Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 48 Kitab Sutji (JAV)

Rama Yakub mberkahi Manasye lan Efraim

48:1-22

1. Kacarita sawuse lelakon iku mau Sang Yusuf kaaturan uninga: “Rama dalem gerah!” Sang Yusuf tumuli ngajak putrane loro, Manasye lan Efraim.

2. Bareng Rama Yakub diaturi uninga: “Lah punika ingkang putra Sang Yusuf rawuh martuwi panjenengan.” Rama Israel tumuli ngiyat-ngiyatake sarirane lan lenggah ana ing pasareane.

3. Rama Yakub banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Gusti Allah Kang Mahakawasa, wus ngatingali aku ana ing Lus ing tanah Kanaan lan mberkahi aku,

4. sarta aku dipangandikani: Lah sira bakal Sundadekake bebranahan lan tangkar-tumangkar, sarta Sundadekake gegolonganing bangsa. Apadene turunira bakal Sunparingi tanah iki dadi ebeke ing salawas-lawase.

5. Kang iku anakmu loro kang laire patutan karo kowe ana ing tanah Mesir, sadurunge aku teka mrene, iku padha dadia anakku; Efraim lan Manasye dadia anakku padha kaya Ruben lan Simeon.

6. Nanging turunmu kang laire sawuse iku, tetepa dadi duwekmu, nanging bab anggone tampa warisan kagolongna atas jenenge sadulure loro mau.

7. Dene mungguh aku iki, nalika tekaku saka ing Padan, kepaten Rakhel ana ing tanah Kanaan ing dalan kang wus ora pati adoh karo Efrata, nuli dakkubur ana ing kono, ing pinggir dalan kang anjog ing Efrata,” -- iya iku Betlehem.

8. Nalika Rama Israel mirsani para putrane Sang Yusuf, tumuli ndangu: “Iku sapa?”

9. Ature Sang Yusuf marang kang rama: “Punika anak kula peparingipun Gusti Allah wonten ing ngriki.” Pangandikane Rama Yakub: “Cedhakna ing ngarepku kene, arep dakwenehi berkah.”

10. Nanging paningale Rama Israel wus lamur marga saka sepuhe, dadi wus ora bisa mirsani kanthi cetha. Sawuse padha dicedhakake ana ing ngarsane, banjur diarasi sarta dirangkuli.

11. Rama Israel banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Aku ora nyana yen bakal bisa ndeleng kowe maneh, nanging saiki Gusti Allah malah marengake aku ndeleng turunmu uga.”

12. Sang Yusuf banjur ngundurake putrane saka ing antarane jengkune kang rama, banjur tumungkul sungkem ing bumi.

13. Nuli putra sakarone padha diasta dening Sang Yusuf, Efraim ing asta tengen, madhep ing sisih kiwane kang rama, lan asta kiwa ngasta Manasye, kaprenah ing tengene kang rama, banjur dicedhakake ing ngarsane.

14. Nanging Rama Israel anggone ngulungake astane tengen ditumpangake ing sirahe Efraim, sanadyan iku kang nom, lan astane kiwa ing sirahe Manasye, dadi anggone numpangake astane kagawe trajangan, mangka Manasye iku kang pembajeng.

15. Tumuli mberkahi marang Sang Yusuf:“Eyangku lan ramaku, Eyang Abraham lan Rama Iskak,tansah ngabekti marang Gusti Allah.Iya Gusti Allah iku kang dadi pangenkusajegku urip tekan saiki.

16. Sang Malaekat kang wusnguwalake aku saka sarupaning bebaya,muga karsaa mberkahi bocah-bocah anom iki,supaya dadia jalarane jenengku sarta asmane eyangku lan ramaku,iya Eyang Abraham lan Rama Iskakdadi misuwur marga saka bocah-bocah iki,sarta padha ngambra-ambranganti dadi akeh banget ana ing bumi.”

17. Bareng Sang Yusuf mirsa yen kang rama anggone numpangake astane tengen ana ing sirahe Efraim, iku kawawas kurang prayoga, mulane nyepeng astane kang ramane, arep dielih saka sirahe Efraim menyang sirahe Manasye.

18. Ature Sang Yusuf marang kang ramane: “Sampun makaten, rama, awitdene punika ingkang pembajeng, astanipun rama ingkang tengen mugi katumpangna ing sirahipun.”

19. Nanging kang rama ora karsa, pangandikane: “Aku wus weruh engger! Iya wus weruh aku; iku iya bakal dadi bangsa lan gedhe pangwasane, ewasamono adhine bakal ngungkuli kakangne, lan turune adhine bakal dadi golonganing bangsa kang gedhe.”

20. Bocah loro mau tumuli diberkahi ing dina iku, pangandikane: “Kalawan nyebut jenengmu Israel anggone bakal padha andum berkah, tembunge: Gusti Allah muga ndadekna kowe kaya Efraim lan Manasye.” Mangkono dadine Efraim diprenahake ing ngarepe Manasye.

21. Sawuse mangkono Rama Israel banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Lah ora suwe maneh aku bakal mati, nanaging Gusti Allah bakal nunggil karo kowe lan kowe bakal padha diulihake menyang tanahe leluhurmu.

22. Lan kowe dakpandumi ngluwihi para sadulurmu, gegere gunung kang dakrebut saka ing tangane wong Amori sarana pedhang lan panahku.”