Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 17 Kitab Sutji (JAV)

Tetak minangka pratandha prajanjiane Gusti Allah kalawan Rama Abraham

17:1-27

1. Nalika Rama Abram yuswa sangang puluh sanga taun, diketingali dening Sang Yehuwah sarta kadhawuhan mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira lumakua ana ing marginingSun lan ditanpa cacad.

2. Ingsun bakal damel prasetyan ing antarane Ingsun lan sira, Ingsun bakal nangkarake sira nganti dadi akeh banget.”

3. Rama Abram tumuli sumungkem ing bumi, sarta dipangandikani dening Gusti Allah mangkene:

4. “Tumrap Ingsun yaiki prasetyaningSun karo sira, yen sira bakal dadi leluhure bangsa akeh.

5. Jenengira sabanjure aja Abram, nanging Abraham, marga sira iku wus Suntamtokake dadi leluhure golonganing bangsa.

6. Ingsun bakal ndadekake sira tangkar-tumangkar nganti akeh banget, temah sira bakal dadi bangsa pirang-pirang, lan sira bakal nurunake para raja;

7. karodene Ingsun bakal nganakake prajanjian ing antarane Ingsun kalawan sira saturunira nganti turun-tumurun dadi prasetyan kang langgeng, supaya Ingsun dadi Allahira lan Allahe turunira.

8. Sarta maneh sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kang sira enggoni kayadene wong neneka, iya tanah Kanaan iki kabeh, dadi darbekira langgeng salawase, lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahe.”

9. Karodene pangandikane Gusti Allah marang Rama Abraham maneh: “Dene sira, sira netepana prasetyaningSun, iya sira dalah turun-turunira.

10. Iki prasetyaningSun kang kudu sira tetepi, prajanjian ing antarane Ingsun lan sira dalah turun-turunira, yaiku supaya sadhengaha panunggalanira kang lanang katetakana.

11. Sira padha netakana ikutira, iku kang minangka pratandhaning prasetyan ing antarane Ingsun lan sira.

12. Anak kang umur wolung dina iku katetakana, yaiku saben anak lanang ing antaranira nganti turun-tumurun, dalah kang dudu turunira kang lair ana ing omahira utawa kang dituku sarana dhuwit saka sadhengah bangsa.

13. Dadia kang lair ing omahira, dadia kang katuku sarana dhuwitira, kabeh iku poma padha sira tetakana, satemah prasetyaningSun iku ana ing dagingira dadi prasetyan kang langgeng.

14. Anadene wong lanang kang ora ditetaki, yaiku kang ora katetakan ikute, wong kaya mangkono iku katumpesa saka ing antarane wong-wong golonganing bangsane; iku ngrusak prsetyaningSun.”

15. Gusti Allah ngandika maneh marang Rama Abraham: “Sarai somahira iku aja sira sebut Sarai maneh, nanging Sara, iku dadia jenenge,

16. iku bakal Sunberkahi, dene sira iya bakal Sunparingi anak lanang patutan saka somahira iku, lan iya bakal Sunberkahi temah bakal dadi ibune bangsa pirang-pirang, lan bakal nurunake para raja.”

17. Rama Abraham banjur sumungkem konjem ing bumi karo gumujeng, pangunandikane: “Wong kang wus umur satus taun apa kelakon anak-anak, lan Sara kang wus umur sangang puluh taun iku apa iya bakal nglairake anak?”

18. Unjuke Rama Abraham marang Gusti Allah: “Mugi Ismael kemawon Paduka parengaken gesang wonten ngarsa Paduka!”

19. Nanging pangandikane Gusti Allah: “Ora, sanyata somahira Sara bakal nglairake anak patutan saka sira, iku sira jenengna Iskak, karo Iskak iku Ingsun bakal nganakake prajanjianingSun dadi prasetyan kanggo marang turun-turune.

20. Dene mungguh Ismael iku, panyuwunira iya Sunjurungi, lah iku iya bakal Sunberkahi lan Sundadekake bebranahan sarta Suntangkarake dadi akeh banget, apadene bakal nurunake raja rolas, lan bakal Sundadekake bangsa kang gedhe.

21. Nanging prasetyaningSun iku bakal Sunanakake karo Iskak, kang bakal lair saka Sara patutan saka sira besuk taun ngarep pendhake mangsa iki.”

22. Sawuse rampung anggone mangandikani mangkono mau, Gusti Allah banjur sumengka nilar Rama Abraham.

23. Sawuse mangkono Rama Abraham banjur mundhut Ismael putrane lan sakehe para abdi kang lair ana ing daleme sarta abdi kang sarana katuku ing dhuwit, sadhengaha kang lanang kang tinemu ana ing daleme, iku pada ditetaki ikute ing dina iku uga, kaya kang kadhawuhake dening Gusti Allah marang panjenengane.

24. Rama Abraham nalika supit yuswane sangang puluh sanga taun,

25. lan Ismael putrane disupiti nalika yuswa telulas taun.

26. Bareng sadina iku uga Rama Abraham anggone kasupitan karo kang putra Ismael;

27. lan sakehe wong lanang kang ana ing daleme, dadia kang lair ana ing kono, dadia kang katuku kalawan dhuwit saka bangsa liya, pada ndherek katetakan kabeh bareng karo panjenengane.