Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 7 Kitab Sutji (JAV)

Banjir gedhe

7:1-24

1. Sawuse mangkono Sang Yehuwah nuli ngandika marang Rama Nuh: “Sira lan sabrayatira kabeh padha lumebua ing prau, amarga sira iku Sunpirsani tinemu resik ana ing antarane jinis iki.

2. Sarupane kewan kang kalal sira njupuka pitung jodho, lanang lan wadon, dene kewan kang ora kalal iku mung sajodho-sajodho, lanang lan wadon.

3. Mangkono uga manuk ing awang-awang iya mitung jodho, lanang lan wadon, supaya kenaa kanggo bibit ana ing salumahe bumi.

4. Amarga pitung dina engkas, Ingsun bakal nekakake udan ing bumi lawase patang puluh dina patang puluh bengi, sarta sakehing dumadi karyaningSun bakal Sunsirnakake saka ing salumahe bumi.”

5. Rama Nuh nuli ngestokake apa sadhawuhe Sang Yehuwah kabeh.

6. Nalika tekane banjir gedhe kang ngelebi bumi, yuswane Rama Nuh nem atus taun.

7. Rama Nuh tumuli lumebet ing prau dalah para putrane, kang garwa lan garwane para putrane, marga saka tekane banjir mau.

8. Kewan kang kalal lan kang ora kalal apa dene manuk lan kabeh kang rumangkang nlosor lan gumremet ana ing bumi,

9. iku padha mara nekani Rama Nuh ana ing prau sajodho-sajodho, kaya kang dadi dhawuhe Gusti Allah marang Rama Nuh.

10. Kacarita sawuse antara pitung dina mau, banyune banjir gedhe ngelebi bumi.

11. Nalika yuswane Rama Nuh wus nyandhak nem atus taune, ing sasi kapindho tanggal pitulas, sakehe umbule samodra-raya kang nggegirisi padha bedhah lan cendhelaning langit padha kabukak,

12. tumuli kelakon udan deres banget gumrojog ing bumi lawase patang puluh dina patang puluh bengi.

13. Ing dina iku uga Rama Nuh dalah Sem, Kham lan Yafet para putrane, garwane Rama Nuh sarta garwane para putrane padha munggah ing prau,

14. iku kabeh dalah sakehe sato-kewan warna-warna, kewan ingon-ingon warna-warna, tuwin sakehe kewan rumangkang nlosor lan gumremet kang ana ing bumi warna-warna, lan sawernane manuk yaiku kabeh kang mawa elar lan suwiwi.

15. Kabeh kang urip lan duwe nyawa mau padha nekani Rama Nuh lumebu ing prau nyajodho.

16. Kang padha nekani iku lanang lan wadon saka sarupaning makhluk kang urip, kaya kang kadhawuhake dening Gusti Allah marang Rama Nuh. Lan sawuse mangkono lawange prau diinebake dening Sang Yehuwah ana ing saburine Rama Nuh.

17. Anadene banjir gedhe mau anggone ngelebi bumi patang puluh dina; banyune saya agung njalari praune kangkat mumbul saka ing bumi.

18. Banyune saya wuwuh lan saya agung ngedab-edabi ngungkuli bumi, satemah praune kumambang ana ing lumahing banyu.

19. Wasana undhake banyune luwih dening banget mratani salumahing bumi, nganti kelakon nutupi gunung-gunung kang dhuwur-dhuwur ing sangisore langit.

20. Gunung-gunung mau kungkulan banyu kang saya wuwuh iku nganti limalas asta, temahan padha kasasaban,

21. lan sarupane titah kang mobah-mosik ana ing bumi padha mati kabeh: bangsaning manuk, kewan ingon-ingon, buron alas, sarupane kewan rumangkang nlosor lan gumremet kang kumroyok ana ing bumi, dalah sakehe manungsa padha mati.

22. Sadhengah kang mawa ambekaning nyawa urip ing bolonganing irunge, sapira kang ana ing dharatan, iku pada mati kabeh.

23. Mangkono kadadeane sarupaning tumitah kang ana ing lumahing bumi, padha katumpes dening Gusti Allah, wiwit saka manungsa tekan kewan rumangkang nlosor lan gumremet sarta manuk ing awang-awang, padha tumpes sirna saka ing bumi, mung Rama Nuh piyambak kang isih sugeng lan kabeh kang katut ana ing prau.

24. Anadene banyune anggone tetep ngungkuli bumi lawase nganti satus seket dina.