakub iku gunggunge jiwa pitu.

26. Sakehe wong kang ndherek Rama Yakub menyang Mesir, yaiku para putrane, kejaba somahe para putrane, kabeh gunggunge sawidak nem.

27. Karodene putrane Sang Yusuf kang miyos ana ing tanah Mesir iku cacahe loro. Dadi brayate Rama Yakub kang teka ing tanah Mesir iku kabeh gunggunge pitung puluh.

28. Yehuda diutus dening Rama Yakub ndhisiki tindake nemoni Sang Yusuf, supaya Sang Yusuf nemoni kang rmaane ana ing tanah Gosyen. Wasana lakune padha tekan ing tanah Gosyen.

29. Sang Yusuf banjur dhawuh ngrakiti kretane sarta tindak methukake kang Rama Israel menyang Gosyen. Bareng wus ketemu karo kang rama, banjur ngrangkul janggane lan suwe pamuwune ana ing astane Rama Yakub.

30. Rama Israel banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Wis, saiki aku trima mati, dene wus bisa nyawang kowe lan weruh yen kowe isih urip.”

31. Sang Yusuf tumuli ngandika marang para sadhereke lan marang brayate kang rama: “Aku dakngadhep marang Sang Prabu Pringon, ngunjuki uninga: Sadherek kawula saha brayatipun bapa kawula, ingkang manggen wonten ing tanah Kanaan, sampun sami dhateng ing panggenan kawula.

32. Wondene tiyang-tiyang punika panggaotanipun sami angen menda, amargi sami ngingah raja-kaya, sarta mendanipun lembunipun, saha sadaya barang darbekipun sampun sami dipun bekta.

33. Kang iku samangsa kowe ditimbali Sang Prabu Pringon sarta kadangu: Panggaotanmu apa?

34. Kowe nuli munjuka: Abdi dalem punika sami ngingah raja-kaya wiwit alit mila ngantos sapriki, inggih kawula, inggih para leluhur kawula. Iku supaya kowe padha diparengna manggon ana ing tanah Gosyen.” Awitdene wong Mesir iku nganggep nistha marang kabeh pangon wedhus.