Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 10 Kitab Sutji (JAV)

Pratelan bab para turune Sem, Kham lan Yafet

10:1-32

1. Iki tedhak-turune para putrane Rama Nuh: Sem, Kham lan Yafet. Anggone padha kaparingan anak sawuse banjir gedhe.

2. Turune Yafet yaiku: Gomer, Magog, Madai, Yawan, Tubal, Mesekh lan Tiras.

3. Turune Gomer: Askenas, Rifat lan Togarmah.

4. Turune Yawan: Elisa, Tarsis, bangsa Kitim lan bangsa Dodanim.

5. Iku padha nurunake bangsa-bangsa kang pencar-pencar ngenggoni tanah pasisir wengkone para bangsa. Yaiku turune Yafet, mawa-mawa tanahe, basane, golongane lan bangsane.

6. Turune Kham yaiku: Kusy, Misraim, Put lan Kanaan.

7. Turune Kusy: Seba, Hawila, Sabta, Raema lan Sabtekha; lan turune Raema: Syeba lan Dedan.

8. Kusy anak-anak Nimrod; iku wong kang miwiti duwe pangwasa ana ing bumi;

9. dadi juru mbebedhag kang gagah prakosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah, jalaran saka iku nganti ana pocapan: “Kaya Nimrod pambedhag kang gagah prakosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah.”

10. Karajane kang wiwitan yaiku Babil, Erekh, Akad lan Kalne ing tanah Sinear.

11. Saka kono banjur menyang ing Asyur yasa kutha Ninewe, Rehobot-Ir lan Kalakh,

12. apadene Resen ana ing antarane Ninewe lan Kalakh, iku kutha kang gedhe.

13. Misraim nurunake bangsa Ludim, bangsa Anamim, bangsa Lehabim, bangsa Naftukhim,

14. bangsa Patrusim, bangsa Kaslukhim lan bangsa Kaftorim, yaiku kang nurunake bangsa Filisti.

15. Kanaan nurunake Sidon, iku anake pambarep lan Het,

16. apadene bangsa Yebusi, bangsa Amori, bangsa Girgasi,

17. bangsa Hewi, bangsa Arki lan bangsa Sini,

18. bangsa Arwadi, bangsa Semari lan bangsa Hamati. Ing tembe bangsa Kanaan iku banjur sumebar.

19. Wilayahe bangsa Kanaan iku, yaiku wiwit saka ing Sidon, ing urute Gerar tekan ing Gaza, ing penere Sodom, Gomora, Adma lan Zeboim tutug ing Lasa.

20. Iku mau turune Kham, pamanggone mawa-mawa golongane, basane, tanahe lan bangsane.

21. Sem, leluhure bani Eber, sadulure tuwa Yafet, iku iya duwe anak.

22. Tedhak-turune Sem yaiku: Elam, Asyur, Arpakhsad, Lud lan Aram.

23. Tedhake Aram: Us, Hul, Geter lan Mas.

24. Arpakhsad anak-anak: Selah lan Selah anak-anak: Eber;

25. Eber duwe anak lanang loro, kang siji jenenge Peleg, marga nalika samana bumi kabage, dene adhine jenenge Yoktan;

26. Yoktan nurunake Almodad, Selef, Hazar-Mawet, Yerakh,

27. Hadoram, Uzal, Dikla,

28. Obal, Abimael, Syeba,

29. Ofir, Hawila lan Yobab; iku mau kabeh padha turune Yoktan.

30. Wilayahe wiwit saka ing Mesa tutug ing Sefar ing pagunungan sisih wetan.

31. Iku mau padha turune Sem, miturut golongane, basane, tanahe lan bangsane.

32. Kabeh mau tedhak-turune Rama Nuh, miturut kang pada nurunake, miturut bangsa-bangsane. Iku padha nurunake bangsa-bangsa kang pating prenca pamanggone ana ing bumi sawuse banjir gedhe.