Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 13 Kitab Sutji (JAV)

Rama Abram karo Lut Padha pepisahan

13:1-18

1. Rama Abram banjur tindak saka ing tanah Mesir dalah kang garwa lan sabarang kagungane kabeh, kondur menyang Tanah Negeb sarta Lut iya ndherek.

2. Anadene Rama Abram iku sugih raja-kaya, salaka lan mas.

3. Saka ing Negeb tindake kendal-kendel ing palereban nganti tekan ing sacedhake Betel; ing panggonan tancebe tarube kang dhisik, ana ing antarane Betel lan Ai,

4. ing panggonane misbyah kang diyasa maune ana ing kono, sarta Rama Abram banjur memuji ngluhurake asmane Sang Yehuwah.

5. Lut kang ndherekake tindake Rama Abram mau iya duwe wedhus, sapi lan tarub,

6. mangka tanah ing kono kurang kobet dienggoni bebarengan, marga raja-darbeke akeh banget, temahan padha ora bisa nunggal sapanggonan;

7. mulane pangone Rama Abram karo pangone Lut padha grejegan. Tanah kono nalika iku dienggoni bangsa Kanaan lan Feris.

8. Mulane Rama Abram banjur ngandika marang Lut: “Bok aja ana grejegan ing antarane aku lan kowe utawa ing antarane pangonku lan pangonmu, kita rak padha sadulur.

9. Tanah iki kabeh rak ngeblag ana ing ngarepmu! Bok iya ta kowe misaha saka aku, manawa kowe milih mangiwa, aku dakmanengen, manawa kowe milih manengen, aku dakmangiwa.”

10. Lut nuli ndeleng lan sumurup yen tanah ngare saurute bengawan Yarden iku loh jinawi. Sadurunge Sang Yehuwah nggempur Sodom lan Gomora, memper patamanane Sang Yehuwah, iya kaya tanah Mesir tekan ing Zoar.

11. Marga saka iku Lut milih tanah ngare saurute bengawan Yarden, sarta banjur budhal mangetan; mangkono anggone padha pepisahan.

12. Dene Rama Abram tetep pamanggene ana ing tanah Kanaan, sarta Lut manggon ing kutha-kutha ing lembahe bengawan Yarden, lan anggone ngadegake tarube nganti tekan ing sacedhake Sodom.

13. Wong-wong ing Sodom iku padha ala kelakuane lan gedhe durakane ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

14. Sawuse Rama Abram ditilar misah dening Lut, Sang Yehuwah banjur ngandika mangkene: “Sira tumengaa, ndelenga saka ing papan anggonmu ngadeg mangalor lan mangidul, mangetan lan mangulon;

15. awitdene tanah kang sira deleng iku kabeh bakal Sunparingake marang sira lan turunira ing salawase.

16. Lan turunira bakal Suntangkarake dadi kaya lebune bumi, dadine manawa ana kang bisa ngetung lebune bumi, turunira iya bakal kena dietung.

17. Sira mangkata, ndlajahana tanah iku nurut alang lan ujure, awitdene iku bakal Sunparingake marang sira.”

18. Rama Abram nuli mbedholi tarube kabekta tindak, wasana manggen ing cedhak alas tarbantin ing Mamre caket karo Hebron, ana ing kono banjur yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah.