Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 14 Kitab Sutji (JAV)

Rama Abram ngawonake para ratu ing tanah Wetan lan mitulungi Lut

14:1-16

1. Kacarita nalika jamane Sang Prabu Amrafel, raja ing Sinear, Sang Prabu Ariokh raja ing Elasar, Sang Prabu Kedorlaomer raja ing Elam lan Sang Prabu Tideal raja ing Goyim,

2. raja-raja mau padha perang karo Sang Prabu Bera raja ing Sodom lan Sang Prabu Birsya raja ing Gomora, Sang Prabu Syinab raja ing Adma lan Sang Prabu Syemeber raja ing Zeboim, lan raja ing Bela iya iku Zoar.

3. Para ratu iku padha sabiyantu lan ngempal ana ing lebak Sidim yaiku Segara Uyah.

4. Rolas taun lawase anggone wus padha kabawah ing Sang Prabu Kedorlaomer, nanging bareng nyandhak telulas taune banjur padha mbalela,

5. nalika nyandhak patbelas taune, Sang Prabu Kedorlaomer karo para raja kang mbiyantu padha nggecak bangsa Refaim ing Asyterot-Karnaim, bangsa Zuzim ing Ham, bangsa Enim ing Syawe-Kiryataim

6. lan bangsa Hori ing pagunungane Seir, nganti tekan ing El-Paran, kang kaprenah ana ing sapinggire pasamunan.

7. Sawuse iku banjur padha bali njujug ing En-Mispat, iya iku Kadesy sarta nggecak jajahane bangsa Amalek, mangkono uga bangsa Amori kang manggon ing Hazezon-Tamar.

8. Raja ing Sodom, raja Gomora, raja Adma karo raja Zeboim, raja ing Bela, iya iku ing Zoar, padha nata wadya-balane ana ing lebak Sidim, arep lumawan ing perang

9. nglawan marang Sang Prabu Kedorlaomer raja ing Elam, Sang Prabu Tideal raja Goyim, Sang Prabu Amrafel raja ing Sinear lan Sang Prabu Ariokh raja ing Elasar, raja papat mungsuh raja lima.

10. Anadene lebak Sidim iku akeh sumure aspal. Bareng raja Sodom lan Gomora padha keplajeng banjur kecemplung ana ing kono, kekarene pada ngungsi menyang pagunungan.

11. Sabarang darbeke wong Sodom lan Gomora tumuli padha dijarah-rayah dening mungsuh dalah tandhone pangan, banjur padha bali.

12. Lut kaponakane Rama Abram dalah sabarang duweke iya katut kabandhang, marga manggon ana ing Sodom.

13. Nuli ana sawijining wong kang keplayu ngaturi uninga marang Rama Abram wong Ibrani, kang dedalem cedhak karo alas tarbantin ing wewengkone Mamre, wong Amori sadulure Eskol lan Aner kang padha mbiyantu Rama Abram.

14. Rama Abram bareng midhanget yen putrane sadhereke kabandhang, tumuli ngangkatake para wonge kang wus kalatih, yaiku para abdi-abdine kang laire ana ing daleme, cacahe telung atus wolulas, banjur mburu mungsuhe nganti tutug ing Dhan.

15. Lan ing wayah bengi wong-wong tumuli diperang-perang, yaiku Rama Abram lan para abdine mau, mangkono anggone arep nglawan mungsuhe, temah bisa ngalahake mungsuhe, kang banjur dioyak-oyak nganti tutug ing Hoba, kang kaprenah ing salore kutha Damsyik.

16. Sakehe raja-darbe kang kabandhang bisa karebut bali, karodene Lut kadange lan sabarang duweke iya diulihake, mangkono uga para wong wadon lan rakyate.

Rama Abram pepanggihan karo Sang Prabu Melkisedhek

14:17-24

17. Raja Sodom methukake Rama Abram nalika kondur saka nggecak raja Kedorlaomer dalah para raja kang padha mbiyantoni ana ing Lebak Syawe, iya iku Lebak Raja.

18. Anadene Sang Prabu Melkisedhek raja ing Salem, kang jumeneng imaming Allah Kang Mahaluhur, ngasta roti lan anggur,

19. sarta mberkahi marang Rama Abram, pangandikane: “Sadherek Abram mugi kaberkahana dening Gusti Allah Ingkang Mahaluhur ingkang nitahaken langit lan bumi.

20. Sarta pinujia Gusti Allah Ingkang Mahaluhur, dene sampun masrahaken mengsah jengandika wonten ing asta jengandika.” Rama Abram banjur ngaturake saprasepuluhe barang bandhangan mau.

21. Raja ing Sodom banjur ngandika marang Rama Abram: “Tiyangipun mugi jengandika paringaken dhateng kula, dene menggah raja-darbe kula aturi mundhut.”

22. Nanging Rama Abram matur marang raja ing Sodom: “Kula supaos demi Sang Yehuwah, Allah Ingkang Mahaluhur, ingkang nitahaken langit lan bumi,

23. bilih kula boten badhe mendhet sadhengah punapa ingkang dados kagungan dalem sadaya, dadosa namung benang saeler utawi tangsuling trumpah, supados panjenengan dalem sampun ngantos ngandika: Kang nyugihake Abram rak aku.

24. Manawi kula sampun ngantos pisan-pisan! Namung punapa ingkang sampun dipun tedha dening para rencang saha pandumanipun ingkang sami mbiyantu panglurug kula, inggih punika Aner, Eskol kaliyan Mamre, kajengipun mendhet bageanipun piyambak-piyambak.”