Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 16 Kitab Sutji (JAV)

Ibu Hagar lan Ismael

16:1-16

1. Anadene Ibu Sarai, garwane Rama Abram iku ora kagungan putra. Panjenengane kagungan abdi wadon bangsa Mesir jenenge Hagar.

2. Ibu Sarai matur marang Rama Abram: “Lah ta, kula dipun ganjar gabug dening Sang Yehuwah, temah boten gadhah anak, sumangga kula aturi mundhut abdi estri rencang kula punika, bokmanawi kula angsal anak saking rencang wau.” Rama Abram ndhahar ature Ibu Sarai,

3. lan Ibu Sarai garwane Rama Abram nuli ngaturake Hagar abdine wadon wong Mesir mau marang Rama Abram kang raka dadi garwane; kelakone prakara iku nalika Rama Abram wus dedalem sepuluh taun ana ing tanah Kanaan,

4. Rama Abram banjur ngrawuhi Ibu Hagar, lan iku kelakon ngandhut. Nanging bareng rumangsa yen wus ngandhut, banjur ngremehake bendarane putri.

5. Ibu Sarai tumuli matur marang Rama Abram: “Bab anggenipun nyakitaken manah kula punika, panjenengan ingkang tanggel-jawab, kula sampun ngaturaken rencang estri wau dhateng panjenengan, nanging sapunika sareng rumaos wawrat, kok lajeng nyepelekaken kula. Sang Yehuwah mugi paring kaleresan ing antawisipun kula kaliyan panjenengan.”

6. Rama Abram banjur ngandika marang Ibu Sarai: “Lah ta baturmu iku ana ing panguwasamu, tandukana apa kang kokrasa patut!” Ibu Sarai banjur nindhes kang banget marang Ibu Hagar, satemah iku banjur minggat.

7. Nanging Sang Malaekate Yehuwah tumuli manggihi Ibu Hagar ana ing sacedhake belik ing pasamunan, iya iku belik ing dalan kang anjog ing Syur.

8. Banjur dipangandikani: “Hagar, abdine Sarai, saka ngendi sira iku lan menyang ngendi paranira?” Unjuke Ibu Hagar: “Kawula minggat saking ngarsanipun bendara kawula Sarai.”

9. Sang Malaekate Yehuwah banjur ngandika marang Ibu Hagar: “Sira balia marang bendaranira lan nungkula marang ing pamengkune.”

10. Karomaneh dipangandikani dening Sang Malaekate Yehuwah mangkena: “Turunira bakal Suntangkarake dadi akeh banget, nganti ora kena dietung, awit saka akehe.”

11. Sang Malaekate Yehuwah tumuli mangandikani maneh: “Lah sira iku lagi ngandhut, lan bakal nglairake anak lanang, iku sira jenengna Ismael, awitdene Sang Yehuwah wus nguningani kasangsaranira.

12. Anakira mau bakal kaya kuldi alas, tangane bakal nglawan saben wong lan iya bakal genten dilawan dening saben wong, sarta pamanggone bakal ana ing ngarepane para kadange.”

13. Ibu Hagar tumuli nyebut asmane Sang Yehuwah kang mangandikani mau: “Paduka punika El-Roi”, sabab pangunandikane: “Aku ana ing kene rak wus ndeleng Panjenengane kang mirsani aku?”

14. Mulane belik mau diarani: Sumur Lakhai-Roi, prenahe ana ing antarane Kadesy lan Bered.

15. Ibu Hagar banjur mbabar putra kakung patutan saka Rama Abram. Dene Rama Abram maringi asma marang putrane kang miyos saka Ibu Hagar mau: Ismael.

16. Anadene yuswane Rama Abram nalika Ibu Hagar peputra Ismael karo panjenengane mau wolung puluh nem taun.