Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 21 Kitab Sutji (JAV)

Miyose Iskak

21:1-7

1. Kacarita Sang Yehuwah nuweni marang Ibu Sara, kaya kang wus dipangandikakake lan Sang Yehuwah karsa nandukake marang Ibu Sara kaya kang wus diprasetyakake.

2. Ibu Sara nggarbini sarta mbabar putra kakung patutan saka Rama Abraham nalika Rama Abraham wus sepuh, ing waktu kang wus ditetepake, cocog karo pangandikaning Allah marang panjenengane.

3. Putrane kang mentas miyos, kang miyos saka Ibu Sara, iku diparingi asma Iskak dening Rama Abraham,

4. sarta Rama Abraham banjur nyupiti kang putra Iskak, nalika yuswa wolung dina, ngetrepi dhawuhe Gusti Allah marang panjenengane.

5. Rama Abraham yuswa satus taun nalika kang putra Iskak mau miyos.

6. Ibu Sara banjur ngandika: “Gusti Allah damel aku gumuyu, sapa kang krungu bab iki, mesthi bakal gumuyu marga saka aku.”

7. Sarta maneh pangandikane: “Dhek biyen sapa kang bisa ngandhani marang Rama Abraham: Sara nusoni anak? Ewadene aku wus nglairake anak lanang, nalika panjenengane wus sepuh.”

Ibu Hagar lan Ismael katundhung dening Rama Abraham

21:8-21

8. Kacarita putra mau saya mundhak gedhe, banjur disapih. Rama Abraham nganakake pista gedhen nalika dina panyapihe Iskak mau.

9. Nalika iku Ibu Sara mirsa putrane Ibu Hagar wong Mesir patutan karo Rama Abraham moyoki marang Iskak,

10. banjur matur marang Rama Abraham: “Rencang tumbasan punika dalah anakipun panjenengan dhawuhi kesah saking ngriki, margi anakipun rencang tumbasan punika boten badhe tumut angsal warisan kaliyan anak kula Iskak.”

11. Atur mangkono iku ndadekake renguning galihe Rama Abraham, marga saka kang putra.

12. Nanging pangandikane Gusti Allah marang Rama Abraham: “Aja nganti dadi rengune atinira marga saka bocahe lan baturira; apa sapanjaluke Sara marang sira iku turutana, awitdene trah kang saka Iskak iku kang bakal kasebut turunira.

13. Ewasamono anake baturira iku iya bakal Sudadekake bangsa gedhe, marga iku iya wijinira.”

14. Esuke umun-umun Rama Abraham wungu, mundhut roti lan banyu saimpes diparingake marang Ibu Hagar katumpangake ing pundhake, mangkono uga si bocah, sawuse banjur didhawuhi lunga. Ibu Hagar tumuli mangkat, nanging lakune kesasar ana ing pasamunan Bersyeba.

15. Bareng banyune ing impes wus entek, bocahe banjur diselehake ana ing sangisoring grumbulan.

16. Ibu Hagar banjur menyat ndhewe sarta lungguh dohe watara sapamanah, pangunandikane mangkene: “Aku ora tegel ndeleng bocahe anggone arep mati.” Sawuse mapan lungguh, banjur ngulukake swarane lan nangis.

17. Gusti Allah miyarsa sambate si bocah, Sang Malaekate Allah banjur nguwuh marang Ibu Hagar saka ing akasa, pangandikane: “Hagar, ana apa? Aja kuwatir, marga Gusti Allah wus miyarsakake pasambate si bocah ana ing panggonane ngglethak.

18. Ngadega! Bocahe tangekna, tuntunen marga bakal Sundadekake bangsa gelengan gedhe.”

19. Gusti Allah banjur mbikak mripate Ibu Hagar, satemah weruh ana belik, tumuli diparani lan impese diiseni banyu sarta bocahe diombeni.

20. Anadene Gusti Allah nunggil karo si bocah, temahan saya mundhak gedhe lan pamanggone ana ing pasamunan dadi juru manah.

21. Pamanggone ana ing pasamunan Paran, sarta digolekake sisihan dening ibune saka ing tanah Mesir.

Rama Abraham gawe prajanjian karo Sang Prabu Abimelekh

21:22-34

22. Kacarita nalika samana Sang Prabu Abimelekh karo Sang Pikhol senapatine ngandika marang Rama Abraham, tembunge: “Gusti Allah sampun nunggil kaliyan panjenengan ing sadaya prakawis ingkang panjenengan tindakaken.

23. Pramila ing sapunika sumangga kula aturi supaos dhateng kula demi Gusti Allah wonten ing ngriki, bilih panjenengan boten badhe nyidrani dadosa dhateng kula, utawi dhateng anak-anak kula saha tedhak-turun kula; panjenengan nandukna kasaenan dhateng kula saha dhateng nagari ingkang panjenengan dunungi kadosdene tamu punika, kados anggen kula sampun nandukaken kasaenan dhateng panjenengan.”

24. Ature Rama Abraham: “Inggih kula supaos!”

25. Nanging Rama Abraham nutuh marang Sang Prabu Abimelekh, prakara sumur kang direbut dening para abdine.

26. Pangandikane Sang Prabu Abimelekh: “Kula boten sumerep, sinten ingkang tumindak makaten punika, saha panjenengan ugi boten paring sumerep dhateng kula, wartosipun kula saweg mireng dinten punika.”

27. Rama Abraham banjur mundhut wedhus lan sapi diaturake Sang Prabu Abimelekh, sarta sakarone banjur pada damel prajanjian.

28. Nanging Rama Abraham miyambakake cempe gembel wadon pitu saka panthan mau.

29. Sang Prabu Abimelekh banjur ngandika marang Rama Abraham: “Cempe gembel pitu ingkang panjenengan piyambakaken punika, punapa pikajengipun?”

30. Atur wangsulane Rama Abraham: “Cempe gembel pitu punika mugi panjenengan tampeni piyambak saking tangan kula, kangge pratandha bilih ingkang ndhudhuk sumur punika kula.”

31. Mulane panggonan iku katelah aran Bersyeba, marga ana ing kono sakarone anggone padha sumpah.

32. Sawuse damel prajanjian kaya mangkono mau ana ing Bersyeba, Sang Prabu Abimelekh banjur bidhal kadherekake Sang Pikhol senapatine, kondur menyang tanahe wong Filisti.

33. Rama Abraham ana ing Bersyeba mau nanem wit tamariska, sarta ngluhurake asmane Sang Yehuwah Allah kang sipat langgeng.

34. Rama Abraham anggone manggen neneka ana ing tanahe wong Filisti iku nganti antara lawas.